Pupuh XVIII MIJIL
01
Indhang Sukati awewekas jati, maring
sang dewi reko, poma-poma nini aja aweh, panduman salamet benjing, si kacung
den eling, sandenge tumuwuh.
02
Ya pacuwan ilok akakaca dhiri, kakaca
angilo, iya kacung kon pantang sandenge, ora kena ngilo dhiri, tuwin ngilo
caremin, tuwin ngilo banyu.
03
Pan mulane pantang ngilo carmin,
krana iku wong, asal sing kono anane, saking kaca timbole dadi, mula ja den
kakacani, embok pulih watu.
04
Pulih watu lebar ingkang jati, poma
den angartos, dadi braja aris wangsulane, inggih kasuhun ing sihe nyai, yen tan
ana nyai, tangtu ical ruru.
05
Tedhakane kacung Linggawesi, boten
dados ewong, galang gulung wikan jenenge, dupi ika saking pun nyai, kang paring
kamarin, saprakawis nuhun.
06
Inggih minanten langgeng pakeling,
prakara samono, ing saweweling ing nyai sakabeh, kang sumeja kula ati-ati, miwah
ta ing benjing, pun kacung aemut.
07
Kula emutaken tan ing benjing, den
sampuna angartos, ing basa basuki jalma kabeh, datan wande kula wanti-wanti,
pun kacung kapenging, akaca ing besuk.
08
Ya tan Indhang Sukati wus pamit,
kantun prabu kolot, Prabu Ciyungwanara langkung sukane, prayayine den baraseni,
den embang tumuli, pinajengan agung.
09
Pan binakta munggah sitinggil,
ginrabeg kabrabon, lan kadhingdhang saruni salompret, calapitaka lawan suling,
sinowara gelis, dening sang prabu.
10
Prabu Ciyungwanara sru angling, la
iki dengartos, kawula menak pra kuwu sakabeh, iki jabang wus sun istreni,
angadeg narpati, nyuluri kang lampus.
11
Pan sinebut Prabu Linggawesi, ing
Sundha sang katong, ya pragul menak sakabeh, pan gurumu samya matur inggih, sarta
den sauri, ing ketuk anglugur.
12
Geledhuging gurbaning ukir, kakseni
den mangko, Linggawesi ing mangke ingistren, ngadeg ratu sing jabang bayi,
enggal murud sami, malebet ing kadhatun.
13
Nelakaken prayayi sartaning,
angandika reka, Parwatali Talibarat mangko, enggonira jaga ngati-ati, maring si
kacung aji, den becik atunggu.
14
Kaponakan aja sira cenger ngarsi,
kang babasan embok, aja gampangaken salir gawe, kang kalawan angati-ati, embok
banaspati, kaya mau-mau.
15
Sapa wruha nyamber jabang bayi, la
sira sakaro, ora liyan ingkang patut molek, arumaksa maring jabang bayi, mung
sira sakalih, ingkang luwih patut.
16
Prabu jabang si Linggawesi, ya ta ika
karo, Parwatali Talibarat, atur sembah ing sandika ugi, anulya sang aji, prabu
sepuh mantuk.
17
Mring daleme wus acakapti, kocap sang
katong, prabu jabang ing salami-lamine, Talibarat lan Parwatali, ingkang ngaubi
maring, (?) kalekanipun.
18
Prabu jabang ya sang Linggawesi,
diwegira mangko, umur tigang tahun jejege, darbe manah berag ing pawestri, sing
aistri manjing, ing tobong den susul.
19
Pan bagane dipun rogohi, dipun
ingok-ingok, wong jro pura agawok atine, dening iki majikan cilik, patute wus
esir, maring wadon iku.
20
Dening ora kaliwat sawiji, ingkang
manjing tobong, iya padha den sirik sakabeh, sarta lamon ing mangsa ing wengi,
yen waktu nyarengi, wadon padha turu.
21
Den wiyak kapati den grayangi,
ingiling den tonton, dadi enggo dodolan duwena, pareng tangiya iku nuli, ora
dhing-dhing kelir, den rengkot den rangkul.
22
Den arasi den pareng ing istri, kang
ati sumonggon, iya sida kuwel pareng karasmen, saoli-olihing cilik, tandhinge
pawestri, wis gopek sakrangulu.
23
Ya pinangrengkangi budi teni, kang
putra samono, ratu Brajawati age, memetheti ingkang para istri, kang cilik kang
becik, pira-pira puluh.
24
Den go selir ingkang putra aji,
langkung den gegembyong, den pantha-pantha adi warnane, den embani sinureni,
dipun wiwidahi, burat ganda arum.
25
Kadya sekara sataman kang asri,
warna-warni katon, kadya lintang gumelar aneng, langit warna ing para selir,
ingkang cilik-cilik, ing watara umur.
26
Nelung tahun istri becik-becik, wus
pating pancorong, sinijang abrit sakabeh, parandene prabu Linggawesi, tan karsa
nyangkrami, istri cilik iku.
27
Karanane ingkang wus bibit, kang
dhenok kang sempwo, kang mragaga dedege gedhe, kang wis sarwa gamoling kapti,
mangkana sang aji, suk ing karsanipun.
sumber: http://djayalove999.blogspot.com
Tidak ada komentar:
Posting Komentar