Rabu, 11 Juli 2012

PUPUH II PANGKUR

PUPUH II PANGKUR

01
Angir-angir ing buwana, pangaline rara nama Mundhing Jamparing, lan kang namane sinebut, Kalibadhaglolopak, kang kinarsa angirupi para ratu, para idhang kang primanca, nagara urut pesisir.


02
Nyata sang roro ponggawa, sampun mentar kalawan idhine pati, naklukaken para umbul, para dhangan pasir panjang, sang dhang bana Ujung kulon wus anungkul, Pasir Adu Pulangdhang, sura sowan sabrang pati.

03
Banten …. Ujung Maladha, Menak Lampung sadasa kang ngapti, dhumateng sang Raja Ciyungwanara Pajajaran, apa maning sang dhang Jakerta panadhun, Jograt Lantan Tawangpadhang, Karawang lan Ujungmilir.

04
Losaribang kulon miwa, Palimanan Carbon Girang katiti, Jepun kulon gumulung, Indramayu lan Kondha, sang Srijunti sang Kalana Kandhanghaur, sadasa akedhep samya, ing Pakuan Pakuaji.

05
Amung siji ingkang nyelap, ingkang ngambek sucira angrasawani, iya iku nama ratunipun, Raja Mongkara, aneng Ujung Batagonggang …ipun, estu tan arsa kedhepa, ing titah ….aji.

06
Kocap bala Pajajaran, seja lurug dhatmakaning kulilip, pirang-pirang bala maju, daman pangunjung tanah, bala Sundha ngadhaning rangseng padha kawur, dhening prahara lautan, tanpa sangkan breking angin.

07
Wong Sundha ingkang prawara, pirang-pirang ambalan tan budhihi, tan maju kadhadhak kawur, tiba ing sawah-sawah, ing tetelar aniba pating talumpuk, lir walang kawur prahara, manglkana sandhenging wani.

08
Salamine ing ngayuda, datan ana wau ingkang ngucili, enggal pan sira alaju, yika Badhak lolopak, sabab bareng rereping kang lisus, den age caked….., anila bimi ning angin.

09
Nadyan …. lan jajal, pan pinanggih lan Sindhang Mongkara aji, yaganal pamuwusipun, la iki kene apa, wong Kajiwa bumi re gelem nyangkul tembene ya ing amendhak, ingkang kadhang raja iki.

10
Puniki bumi Pasubdhan, ingkang estu warise juragan Ahing, pusaka sang Prabu Galuh, kang wus merad susirna, mangkana Ratu Sundha kang dhadha susulur, amisesa sasigar Jawa, iki kang si rajeneki.

11
Kukubaning Ratu Sundha, apa gawe si rajenak ing riki, den ora gelem anungkul, ya para age bu………, ana jenek enggon kene sira iku, ….. kang ora suka, dhen dhadhi kulilip.

12
Raja Mongkara panabda, Lalangkara ewong dadi kulilip, lawan Anglangkara ratu, adhuweni buwana, pan buwana Dhangwinta ingkang ngawangun, ratu mung ngaku kewala, padha ewong ambeneki.

13
Padha bae suwaningwang, apa bidhane tunggal enggoning bumi, sira ingkang selang gumun, ambeg sawenang-wenang, budhi kethek napsunira kaya asu, Badhak Lolopak jal Kidang, anubruk dhateng sang aji.

14
Sigra sang Raja Mongkara, matek mantra dhal emesal menginggil, anyepak maring kang musuh. Kontal Badhak Lolopak, niba tangi anubruk mali dencawuk, den balangaken …., tiba tangi ngudhak maning.

15
Dedupak malih kapental, ora meneng-meneng abalik maning, anuli sira den cawuk, binalangaken tebah, nuli prapti ika wau ingkang lisus, kawur si Badhak Lolopak, kabereg-bereg ing agin.

16
Tan kena aju narajang, kasektening Mongkara wantuning, putraning Bramana Laut, mila Dhikbo samana, semunira karsa angadhoni ratu, ingkang mangkono ngadheg anyar, ana ingsun ya negari.

17
Ora kaya Ciyungwanara, jar akathi Indang Gunung Sakathi, ingkang kaparing …, ing Munting Jamparing, aja sira papa … iku, balikan sulusupana, api-api saha ngabdi.

18
Kawula nana ngendhatna, yen wis kanggep tungkuling wong aurip, colongen ika kang tuhu, ing Kahuripanne raja, kang dhen wadhali Beruk Kalapaciyung, den wus kaebut kang jimat, mangsa suweya sasakti.

19
Yata munting Jamparing, lumaksana sawisiking Yangnini, ing Batagonggang angulun, watara satus dina, wus uninga pancing surupe Yangwiku, Beruk jimate Mongkara, pan gawa minggal tumuli.

20
Katur ingarsaning Ingdhang awan, Munting Jamparing angadhepi, maring panusuling musuh, yata kang bala Mongkara, gumarudug anusul …. ipun, ….. padha soroh ambek pejah, wong … angladosi.

21
Ramya ingkang pancaraga, papaning bala mapan saolih-olih, bala Pajajaran kondur, sinerong ing amukan, wadya maju Badhak Lolopak alaju, bala Mongkara kokalan, kondur dening Badhak muring.

22
Raja Mongkara naraji, Badhak Lolopak sampun kawalik-walik, satengah pejah dhen pupuh, Munting Jamparing lawan, lami rowang anyekep marang sang ratu, Raja Mongkara sira, pan Silepe saking wingking.

23
Dug Munting Jamparing, pan satengah pejah den wali-walik, tan adangu Indhang Gunung, saka tiyang amba …., … jejel paring pitulung, andhawuhi kang udhan krama, Raja Mongkara mudhidhing.

24
Angeles lumpuh entro raga, wus andhepok ing sihi tanpa sakti, yata prasami rinebut, ing bala Pajajaran, Raja Mongkara dhen asandhangi dhata tangsul, kasri ing babadhanira, miring Prabu Pakuaji. 

sumber: http://djayalove999.blogspot.com

Tidak ada komentar:

Posting Komentar