Rabu, 11 Juli 2012

Pupuh IV KINANTHI

Pupuh IV KINANTHI

01
Sagung papalisanipun, saking kang rama narpati, kang ingarsane si rara, pan mangkana wangun mali, sapta loka pari mina, ing ngarsane sang Dewi.

02
Saprakara kang sinebut, Budiwati Budiminging, Budirujit … Budi …, Budisari Budigolis, Budipandhang miwah ika, rong prakara ingkang nami.

03
Luwilaja Luwilidhung, Luwiseeng Luwimundhing, Luwiladha Luwidhingding, telung prakarane nama, Sokapura Kokaaji.

04
Sokapolang Sokaratu, sokawiyana lan malih, Sokamanah miwah ika, Sokanegara apa maning, patang prakarane kang nama, Kawungluwih Kawungaji.

05
Kawunglarang malih ipun, Kawunginten Kawungsari, Kawunggehe Kawungomas, limang prakarane kang nami, padhapenah padha bongor, padhamatang lawan…..

06
Padhamuhi padhamadhung, padhareka padhamuraging, nem prakarane kang nama, Sabdanawa Sabdasari, sabdamenyat Sabdawangi.

07
Sabdalarang malihipun, pitung prakarane kang nami, Sindhangkempeng Sindhangbarang, sindhangayu Sindhangaji, Sindhangwangi Sindhangpala, miwah ingkang Sindhangkasih.

08
Sampun ing kadya puniku, kng simaan rama aji, dupu rangga kapatihan, dumateng putri Pakuwan, Jeng saputri Purbasari.

09
Dupi ingkang rama prabu, Ciyungwanara ingabdi, dening Arya Mangunkentra, Karapu Yudanegari, ing sapandum-pandum nira, Mangunkentra rada ….

10
Rang-urange pandumipun, Menak Mangun … praniti, raja Galuh lan Talaga, Kuningan lan Sindhangkasih, Ciamis lan Sokapura, Panjalu muwakawali, pusaka kawuri-wuri.

11
Cikaso lawan Luragung, Makber lan Cipamali, Lebakwangi lan Cikuwang, sapure kang katiti, Cigugur lawan Cirayap, Cionje lawan Ciori.

12
Cikendheng lan juga Cigintung, Cibarangbang Cipaburi, Cikandhang Cicaridhangan, Ciakarwangi katiti, salwe princi kawilang, Menakwacacayan istri.

13
Purbasari kang amengku, la iku dadi laluri, teka ing satedhak-tedhak, lamun pajajahan istri, iku sun dak sigar wetan, prawatesanipun kali.

14
Bayabang kali Cilutung, mangetan jajahan istri, Menak Pakuwan ingaran, pusaka kawuri-wuri, dupi sing kalih bayabang, mengulon iku kang dadi.

15
Pasawahan ramanipun, Ciyungwanara apa maning, Menak Pacacahan lanang, laluri ugi salami, kang nama Menak Pradhangan, sigar kulon sun dapuri.

16
Pon salawe princi umtul, Ujungkulon apa maning, Bogor lawan Kanjapura, Kadangladhang Pasiraji, Cianjur Kujang Limbangan, Sumur Bandung Sunedang aji.

17
Manonjaya Garut Ciaur, Batuwalang lan Biribis, Sawung … Gantilah Munoro, Tegaluwar apa maning, Cikokok lan Nungkalaya, Sokowiyana lan malih.

18
Wanabaya Cibalagung, ukurlantara Juangin, salawe princi kawilangan, ing pajajahan angabdi, wengkuning Arya magentra, ing ngarsa Sri Pakuaji.

19
Wus kukuh kang bala ratu, jajahan Sundha nagari, sang Prabu Ciyungwabara, kang angresa hawa aji, karata gampang pangulatan, kang sarwa tinandur dadi.

20
Sakalir karsa kadulur, agung kacipta dumadi, nuli ika garwa lima, jeng pawestri Cunggelis, maringtrim Merkedheh mewah, Anjatan lan Giliwengi.

21
Sami sinunut cangkohipun, mangkana kang prameswar sinung cacapagunungan, gunung Ga Gunung Licin, gunung dhukut gunungsira, gunung Lajer gunung Kelir.

22
Kapituning gunung wupu, Parakatan pawestri, dhupi iku aneng ana, sinung pobojongan menggih, Bojonggaluh Bojonglapang, Bojongnerwasa Bojongleppit.

23
Bojongmuntas Bojongwindu, Bojongrentan ingkang dadi, Parekatan iku Sundha, dhupi sang jeng bini aji, sinung sasapetegalan, Tegalkolot Tegalpakaji.

24
Tegalmenak Tegalbaput, Tegalgubug Tegalkunyit, Tegalmoto ingkang dadya, Parekatan bini aji, dupi maha Dewi Sundha, kang sinung sasapan indhi.

25
Paindhon kang winalungun. Indhupari Indhuaji, Indhujanten Indhugirang, Indhuraga Indhusari, Kapitune Inddhujaya, Paraketan nini aji.

26
Dupi ingkang Dewi matur, sinung palebak kalepti, Lebakcenang Lebakcehang, Lebakpanjang Lebakwangi, Lebaksidhu Lebaklenggar, Lebaklawang wus dumadi.

27
Sawawasa prati umbul, ora selang surup apti, iku rerekan Pakuwan, bedha lawan Majapahit, golong sapurba sasmaya, dhupi Pakuwan Marinci.

28
Temah dedeake Ratu, ing Pakuwan ikut yakti, prasasat den prenca-prenca, kamukten den bagi-bagi, mangkana adat Pakuwan, kang kanggo salami-lami.

29
Mula akeh menak umbul, ingkang satta sabumi, mila-mila kawisesan, angreka sabagi-bagi, waneh kang campur wong sabrang, anggelar enak ing urip.

30
Padha among sanak sambung, kinalilan purba bumi, waneh ingkang leletana, kasilane den remani, dening kang padha anyewa, maring bumi ming narpati.

31
Sewa aning paken agung, pamule pegantang salir, ingkang mawa tatakeran, pamajeganing pangumping, anut maring kasabpolah, tukang maring pajeg trasi.
sumber: http://djayalove999.blogspot.com

Tidak ada komentar:

Posting Komentar