Pupuh VIII DURMA
01
Ya tawiyang ratu salawe nagara,
Mingsun dhahang ngayoni, ing geni sakala, apara ratu wira sakti, anyipta awan
deres kagiri-giri.
02
Ilen-ilen banjir bena amalabar, dupi
ika kang geni, amsih ngenak-enak, pon masih kaya saban, gawoke para narpati,
ana kang cipta, topan kagiri-giri.
03
Tampek geni iku ora kara-kara, dhatan
dhoyong samendhing, urube tan obah, kabenan dening topan, masih ngayeg ingkang
geni, ana kang nyipta gelap namber ing geni.
04
Parandene geni tan kage tan obah,
angger urubing geni, heran kang tuminggal, lan geni apa baya, guru gelap tan
mateni, waneh kang yipta udan kalalar wedhi.
05
Angebyuki ing geni tan kara-kara,
kaurungan ing wedhi, ora dadi apa, suraking bala Sundha, ningali ungguling api,
para sang nata, kang sami hebat ningali.
06
Karsa waneh ana ratu nrajang lan
pana, deni dipun panahi,lan sabalanira, padha angrobi pana, ya ora nana
ngudhili, kang geni waluya, kaya saban duk lagi.
07
Ana ingkang maju sabalanira, geni
dipun bedhili, sawancining sanjata, sadaya awurahan, prandene geni tan mati,
sangsaya mundhak, gedhene ingkang geni.
08
Waneh ingkang para ratu lajune rampak
sabalane ngebyuki, kalawan kabalang, watu kang sakalapa, kang sapendhil
sakalenthing, dengo ambalang, maring urubin geni.
09
Ora nana bisa ingkang matenana, ing
geni apa maning, raja-raja ingkang, sabalane arampak, sikep
bandring-abandringi, agni sakala, pan angger tan mati.
10
Kang saweneh ana ratu kang narajang,
geni dipun pendhangi, ya ora karasa, wus entong kang tanaga, waneh ingkang
anyudhuki, maring dahana, ana ingkang numbaki.
11
Nonohogi wis sabagi-bagi tingkah, tan
nana miyatani, geni masih lunta, urube kaya saban, surake wong Pakuaji, lawan
nyata, para ratu tan sakti.
12
Datan ana gunane mipis dahana,
prandakane kumaki, dipun wasa-wasa, panyanane la apa, den arani kaya geni, kang
saban-saban, iki geni dhudhu geni.
13
Dewi Purbasari langkung bungah,
ngrasa kagungan asri, pangameng-amengan, tur ta laya tuwana, saestu kang pasang
giri, kocak kang jagad, putri Sundha asakti.
14
Pan sinegeg kang pasang giri punika,
kocap ratu sadhasaring, Sanghyang talaga, yang tala kaherang, tedhak Prabu
Galuh dhingin, wau kang nama, Sanghyang Bulusputih.
15
Kang ayoga Sanghyang Panggungkancane,
adarbe siwi panendhi, iku kang anama, Sanghyang Maharaja, Lutungkasarung
asakti, ana guneman, sajane angaoni.
16
Genem kalih sodara wedhi kang nana,
Sanghyang Ngacihiki, awit putraning Sanghyang, Talagamanggung nama, adarbe siwi
pandendhi, ingkang anama, Hyang Jakahawa sakti.
17
Sanghyang Talagamanggung duk
pangandika, aputra-putra mami, den sira sumeja, Lutungkasarung sira, tangtu sira
amakolih, ajodho lawan, maraja Purbasari.
18
Seblakana iku geni tangtu pejah,
lawan sasabet iki, si jajaka tawa, iku kang pindah-pindhah, tan kena gagabah,
denora acining warih.
19
Banyu pitung windu gawanen nyeblak,
kang geni pasang giri, bareng uculena, dhiwone padha mesat, camethi kalawan
geni, weruha sira, kang nuksma aneng geni.
20
Iku putra Sunan Tambalayun ika, iku
kang anami, Putri Rara Panas, ya Indhang Telubraja, mengko den kaseblak pasthi,
mesat aniba, ing Banten prananeki.
21
Saendenge intri alumuha krama, panas
bawane benjing, kang singa kadhokan, tan kuwat ing sangsara, besuk mari-mari
mandi, den wis kapendhak, lan Jakatawa benjing.
22
Pecut iku tibane ing bumi Selan,
besuk tinemu wuri, si Jakatawa, jodho lan Rara Panas, besuk aneng guwa jati,
gene panggiya, praciptanen den jati.
23
Pan wus tutug kang pangandika samana,
enggalira tumuli, Jakatawa dadya, golethak sampun rupa, cemethi sihaciwara,
kena ing sabda, ingkang sayoga mandhi.
24
Layan Lutungkasarung pamit anembah,
sarta nyangking cemethi, dinulur ing karsa, dhateng ing Pajajaran, nembah matur
ing sang aji, yenara numpak, sayembara raja putri.
25
Prabu Ciyungwanara ngandika liya,
kamanyangan den yakti, munggapa kang salah, ing seja sudi malar, kaputren
Sundha negari, ambabarena, si bapa kang ningali.
26
Yata oreg kalabandhu Pajajaran, seja
nonongton mangkin, ing sagelar ira, kang ngarama rawasa, nyata geni den
cemethi, geblas asirna, bareng lawan cemethi.
27
Bareng mesat cemethi lawan dahana,
suraking Pakuaji, den ini satriya, olih gawe gadhang dadi, majikan kita, pan
ora pindho gaweni.
28
La ya iki nyata tegese wong lanang,
ladining sajati, nyata tedhaking nata, wani ing Sundha negari, tangtune ika,
mangsa liyana maning.
sumber: http://djayalove999.blogspot.com
Tidak ada komentar:
Posting Komentar