Rabu, 11 Juli 2012

Pupuh VII MEGATRUH


Pupuh VII MEGATRUH

01
Kawarnae ingkang padha sungguh-sungguh, sadaya pangngabakti, warnanen ika sang prabu, sabrang amateni geni, sareka budine entong.

02
Banyu singsor sing dhuwur padha maribu, rebut dhingin den dhingini, duga kaya udan ribut amalabar ingkang banjir, sing lor sing kidul sing kulon.

03
Saking wetan campuhe wau kang banyu, prandene tanmigateni, geni manjer tanpa surud, urube angger tan gigis, gumuruh sorak bala wong.

04
Ladalah rekaning wong sabrang gathul, prandene pating padhig-dhig, angraba kena ing banyu, banyune cabar cawiri, ratu sabrang nyata wadon.

05
Ora pira budine pating dharug-dhug, tan bisa meteni geni, prandene kadhuk asanggup, sumagar ngarepi putri, iku dumehne wong wadhon.

06
Kaparimen yen wis geni ora purum, iku geni ngisin-isin, wong Pajajaran gumentur, surake kang para aji, raja sabrang kaliwat ing sor.

07
Saya santek geni tinuruwan banyu, kaduga pitung bengi, tan ana endhaning banyu, naging tan bisa mateni, maring genining manon.

08
Manonjaya pawestri jeng Listupaku, dangu-dangu ika warih, dadi wedang mulak metu, gawok para narpati, budi rekane wus pokok.

09
Kawirangan dadi sira padha ngandhu, prasami apikir-pikir, iya bener ing sang prabu, Ciyungwanara duk angling, ora yamane ya ewong.

10
Purbasari genine patut den iku, iya ana kang nyumurupi, gelare ya kaya iku, ora mati dening warih, la iki intening wadon.

11
Duk angandut nuli ana ingkang laju, kang anglosot anganjerki, niyat sami tur garumbyung, seja amateni geni, saha kala akalengkono.

12
Dalem iban Palimanan lanunipun, anyangking sadanya jenggi, dadi buta sada iku, prakasa raksasa gasik, munggah ing gunung den enggo.

13
Angurugi geni wus jumegur-jegur, nanging ora dadi mati, mundhak dadi urub-urub, lema dadi wangwa geni, muwuhi gedhene katon.

14
Ya muwuhi gedhene ing urubipun, buta ilang tan nguwali, atemah geni dhuwur, dhumadi ana gumanti, dalem junti denya norong.

15
Lan walira katimaha buhaya muncul kapethakan ngebyuki, padha anyunguri urub, wangwa ambles geni masih, buhaya musnah kalowos.

16
Gene pager ora nan sudanipun, jer si geni den surupi, dening rara panas nenggu, dewaji dhemit, Sunan Tambalayung Kolot.

17
Nuli ana gumantine kang lumaju, dalem Kandhanghaur sakti, macane kang di adhu, sigra angrehai geni, lelewane galak katon.

18
La yen nyenggreng ing geni adadi parum, ora kaya urip maning, yen den senggreng pesparum, ora suwe jebul maning, mangkana layan mangkono.

19
Mati urip mati urip urubipun, suwe-suwe urip jati, macan sirna geni murub, kalesan kangarah pati, ning geni lawan gumantos.

20
Dalem Ujungtanah anyangking sadha dipun den sabetaken tumuli, maring geni lawan parum, yen den sabet pes mati, tan suwe jebul kemawon.

21
Datan mendha mati maning jebul murub, kalesan kang mikarani, dening geni delap timbul, kawirangan para aji, dening welehing wigatos.

22
Wusing kadi mangkana welehing ratu, egare sang Purbasari, kadya kaduk wuwusipun, payu ayonana iki, putri Sundha kang wulangon.

23
Aja wonge genine panika punjul, singa-singa kang sakti, bisa mepes geni isun, pasthine sun aku laki, la iku sembaran ingon.

24
Iya iku kang dadi nereging laku, ratu salawe prasami, miyarsa sembara ratu, dadi padha minangkani, anglabuhi sembara wong.

25
Ratu salawe nagara la iya ku, satriya sanusantawis, padha karsa tegal lan ratu, saking awu-awu langit, Manggadapura agatos.

26
Mangka dipati Surawangga malihipun, para mantri lawan malih, gembong Pasuruwan agung, rujitmanlawe lan malih, malapati ing kadhaton.

27
Bongdaraji manggala sarebo jagung, sasra yuga dasa pati, bimakkendra gili uri, carat sewu sumarongbong.

28
Tobasruyungan sarayaksa kendha layu, pangulawat sampun sami, agunem-gunem anglabu, seja amateni geni, geni apetaka den go.

29
Kang den enggo sayembara atiku kuwung, geni adhune warih, gampang adat kang kalaku, sewanehe amangsuli, mangsa kilapa kang ngenggo.

30
Pati-pati den sembaraaken ikut, saking ora paranti, geni tan mati neng banyu, wawartose angabati, dening banyu datan kawon.

31
Pramilane cacak coba samya rawuh, alagelar dening yakti, kita padha dhulu-dhulu, tan kawagang ing ginisi, sinten kang bagja kemawon.

sumber: http://djayalove999.blogspot.com

Tidak ada komentar:

Posting Komentar