Rabu, 11 Juli 2012

PUPUH I DHANDHANGGULA

PUPUH I DHANDHANGGULA

01
Ingkang rinipta carita puniki, sasi kalih tanggal kaping sanga, Senen Wage ing rangkepe, pengeting tahunipun, tahun Be kang hijrah Nabi, sewu rongatus ika, punjul wolung puluh, ing tahun Be Punika, among angsal wolulas dinten nenggih, wau ingkang kalampah.


02
Awong dening kang anyerat iki, pan jenenge Kyai Serengrana, kang alinggih Pulasaren, mantrine Sultan Sepuh, pan kalangkung bodho tur langip, pan ora nalasamwa, ing tawilunipun, waktu anyerat punika, … umur seket tahun nem warsi, akatut kang …….

03
Nama samya ingkang sami kapti, amaosa carita punika, kang sastra langkung awone, akathah tanduk kang sigug, poma samya angapunteni, lan sampun caket pandam, sampun kari luwung, nyanggi talutuh ngalantang, lawan sampun nyaringin nang iku sami, ingkang sami sudi maca. 

04
Kang pinurwa Pajajaran Mangkin, samantuke sang Ciyungwanara, saking bumu Galuh nengge mentas praja ji wau, kali Ardhangbang awisik, si kakang kang mingetan, araga salimur, aneng alas Maostikta, pan si adhi mangulon ngadeg dewaji, ababaka nagara. 

05
….. Pajajaran sadakti, dawuh jengjenan kadang, Cipamali watesani, Ciyungwanara nurut, ngilen kali kang Ibu Dewi, Rara Kandhegkinarha, jimat tunggul payung, ingiringi pandhe dhomas, gumurudug ngilen wus dumugi maring, Babakan Pajajaran. 

06
Wus kapanggih lan Indang Sakati, kang pinangku panembahanira, kang gagandhi ing pilungguhe, sang Ciyung angadeg Ratu, iku Indang Gunung Saketi, kang dadi emban-emban, arjaning sapaku, sinawung galih liniga, kawula warga Sakati kang uri-uri, kang arjane sang nata. 

07
Cantrik Sakati ingkang anami, lawan wau kadangira, kang kocap ing namane, sikaki elu-elu, Ki Okesa kalawan malih, Empretmohe ya ika, kang sami amangun, angistreni lungguhira, Ciyungwanara angadedi Sribupati, ing Nagara Pakuwan. 

08
Wus rineka jati pangupami, umbul-umbul kulit wanara, ingkang acemeng ulese, akadi kulit lutung, kombala buntut sing asami, mangking kombala badhak, ing waos pangrenyu, godebak bungkul cabolan, kang ginawe rontek buntuk monyet dadi, sarengga-rengganing praja. 

09
Payung agung kulit maung kuning, marapit ing …. Sang Nata, sangkep sami kaprabone, …. Wus gemuk, kang ngaolatingkah negari, ical jenenging wana, dumadi praja gung, agenging kawula bala, pasar ageng pan samya suka ing ati, ing sadina-dina rena. 

10
Andrawina kang kawula alit, gemelane reyog ngimba sraya, tampingan gunung arame, dhog-dhog byos pan dharugdhug, kang tharokthok egar kapati, rame kang surak-surak, kidung sari baung, sundari alas langenan, kikitiran ing pucuking lingga sari, jemegur yen kaginan. 

11
Yen bondanan pandununging…., pan jumegur lir mariyem kang swara, kang winangun … unen-unen, ing siang lawan dalu, Maha Raja ing Pakuaji, Prabu Ciyungwana, riniyung ing sagung, warna rupaning sambawa, sato-sato kang bisa akata jalmi, sok lutung kidang ika. 

12
Kang mambangan ules gumaringsing, kebo bule bungkul kang pancal pat, padha icep bal makabe, gelap pon sami ngulun, angintali barat angabdi, iton-intin liwurkali, jurig dewa mambar, sabawaning ratu susupaning wasi, lir kang estu ajar padhang. 

13
Ajar Padhang ingkang dukmadhemit, ingkang murwa sagala jagat, ing Pajajaran tanggale nuli…., dhasar masih sedhepan daging, rai awujud buta, purwa sing Cialur, rarakandheg mila dadya, pangrampiging menak Cidahur nyungkemi, purwaning abal raja. 

14
Datan roro tetelu ing kapti, isa baisa Dipati Alurcenang, ing Pajajaran suude, santana kinabandu, ragem-ragem mariboting sih, sadasa sami prapta, akidang kandhuru, Kikandhuruwan babalban, seja tuhu genya karsa angabakti, amegeng sewakanira. 

15
Mangunaken sagung kapurati, lembah dhuwur lan pintu tundhaga, saha sri ing samandhepane, ngajangaken alun-alun, …. Pasowan panggenan aji, kang kepering angi … puraken gunung, limbung aning guwa santang, nengenaken sasagaran giri tasik, ngajengaken bomanta. 

16
Sabandare sing sabrang sumadhing, paningadhun sang Bima larang, Sri Jampang sarta jinggine, gul menak umbul adhu, rang-orange jinunjung inggil, anyakra kapatiyan, ing Sundha ginunggung, pating rangu rangu Sundha, pan sirnaning ratu sukma ing pati, amageng kawicaksanan.

17
Pan kapati kang duweni manis, cina Sundha kawilang lilima, ingkang kacepengan dene, Ki Ardha mangun gen trahe nenggih, ing Pahing dintenira, andhum wancinipun, anyepeng para gul menak, pasisihan utawi manca nagari, cekelan mangun gentra. 

18
Ki Tumenggung Sayoga nyepengi, ….ing sawancinira, angrekuricak cepenge, ing ayunan sang prabu, pan acaos basa ing aji, dupi ingkang kang nama, Demang Elu-elu, dine Wage jaganira, anyepengi putusan pra padungapti, ing bener lawan salah. 

19
Kang Ngabehi Lempretmonge kang jagi, dina Keliwon cinepengan, prajurit ing sawancine, ing ulu balang wau, sungga watang sarampang bandring, kukuh ing pat Pakuan, sinaroja umbul, dalem ingkang kuna-kuna, samya ngidhep ing Pajajaran angapti, nalika binathara. 

20
Ing Ciwindu anteng ….paning, dhalem Tepus nalika wong kuna ing Raja….., kidhalem kuwu agung, Sendang Cibuntu ing praja ngapti, dhalem demang kangene, sindhang kasimanut, lan ki dhalem Cintangbarang, dhalem Pakulada dhalem Pakuaji, dhalem Rangga Pakuan. 

sumber: http://djayalove999.blogspot.com

Tidak ada komentar:

Posting Komentar