Pupuh XII PUCUNG
01
Prabu Lutungkasarung wus tampi wuruk,
aji pamedaran, purwa saking mratuwane, awor daging awor getih sumarira.
02
Pan sinegeg caritane yan sang prabu,
kawarna ajabar, kang dhingin binuwang mangke, wus rumanjing kayangan kipethes
peras.
03
Tukang pethes peres ingkang luluhur,
buhaya bangawan ika, sang jabang wus panggih mangke, den openi dening ki
Pethesperas.
04
Dipun aken anak jabang bayi ikut, duk
umur sawulan, bias rarasan basane, ngerti dening basane, ngerti dening basane
wong pathes desa.
05
Jabang bayi kangucap abeluk-beluk,
bapa y ailing wang, bapa aranan reki, ingga iyang bapak ikut namaning wang.
06
Kaki Pathes peres nembe tumon rungu,
bocah cilik bias, kaya wong tuwa basane, pan tembene mung ta iki anake sapa.
07
Patut iku ana kadadiyanipun, besuk
mengku bala, kasungsun arane angger, inggih iyang iku nama wis prayoga.
08
Pan katelah ing desa pethis puniku,
anak pupone ki tukang, esaktemening namane, wis koncara inga iyang ingkang
nama.
09
Cilik-cilik bias rerasan satuhu,
bocah patut kasurupan, dudu bocah salumrahe, patut ikut tuturunan ing kusuma.
10
Ya putute yen selamet urip tuwu,
tungtu besuk ika, dadi raja suntangguhe, yakti ika tengeraning andana wirya.
11
Lawas-lawas pareng umur tigang tahun,
Lingga hiyang ika, lalayaran pangameng-amenge, paparahon buhaya putih
tinungganga.
12
Wong kang paca ningali gawok andalu,
mung tai ka apa, bocah apa setan kene, udan angina mudhik milir nunggang
buhaya.
13
Nurut bae buhaya sakarsanipun, den
parani ika, dening wong nuli gacike, silem ilang yen wis sadina rong dina.
14
Iya nuli ana maning nyata timbul,
umreg wong Pakuwon, katular-tular wartane, katur maring sri bupati Pajajaran.
15
Engandika sang prabu Lutungkasarung,
warta anak setan, buhaya putih tunggangane, wong ningali padha wedhi sadaya.
16
Ya gustine pareng nabda semana iku,
dadi sirep kang warta, wedi bok den salah artos, sisikune ratu ratu mandi salah
dadya.
17
kawarnaan ki empu kang namanipun, ki
Calancang nama, kaliya ing comas pandhe, lagya ngalenthung miminggira nang
walahar.
18
Maring kali Cilutung kapanggih wau,
lare ingga iyang, lagi eca paparahon, pan sinawanganing ki empu calangcang.
19
Sira bocah cilik saking endi kacung,
neng bengawan priyangga, sapa sira kang ayuga, Lingga iyang mangsuli kula
punika.
20
Kula lare tanpa bapa tanpa ibu, lola
dhiri kula, kasur bumi mega kemule, kali bangawan kang nusoni dhateng kula.
21
Pun buhaya kanga sung tedha puniku,
inggih wasta kula, Lingga iyang ing namine, ki Kalipa andaringeng manah ira.
22
Nembah tumon lare nabda kaya iku,
bangkit yen rarasan, patitis ing wicarane, nyata iki tereheng andanawriya.
23
Empun nabda sira sunimponi kacung,
padha maring omah ingwang, sun aku anak temene, Linggahiyang teka dumulur ing
karsa.
24
Ki Calangcang ngiring wus dumading
aku, prapta wismanira, nyi Calangcang girap gawok, dika iki olih saking ngendi
bocah.
25
Lawan iku sapa ingkang duwe sunu,
winangsulan enggal, manggih pinggir kali gedhe, datan weruh embok bapaneku
bocah.
26
Sun takoni wangsulane iya iku, tan
duwe bok bapa, kasur bumi mega kemule, welas ati sun ajak mulih maringwang.
27
Nyi Calangcang nabda bok den salah
tanggu, dika nemu bocah, den tututi wekasane, dika dadi den tareka nyolong
anak.
28
Toli dika ing sang aji ya di ukum,
Linggaiyang nabda, dipun pracaya si embok, inggih kula kang tango bala witanya.
29
Banggi bapa kikukum dening sang
prabu, kula purun nalang, abentak lawan sang katong, dhasar enggih musuh kahula
ing kuna.
30
Ki Calangcang Nyi Calangcang
getun-getun, ana bocah bias, rarasan ingkang samono, patut ini dudu bocah
samaneya.
31
Iku bocah ana kada dene besuk,
Linggaiyang ika, ngaku bapa ngaku embok, maring empu Kalipa langkung minulya.
sumber: http://djayalove999.blogspot.com
Tidak ada komentar:
Posting Komentar