Rabu, 11 Juli 2012

Pupuh X PUCUNG

Pupuh X PUCUNG

01
Ya sang patih rang-urange sigra wangsul sabaitanira, sampun abalik sakabeh, lalayaran dumugi ing Pajajaran.

02
Pan wus katur ing ratu Lutungkasarung, karsane madigda, sejanipun medhek dhewek, pun bramana sampun ngartos dhateng karsa.

03
Ya sang raja aris ing pamuwusipun, den estu pramana, tangtu mangsa bobat gedhe, lawan mangsa suwe laku den lalampah.

04
Tangtu jagad pandelenge mung sagandhu, lan mangsa gelema, ing rurubaku prantine, miskin tan ngulati sugiye tan rarawat.

05
Wis becike anti ratuhipun, nanging lamon bobad, padha kita lurugane, kita tumpes ya ika sang bramana lingga.

06
Ya ta lawas bramana pan durung iku rawuhira, ngenten tanpa anten-anten, malah prabu Lutungkasarung wus gawa.

07
Putra saking ikut ika den pilungguh, lanang nama ira, ingkang sarta lulungguhe, Raden Rangga lanwan Mantri Kethebasa.

08
Linggihan ing Bnaten angarta dhatu, terang layan karsa, dipun prabu sepuh mangke, Raden putra inggih ing Bantana warsa.

09
Dupi putra saking bini ajinipun, lanang pinangaran, Raden Mantri Ranggalawe, Jayakarta alinggih ing rat Jakerta.

10
Pon kalawan lilane sang prabu sepuh, sampun gelar tata, karajaan kaprabone, kang angrengga iku saking Pajajaran.

11
Dupi putra saking maha dewinipun, lanang karya parab, Sanghyang Resi Luwiluwe, kang amangku indhahan nang Ujungkulan.

12
Dupi putra ingkang saking dewi matur, lanang kang namane, Sanghyang Sancakrit namane, kang amengku indhahan nang Ujungkaras.

13
Ingkarsane snang prabu Lutungkasarung, aneng Pajajaran, dipun rangkepa patiye, patih jero patih Burbutjalang.

14
Rang-urange kang dadi papatihipun, arja aneng jaba, roro tumenggung anyare, kang anama ki Tumenggung Sanggrarungan.

15
Ki Tumenggung Selangkuyit naminipun, lan roro kang anyar, kademangan ing namane, Demang Gogok lempog kalawan kang nama.

16
Demang Bangkong sendhong andeling pamuk, gumelara kata, jirnapura pulung beler, pan samono lawase kang prameswara.

17
Durung becik kelawan Lutungkasarung, nuli tan antara, bramana Lingga rawuhe, maring Sundha wis den mulya-mulya ika.

18
Atur makca pangandikane sang prabu, he paman bramana, manira nedha tulunge, ya kongsiya adhepe nama sang rara.

19
Gone elik wis windon takeran tahun, kaduga manira, barangahan anakake, saking rabi liyan kang metoni anak.

20
Dupi rabi babaku durung sapundhul, iku bebeg ingwang, paman bramana tulunge, idhepena iku paman garwaningwang.

21
Pira bae ing mangko wajaninipun, seja sun pilala, ya duk jurung saragane, sang bramana gumujeng atur sandika.

22
Sampun sumlang bapa prakawis puniku, prakawising garwa, dalem tangtu mangke sae, lan sang prabu nanginging punika sang rara.

23
Mangke sae sacombana lan sang prabu, pun paman tumuta, uninga dhateng raose, tan asusah wajani punapa-punapa.

24
Aleng pundi tan awor sandeng saumur, gagarwa carapa, binandhing combana mangke, uning raose pun paman ginawa kawan.

25
Maharaja Lutungkasarung abendu, tegane ta sira, bramana cora nalosor, dan sang prabu ngunus dhuhung pan tumandhang.

26
Sigra nudhuk bramana ajaja terus, dhumateng walikat, nuntak ludira maleber, pan tinarik kang dhuhung bramana pejah.

27
Ingkang layong angucap tegane ratu, sun dhaku mendrassa, ana wong jaluk nrasane, kang pakenak teka sinung rasa lara.

28
Nyata kumed maraja Lutungkasarung, ya mangsa luntaha, dadi ratu Sundha kene, sabab dening kumet arep bapa garap.

29
Yata prabu Lutungkasarung mituhu, sabdane babathang, dadi gumaregeten sewot, kakeyan bacot si bramana camera.

30
Iku padha obomgen babathang iku, sirnaken pisan, ambri aja ababacot, ya tumangen cone dadi awu pisan.

31
Ki patih Brubutjalang tanpa wuruk, narik kang babathang, maring jaba adhan rame, bandhu kula warga agawe tumangan.

32
Tan adangu ingkang geni amurub, kurnapa bramana, wue sirna purna den obong, ora kaya aluse bramana Lingga.

33
Manjing garba garwane Lutungkasarung, sumerep sumanira, sabadhan sedya wa-awor, Lutungkasarung dumadya raga asiyan.

34
Dewi Purbasari sira andulu, maring maha raja, Lutungkasarung warnane, dadi mundhak bagus katone gumawang.

35
Ya sang putri Purbasari remen kalangkung, kena ing asmara, dadi kakatonen bae, maring kakung tan kena pisah sadhela.

36
Praciptane gawok temen atinisun, saiki kena ngapa, guranggame sapatemon, teka sejen pisan lagi mula-mula.

37
Poning mau ewo bae atinisun, luwih sengit pisan, ajaja rep sapatemon, ngrungu bae abane ing ati ewa.

38
Jember bae rupane deleng iku, ing ati mengkarang, mengkorog saking jijithok, dupi iki teka ati kangen semang.

sumber: http://djayalove999.blogspot.com

Tidak ada komentar:

Posting Komentar