Jumat, 13 Juli 2012

Pupuh XX MIJIL

Pupuh XX MIJIL

01
Sedangune suka-sukawan tu bocah, tan adangu tumuli, ageger ing tawang, ana wowolu dhustha, banaspati ngarah aji, sapraptanira, kang seja den samberi.

02
Milang-miling kumrab ana ing tawang, sumyak amobat-mabit, ing gagana galak, kadi ulung babahak, kang sadya anyamber pitik, tan antara ika, Parwatali akali.

03
Talibarat amapang ing awang-awang, sakehe banaspati, padha tinangsulan, sakabeh pan kena, kagandheng anjok ing bumi, pating kurenyang, pating jalegir ing bumi.

04
Samya tinonton dening wong sadalem pura, aeng temen sun tingali, raining kamang-mang, awake kaya buta, sikile nungsang ming nginggil, rambut maudag, mobyong-mobyong lir geni.

05
Untunya ngisis baris sakampak-kampak, lambe kandel malenthing, ilate amedal, amelet anggigila, mana sabendhe mundelik, eluhe wisa, marakbak kadi geni.

06
Iler yiyid murub la ika padha, wowolu banaspati, padha cinancangan, ing witing pakujajar, dadi ingon-ingonaning, nata Pakuwan, sang Prabu Linggawesi.

07
Ting burangkang aneng witing pakujajar, de go dodolan pranti, ing ameng-amengan, ing wengi suk awana, rame-rame ingkang sami, asuka-suka, ambebeda banaspati.

08
Sawengi-wengi tuwin sadina-dina, sang prabu Linggawesi, dodolan kamang-mang, sarta wong dalem pura, kalangkung sukaning ati, lan kinepokan, amawi den suraki.

09
Banaspati lamine den ingu delap, den pakan lawan daging, daging buron alas, saparti ngingu macan, lan ta ana jalmi, kang ukum pejah, den pakakaken belis.

10
Maring iku adat purba Pajajaran, den go ambuwang jalmi, mangkana ya ika, pala karta Pajajaran, kaparing lamining lami, suliha tedhak, meraja Banaspati.

11
Sadya nira angrebat ing rewangira, kapanggih sira aglis, lawan Talibarat, endhas kang sira ngusap, he madigda Parwatali, lan Talibarat, munggah suka akasmi.

12
Rencang kula wowolu kang dika cang-cang, reh ipun sampun lami, jengandika cang-cang, kokalan ing druhaka, sedheng dipun apunteni, kang muga-muga, kabeh dipun uculi, kang ukum pejah, den pakakaken belis.

13
Maring iku adat purba Pajajaran, den go ambuwang jalmi, mangkana ya ika, pala karta Pajajaran, kapareng lamining lami, suliha tedhak, meraja Banaspati.

14
Sadya nira angrebat ing rewangira, kapanggih sira aglis, lawan Talibarat, endhas kang sira ngusap, he madigda Parwatali, lan Talibarat, munggah suka akasmi.

15
Rencang kula wowolu kang dika cang-cang, reh ipun sampun lami, jengandika cang-cang, kokalan ing druhaka, sedheng dipun apunteni, kang muga-muga, kabeh dipun uculi.

16
Gih sumangga kabeh padha sarat tobat, lawan sumpah kang candri, kang babasan aja, wani-wani gaweya, ingkang kadi wingi uning, kula kang dadya, saksining seja pati.

17
Pan sejane banaspati satedhaira, tan genah wani-wani, duriyat Pajajaran, balikan kudu jaga, ing duriyat Pakuaji, ing ngendi prana, ingkang anak putu aji.

18
Pasthi iku banaspati iku jaga, kemit maring sang aji, tedhak Pajajaran. Ika kang sinambangan, sok nang gunung sok nang pasir, kamang-mang jaga, turuna Linggawesi.

19
Tan pracaya sumangga atetep jaga, dumadak lirwa jangji, ungseden maningala, rantenen pakarsa ngolahi, lan sanadyana, den pajahana mangkin.

20
Kula boten lajeng nanggel kang acidra, kang wolu banaspati, yen mangke cidraa, kula dhewek kang tandang, mejahi babu pribadi, dingge punapa, anguripi ing wewering.

21
Ya ta sira Parwatali seja marma, Talibarat pon ugi, seja apracaya, maring raja endhas bang, Yang Maraja Banaspati, prajangjinira, amintal usul ing abdi.

22
Parwatali Talibarat ing sabdanira, yen mangkono ya becik, nangi kita padha, pranjangji lawan sumpah, banaspati wolu sami.

23
Iku dhateng banaspati wolu sigra, den culaken tumuli, banaspati padha, nembah dhateng sang nata, ngaturaken ingkang abdi, kang pangawula, rumaksaa ing jeng gusti.

24
Pramilane Pajajaran akeh kamang-mang, kang kakayon ana hing, gubug sawahan, suwawona ing tetelar, nguwel-tuwel kadi geni, manecat ilang, cat katong dening jalmi.

25
Ana meled-meled aneng gubug-gubug padha, angleledhek wong ngarit, gone gigila, malayua genudhang, duga pegel kang lumari, napase kesotan, mogok kang den baleding.

26
Kamang-mang tinangkeb lawan keranjang, gelethak dadi lupi, mangkana kang adat, jar bangsa siluman, nanging kamang-mang cawiri, tan amikara, amung samemedeni.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar