Jumat, 13 Juli 2012

Pupuh XIX MEGATRUH


Pupuh XIX MEGATRUH

01
Indhang Sukati awewekas jati, tumingal maring kang siwi, teka ing karemenipun, maring kang gedhe kang uwis, bandhot menthonge ambewok.

02
Ya pondhodhang dhadhinge masih sepanudu, ya ta ingkang ibu nuli, methet ingkang sepuh-sepuh, kang wus marga kabecik, kang gamol gandhes acemol.

03
Pirang-pirang selir kang adhenok cangking, rasti kang pirang-pirang puluh, malah agung ingkang sami, bobot ana pitu wadon.

04
Teka wayah babar sakapitunipun, dadi kaya dudu siwi, kaya adhine puniku, jabang pitu abecik, warnane rampak yen tinon.

05
Padha bae gedhene lare pipitu, prabu sepuh angrawuhi, Ciyungwanara ndulu, canggah pitu bungahi ati, kaya adhine kemawon.

06
Kaya adhine si Lingga iku, dudu kaya kang siwi, ya si Linggawewi iku, mutrani pipitu reko.

07
Lanang kabeh ing sapitunipun, Ciyungwanara ling aris, la iki ya canggah isun, pipitune sun arani, si Linggabuwana katon.

08
Kang sijine Linggapakuwan jenengipun, lawan sawijine maning, Linggasana naminipun, iku sawijine maning, Linggasri namining wong.

09
Linggaerang Linggamurti Linggarayu, sakapitune ing benjing, kon ngudang kakang la iku, ya maring si Linggawesi, den kaya sadulur medhok.

10
Linggawesi ngundanga adhi maring iku, maring kapipitu iki, karanane sira durung, pantes mangko anganaki, rong prakarane dha rapon.

11
Delap ika anak ira kang pipitu, lumayan rempeging urip, kanggo gegerebeg ngunggu, bala sadulur kumaritig, turanta anak sajatos.

12
Aeng temen inglalakon ira iku, ana ta wong masih cilik, aduwe anak pipitu, bari rampak gumariwis, gumredeg lir anak enthok.

13
Parwatali Talibarat aturipun, sandika ing titah aji, menanten uga kadulur, angraksa tedhakan aji, lumampah idhin sang katong.

14
Prabu Ciyungwanara sampun amurud, kocap sang Linggawesi, iya sate masih timur, naging pangertose kadi, ratu ginotama mangko.

15
Yen wis linggih ing korsi gadhing rinubung, ing para selir kang ngapti, kang padaha adhunuk-dhunuk, kang aputih kang akuning, kang nyenyokar melok-melok.

16
Ingkang mobyong kang empuk panggarapipun, kang cepol angaca piring, ya ikut kang raket ngayun, nalendrane sagegethik, selire abentrok-bentrok.

17
Lan kang padha anggemeng kombalanipun, ora nana liyan maning, kabelani pundha iku, wadon ireng-ireng manis, ingkang bobokong anggeyol.

18
Prabu lare Linggawesi masih timur, karemane ingkang uwis, angrambaka bokongipun, wus tuwukan sagunging, karsa kang para samono.

19
Prabu Linggawesi jengger tuwuhipun, ing Pajajaran muponi, sagunge menak pra kuwu, bang wetan salir kumilip, padha anjum sila panor.

20
Ya gul menak asribawat samya riyung, sinaroja ing bupati, Prabu Linggawesi mangun, malih kapatiyan nami, Kiyan Patih Bandhungkrayo.

21
Lan tumenggung Sukabeling naminipun, asale saking Keling, bangsaning koja guludhung, andel-andel Pakuaji, wani mati solot-pogot.

22
Ki Demang Alurkoneng kang pinangka dipun, pecat tandha adhir-adhir, Menak Podhang Ujungberung, lan Ngabehi Tegalbibis, kang lebda karya ing kono.

23
Kang tut wuntat ing sang nata ngalor ngidul, iyang-iyung kanthi wiri, ameng-ameng maring luwung, amandhikudhing jamparing, abandring cohok.

24
Ngayok alas arame surak gumuruh, paburuhe bangkit-bangkit, angungsen kidang apaul, ana pingkal salih angrok, gurnata garungune bedhil, sing kidul sing elor.

25
Pan tawura swaraning gutuk puniku, ting sariwik nganan ngering, wetan kulon ting careluk, padha retak anguneni, cala bangir kang pada lok.

26
Alok buron kaburu-buru alaju, sadaya ambedhak sami, laradan alayu-layu, ting barisat sami lari, waneh kang padha nalosob.

27
Yen wus tutug abuburu aneng luwung, nuli padha ganti ulin, nuli samya ngundha manuk, ana ameng-ameng gathik, ana panggalan agacon.

28
Ora suwe jajangkungan ngalor ngidul, nuli areyog asrih, begog anjog langunipun, sabagi-bagiha ulin, ana pingkal silih angrok.

29
Rog-rogan ting bilulung ngalor ngidul, ora suwe asukati, dodolan raraton umyung, gumuruh pating jalerit, tan suwe ujungan kang wong.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar