Pupuh V ASMARANDANA
01
Ki Lurah Rawaprasmi, pamajegane
gugubar, iku Ratu kang dheres, pamajeganipun gula, Ki Lurah gurupadha,
pagantang pajeganipun, mangkana kang lurah wana.
02
Ateka yu kang lumari, kang sabandar
pajeg ira, kekendhangan kang isine, lelemes buwatan sabrang, ingkang lumampah
ing Sundha, kethang prunggu kang sinundhuk, ing tatali karompyangan.
03
Bolong-bolong kaya dhuwit, bendher
den cap sastra Sundha, kus jembar kahuripane, sawah tan mawi lalanjan, mung den
wis panepadha, atur catur baktinipun, wus dadi anak Pakuwan.
04
Palawijaning wong cilik, den elus
sakamya-kamya, ora nana pajegane, sailing-elinge padha, babakti ing majikan,
yen wis padha ngundhuh-undhuh, tangu gegel ing majikan.
05
Warnanen sang Pakuaji, ing salamine
amurba, ing Pajajaran tuwuhe, kewuhan dening kapadha, akarsa ing sang rara,
Purbasari naminipun, mingkung dhatan arsa krama.
06
Wanti naros ingkang yudi, ature wau
kang putra, tan arsa akrama ingong, sanadyan para nalendra, kang karsa dhateng
kula, besane lamon kinuwu, pinardhi ingwang tuwa.
07
Kaul alukan mati, sumadi isun akrama,
iku kang dadi pegele, manahe Ciyungwanara, re kang putra samana, tatambah wus
mider tepung, ora nana kang tumama.
08
Wus pirang-pirang pamuji, wiwiku lan
ajar-ajar, ponora tumama kabeh, japa mantra lan istiar, ora nana kang misata,
sang nata sanget gegetun, tumon adate kang putra.
09
Kalangkung bebek ing pikir, reiku
kang kinudhang, winadhang-wadhang wiyose, turunanira drapona, marna bangsa
raja, dhupi iku teka mingkung, tan ana turun tedhakan.
10
Du uwis amung sawiji, wadon tumuli
mangkana, tan kena den palar mangke, turunan lantaran krana, dupi den lumuh
krama, temah puthes anak putu, kang dadi bebeging manah.
11
Ratu Sabrang Ratu Jawi, kang asresewa
panglamar, iku dhipati Manglewat, saking anagara Tuban, lawan Dhipati Japara,
lawan Dhipati Cidah, lawan Arya Balangbangan.
12
Saking sabrang Raja Kelir, lan
Dhipati Singgapura, lan Arya Dhagdhagase, suradil pan titah raja, sakabeh ika
padha, anggondhel prakara iku, ing Prabu Ciyungwanara.
13
Ruru bae anggonturi, wus loba tanpa
wilangan, mila sanget kewuhane, enggone nari kang putra, dhadhak sakala ika,
Purbasari inggal mangun, tumanga geni sakala.
14
Ageng ilur sundhul ing langit,
marakbak kagila-gila, lir baronggong beledhoge, wuku pring apilar wangwa,
Purbasari dhuk sabda amit pejah rama prabu, den kula pinardi krama.
15
Alum kula anglabuhi tumangan geni
sakala, jasad kawula sanggine, tumpes aja katingalan, ing kadang ing ngakin,
den nama kumudu-kudu, kawula sumangga pejah.
16
Sumandika umalaki, kaprawasa dening
priya, tan kangkat to nandhang, wirang nekaringgit ing jasad kula, kang dados
sakiting manah, ajur kula dados awu, sama dening kula wirang.
17
Jaler punika kamangi, sasada susut
den wis waya, way kalereng anggepok, den sampun gepok ing rasa, mundure tut
sausap, atemah boten mambu, boten memper dhateng rasa.
18
Rasa kang sampun binukti, istri kang
kabobongganan, mila kula angedados, purnapa awu sahana, sang Prabu
Ciyungwanara, angandika aja babu, nini labuh geni sira.
19
Lan aki sumamung aji, mung sira tan
ana liyan, kang dadi ati ewuhe, sipat matane si rama, mongsa pira gesang,
sanadyan nama sihing rupa, anak putu den arampak.
20
Babarayan ngadek aji, ing kamukten
padha uman, padha bareng mukti kabeh, lan anak putu den rampak, ingson kang
urip dawa, anunggoni anak putu, sing purwa teka daksina.
21
Mangkana prangregep mami, Dewi
Purbasari girang, mintuhu sakadikane, kang rama kadi mangkana, nanging ika
tumangan, tan asung pinancas parum, masih munjuk kang dahana.
22
Den pinaksa alaki, sejane labuh
dahana, mila tumangan masihe, kang geni gupak cawisan, Den Purbasari medho,
wawadine kayak iku, ora jamak lan manusa.
23
Sang Ciyungwanara aji, sak akal budi
pandaya, amangsuli kang anggondhel, raja-raja atas sabrang, maredheng … maksa,
jamak istri asasdhu, tinari laki popoyan.
24
Mangsa wontena pawestri, tinaros
mangsuli iya, utawi kaluncurane, sesaengek jamak wanudya, tan nilapaken rama, den
jeng rama sampun asung, sang putri juwala purap.
25
Ciyungwanara mangsuli, den kula
pundhi kentasa, mangke kang dados parenge, kang suka punika rara, den sampun
bubudayan, karanten dan mangke tulus, dados awu lelebaran.
26
Ika iki kangngangking, kawula
kelangan anak, prandene den anakake, tan kaya dening dadaman, amung siji anak
kula, nuli ika temahan lampus, karinggi awak kawula.
27
Raja sabrang mangkeya angling, sak
lilaha ing jeng rama, aweyos geni jatine, tumangan kita pri pejah, rumuhun kita
lanat, sasampuning geni urut, kita sami medhek sowan.
28
Ling sang Putri Purbasari, andhadhanr
untunging awak, sing ngakenggep ing babajane, kang boten kanggep sanjata, ing
cilakane awak, tapi punika satuhu, boten dados pana sarana.
29
Panuhun raja tas angin, kasabrangan
pan sadaya, maketen ugi ciptane, memanten dados ing karsa, raja rama
Ciyungwanara, dipun jemba ing pamuhung, ing songonging kasabrangan.
30
Bilih boten angrakepti, ing adat
tabidat Sundha, nanging putra sabrang kabeh, rempage kadi mangkana, munggi kang
rama lila, saduka-duka kasuhun, anuhuning palamarta.
sumber: http://djayalove999.blogspot.com
Tidak ada komentar:
Posting Komentar