Kamis, 03 Mei 2012

Kidung Sukmo IV - 2 jalan mencapai kebahagiaan

IV Dalan loro kanggo anggayuh karahayon

Wis kita aturaké wedarané bawarasa kang kapindo ing pérangan kang wekasan, yén kanggo anggayuh katentreman, luwih disik kudu bisa merangi ubaling pancéndriya. Apa kang sinebut ubaling pancéndriya, uga wis kaaturaké, yaiku dumadi saka kekarepan lan pepénginan kuwadagan kang ora langgeng, sabangsané ma lima utawa ma saptabaya, main, minum, mangani, madon, maling, maoni lan madat. Nanging uga mengku wewatakan-wewatakan asor kang memalangi tindak utama, yaiku : méri, drengki, sréi, jail, pitenah, nepsu, murka, seneng muring-muring, lan sapituruté.

Nanging kejaba apa kang wis diterangaké ing ngarep, mekak utawa ngeréh pancéndriya iku uga ateges ngleremaké lan ngeningaké gagasan. Gagasan kang ngambra-ambra dipekak, dleréh supaya anteng, mantheng, - déné kaleksanané kang mengkono mau, manut panemu sawenéhing ahli panyurasa “Kidung Sukma” : ora ana liya kejaba nindakaké méditasi, ngeningaké cipta utawa semédi, nutupi babahan hawasanga.
Ngeningaké cipta iku pancén salah sijining dedalan kanggo ngeréh ubaling pancéndriya, marga sarana cipta kang wening banjur tuwuh gegambaran anané gagasan-gagasan lan tindakan-tindakan kang wis kepungkur, ana kang sasar ana kang jejeg. Sarana naliti kedadéyan-kedadéyan kang wis linakonan mau, tuwuh élingé, mulat sarira, wusanané bisa ngeréh ubaling pancéndriya, saka sethithik-sethithik, satemah yén wis mateng enggoné meleng cipta nganti semédi, saya ndayani enggoné ngeréh pancéndriyané.
Yén wong nedya amét saripathining “Kidung Sukma” kanthi panjangka bisané antuk kabegjan kang sejati, sayogya yén enggoné nedya ngeréh pancéndriya mau, nindakaké pakarti prakara :
Kapisan : Ngudidaya bisané nindes ubaling pancéndriya kang awujud pakureman lan kasenengan kang ora langgeng. Ngudidayaa uga bisané nindes mungsuhé kang manjing ing cangklakan, yaiku kang arupa wewatakan lan sesipatan asor : nepson, mérén, seneng mitenah, jail lan sapituruté.
Kepindo : Nindakaké semédi ngeningaké cipta, mbersihaké gagasan kang ngambra-ambra, nindakaké konséntrasi pikiran. Meleng pucuking grana, nutupi babahan hawasesanga, tafakur utawa dikir.
Ing pérangan bawarasa kang kaping III, ing kidung pada kaping 3 nganti 5 Sri Kresna miwiti pangandika :


III - 3
è[¢.gvanuvac
lokw_iSmiNÜiv/a inîa pura p[oµa mya_n` -
Danyogen sa':yana' kmRyogen yoignam( --
úrìbhagavàn uvàca:
loke ‘smin dwi-widhà niûþhà    purà proktà mayà'nagha,
jñàna-yogena sàòkhyànàý    karma-yogena yoginàm.
Pangandikanipun Kresna : Ing donya iki sun arani ana dalan loro, Arjuna, kaya kang wus dak warahaké mau, yaiku saka panunggal sarana kawruh (sangkhya) utawa nunggal asarana panggawé.
The Blessed Lord said :
O, blameless One, in this world a two-fold way of life has been taught of yore by Me, the path of knowledge for men of contemplation and that of works for men of action.
Úrìbhagavàn bersabda :
Sejak dahulu telah kukatakan, wahai Anagha, ada dua disiplin, yaitu jalan ilmu pengetahuan bagi cendekiawan (dan) jalan kerja bagi yang giat.


III - 4
n kmR,amnarM.an{WZkMy| puruzo_Xnute -
n c s'Nyasnadev isi×' smi/gC^it --
na karmaóàm anàrambhàn    naiûkarmyaý puruûo ‘únute,
na ca saýnyasanàd ewa    siddhiý samadhigacchati.
Manungsa ora bisa ngukup, yén ora nglakoni panggawé kang tan agawé sarta ora bisa sampurna saka lumuh ing panggawé.
Not by abstention from work does a man attain freedom from action; nor by mere renunciation does he attain to his perfection.
Tanpa kerja orang tak akan mencapai kebebasan, demikian juga ia tak akan mencapai kesempurnaan karena menghindari kegiatan kerja.


III - 5
n ih kiéT=,mip jatu itîTykmR²t( -
kayRte övx" kmR svR" p[²itjWguR,W" --
na hi kaúcit kûaóam api    jàtu tiûþhaty akarma-kåt,
kàryate hy awaúaá karma    sarwaá prakåti-jair guóaiá.
Sabab sanadyan amung sawatara, ora ana manungsa kang ora nindaki panggagwé, marga lakuné kabéh iki ora kalayan kinarepaké, wus kagawa saka wataking prakriti (wiji kang gumelar ing jagat).
For no one can remain even for a moment without doing work; every one is made to act helplessly by the impulses born of nature.
Walaupun untuk sesaat tak seorangpun mampu untuk tidak berbuat, karena setiap manusia dibuat tak berdaya oleh hukum alam, yang memaksanya bertindak.

Katerangaké ing kidung kasebut ing nduwur, yén carané wong anggayuh karahayon iku ana loro dedalané, yaiku panunggal sarana kawruh lan panunggal sarana panggawé. Ing bab iki, akéh juru werdi kang béda-béda enggoné amerdéni, nanging kang wis cetha apa kang dikersakaké déning Sri Kresna, yaiku pangastuti warna loro mau : panggawé kang tan agawé, déné kang kapindo : bakal ora bisa sampurna yén wong lumuh ing panggawé.
Panunggal kang sarana kawruh, yaiku panunggal ngudidaya bisané meruhi kang sejati, kang sipaté langgeng, ora owah gingsir. Ora mung kandeg meruhi lan anékadi baé, nanging iya yakin marang sipaté lan anané sarta idep ing kapercayané. Yén ing tembungé kang kalumrah saiki iman/sraddha, liré : ngyakinaké marang anané Zat/Sukma kang maha suci, pitaya kanthi terus ing ati marang anané Pangwasa kang langgeng, kang orakena ing pati, lan enggoné yakin percaya mau ora mung ing lathi, nanging terus ing ati sanubari lan marga saka kawruhé wis mangerti temenan, wis makrifat. Déné manembah mau, mung niyat manembah tanpa ana suprih pamrih, muhung ihlas karana Allah/Sang Hyang Widhi, karana sucining niyat, tanpa mélik kanggo kabegjané déwé.
Ing pada kang kaping 6, Sri Kresna ngandika :


III - 6
kmeRid–yai, s'yMy y AaSte mnsa Smrn( -
—iNd–yaqaRiNvmU!aTma imQyacar" s £Cyte --
karmendriyàói saýyamya    ya àste manasà smaran,
indriyàrthàn wimùîhàtmà    mithyàcàraá sa ucyate.
Sapa-sapa sanadyan bisa amisésa panggawéning pancéndriyané, nanging pikiré mung amburu kekarepané kang kléru, - iku sinebut suci tetiron.
He who restrains his organs of action but continues in his mind to brood over the objects of sense, whose nature is deluded is said to be a hypocrite (a man of false conduct).
Ia yang duduk mengendalikan pañca indranya tetapi pikirannya ingat kenikmatan yang menjadi objek indranya, sesungguhnya ia adalah hipokrit (orang munafik).

Terang pangandikané Sri Kresna, ing sapa katoné ing lathi wis bisa ngeréh pancéndriyané, ora minum, ora main, ora madat, - nanging yén pikiré isih amburu kang kléru-kléru liyané, - iya durung aran magawé kang tan agawé. Sapa kang wis bisa ngeréh watak wataké kang asor, wis ora mérén, ora panastén, - nanging yén durung idep marang Zat/Sukma kang sejati, - iya isih durung aran manembah anggayuh karahayon.
Sapa kang wis katonné nindakaké samadi saben mbengi, nanging yén sejatiné pikirané isih ngambra-ambra utawa isih durung khusuk temenan, iya isih durung aran manembah sarana kawruh. Uga sapa kang wis nindakaké sembahyang, nanging isih ndarbéni mélik pepénginan tumrap kabegjané déwé, isih durung aran sembahyang kang karana Sang Hyang Widhi.
Malah-malah, manut Sri Kresna, wong kang wis bisa amisésa pancéndriya, nanging pikiré isih ngambra-ambra iku kena sinebut janma suci tetiron. Yen tembungé wong kang manut agama, wong kang mung éthok-éthok suci, mung katonné baé bekti, nanging atiné isih kebak pepénginan, - wong kang mangkono mau klebu éwoné munafik.
Mula kang dikarepaké ing tetembungan manunggal kang tanpa agawé, yaiku wong kang nindakaké panembah, nanging kang tanpa ndarbéni pepénginan, kang sepi ing pamrih. Yén carané wong kang netepi saréngating agamané déwé-déwé, yaiku wong kang sembahyang kang kanthi niyat sembahyang temenanan, liré mligi mung nedya manembah ing Gusti, mligi akaranan Sng Hyang Widhi, iklas tanpa ngarep-arep pikoléhé.
Déné panembah tumuju marang karahayon, manut dedalan kang kapindo, yaiku panembah sarana magawé, luwih cetha ing kidung pada 7, 8 lan 9 kang kapacak ing ngisor iki :


III - 7
yiSTviNd–yai, mnsa inyMyar.te_juRn -
kmeRiNd–yW" kmRyogmsµ" s ivixZyte --
yas tw indriyàói manasà    niyamyàrabhate ‘rjuna,
karmendriyaiá karma-yogam    asaktaá sa wiúiûyate.
Ananging sing sapa anelikaké pancéndriya lan pikirané; - héh atmajaning Kunthi. - iya iku sinebut bisa nunggal sarana panggawé, marga ora karem marang panggawéné.
But he who controls the senses by the mind, O Arjuna, and without attachment engages the organs of action in the path of work, he is superior.
Sesungguhnya orang yang dapat mengendalikan pañca indranya dengan pikiran, wahai Arjuna, dengan pañca indranya bekerja tanpa keterikatan, ia adalah sangat dihormati.


III - 8
inyt' k¦ä kmR Tv' kmR Jyayo ökmR," -
xr¢rya]a_ip c te n p[is×)edkmR," --
niyataý kuru karma twaý    karma jyàyo hyakarmaóaá,
úarìra-yàtràpi ca te na    prasiddhyed akarmaóaá.
Sampurnakna nggonira anindaki panggawé bener, sabab iku luwih prayoga tinimbang ing gawé, lan sira ora bisa rumeksa marang jasatira, yén ora ngakoni panggawé.
Do thou thy allotted work, for action is better than inaction; even the maintenance of thy physical life cannot be effected without action.
Bekerjalah seperti yang telah ditentukan, sebab berbuat lebih baik daripada tidak berbuat, dan bahkan tubuhpun tak akan berhasil terpelihara tanpa berkarya.


III - 9
yDaqaRTkmR,o_Ny] loko_y' kmRbN/n" -
tdqR' kmR kONtey muµs½" smacr --
yajñàrthàt karmaóo ‘nyatra   loko ‘yaý karma-bandhanaá,
tad-artham karma kaunteya    mukta-saògaá samàcara.
Kajaba panggawé kang marga saka kurban, donya iki tinalen déning panggawé, mula sampurnakna ananing panggawe mau, kalisa saka karem.
Save work done as and for a sacrifice this world is in bondage to work. Therefore, O son of Kunti (Arjuna), do thy work as a sacrifice, becoming free from all attachment.
Dan tujuan berbuat yajña itu menyebabkan dunia ini terikat oleh hukum karma, karena itu wahai Arjuna, bekerjalah tanpa pamrih, tanpa kepentingan pribadi, wahai Kuntiputra.

Diarani nunggal sarana panggawé, marga kang nindakaké ora karem marang panggawéné, liré marang wohing panggawéné, marga wis bisa nelukaké pancéndriyané kang kebak déning suprih lan pamrih. Dadi makarti iku, uga klebu sawijining panembah yén apa kang dipakertékaké mau klebu tindak kang utama sarta ora kisénan ing kamélikan, pindané wong kang nindakaké kurban kang ora ngarep-arep marang ganjarané.
Mungguh wujudé panggawé mau, wis diterangaké déning Sri Kresna, yén ndonya iki prasasat tinalénan ing panggawé, gumelar ing ngendi-endi lan warna-warna kawujudané. Kebak ing kalodangan lan kasempatan tumrap sapa baé kang pancén nedya nindaki panembah, nindakaké pituturing agamané, - amar makruf, - sarana nikel-nikelaké panggawé becik, amal saléh, nyampurnakaké pakarti utama.
Manut pituturé wong-wong tuwa, ménéhana teken wong kalunyon, awéhana payung wong kodanan, wéwéha banyu wong kang ngorong, silihanan kudung wong kepanasan, awéha pangan wong kaliren. Penggawé becik gumelar ing ngendi-endi, mung kari ngenténi kang nindakaké baé. Ngupakara bocah lola, miyara bocah yatim, ngreksa wong-wong jompo, asung rumatan wong-wong lara, mengkono sapixxxxté ora kurang-kurang panggawé kang nedya asung kabecikan marang masyarakat. Iku mau kabéh yén ditindakaké kanthi tanpa suprih-pamrih, aran klebu sawijining panembah.
Ing sarupaning wulang agama apa baé, uga wis ana pakon lan pangatag, apadéné tuntunan supaya pameluké pada tumandang gawé nindakaké amal minangka panembah, tanpa mélik golék misuwuring jeneng, tanpa mélik piwales.
Nanging yén wong nindakaké sawiji-wijining panggawé mung saka netepi wajibé, déné wis nampa upah kanggo nindaki, - iku ora klebu panembah, mung ateges netepi wajib ing kalangan pagawéyané baé, dudu wajib saka préntahing agama, utawa wajib saka karsaning Pangéran.
Lagi aran panembah, yén wong kang nindakaké wajibé pegawéyané mau, disartani ing tékad kanthi tulus iklas muwuhi utamaning pakartiné, nikelaké wajibé, demi asung pitulungan kanthi sucining ati.
Sepira gedéné kamélikan, nalikané wong nindakaké panembah mau, dingendikaké déning Sri Kresna ing pada 39 nganti 42 mengkéné :


III - 39
Aav*t' Danmeten Dainno inTyvWir,a -
kamåpe, kONtey duZpUre,anlen c --
awåtaý jñànam etena    jñànino nitya-wairióà,
kàma-rùpeóa kaunteya    duûpùreóànalena ca.
Héh Pandutanaya! Kawicaksanan iku linimputan ing mungsuh, kang kena binasakaké langgeng, yaiku kang awujud kamélikan, utawa saka pangobaré geni tanpa marem.
Enveloped is wisdom, O Son of Kunti(Arjuna), by this insatiable fire of desire, which is the constant foe of the wise.
Tertutuplah ilmu pengetahuan kebajikan itu oleh nafsu yang tidak puas-puasnya pada mereka, yang merupakan musuh utama, wahai Arjuna.


III - 40
—iNd–yai, mnobui×rSyai/îanmuCyte -
EtWivRmohyTyez Danmav*Ty deihnm( --
indriyàói mano buddhir    asyàdhiûþhànam ucyate,
etair wimohayaty eûa    jñànam àwåtya dehinam.
Diarani yén indriya, cipta lan budhi iku padununganing rajas tamas tamas, karana iku anggoné anasaraké jiwa lan anasabi kawicaksanan.
The senses, the mind and the intelligence are said to be its seat. Veiling wisdom by these, it deludes the embodied (soul).
Pañcaindra, pikiran dan kecerdasan adalah kendaraan baginya; dengan tertutupnya ilmu pengetahuan olehnya menyebabkan bingungnya jiwa dalam badan.


III - 41
tSmaÑvimiNd–ya<yadO inyMy .rtzR. -
paPman' p[jih öen' DanivDannaxnm( --
tasmàt twam indriyàóy àdau    niyamya bharatarûabha,
pàpmànaý prajahi hy enaý    jñàna-wijñàna-nàúanam.
Sawusé sira anelukaké indriyanira, nuli sirnakna kang dadi pangrusaking kawicaksanan lan kawruh.
Therefore, O Best of Bhàrata (Arjuna), control thy senses from the beginning and slay this sinful destroyer of wisdom and discrimination.
Dari itu, pertama-tama kendalikanlah pañca indriamu dan basmilah nafsu yang penuh dosa, perusak segala pengetahuan dan kebijakan, wahai Arjuna yang baik.


III - 42
—iNd–yai, pra<yahuiriNd–ye>y" pr' mn" -
mnsStu pra bui× yoR bu×e" prtStu s" --
indriyàói paràóy àhur    indriyebhyaá paraý manaá,
manasas tu parà buddhir    yo buddheá paratas tu saá.
Ing layang kita Upanisad muni: manawa indriya iku sanduwuring badan, sanduwuring indriya pikiran, ananging saduwuring pikiran iku budhi, déné saduwuring budhi iya panjenengané.
The senses, they say, are great, greater than the senses is mind, greater than mind is intelligence but greater than the intelligence is he.
Orang mengatakan pañca indria itu lebih besar dari pada badan, lebih besar dari padanya adalah nurani, lebih besar dari nurani adalah intelek, tetapi lebih besar dari intelek adalah Dia (àtman).

Dadi kamélikan iku gedé banget tebané. Ing ngendi-endi wong kang nedya tumindak kautaman tansah digegoda déning kamélikan. Ing wayah apa baé nalikané wong nindakaké panembah, kamélikan tansah thukul lan tansah semi nalikané wong rumagang nedya anggayuh karahayon, marga kalumrahané wong urip iku pancén angél bisané marem, kang mangka ing ngendi tuwuh rasa ora marem, ing kono tuwuhé uga kamélikan.
Ing pada kang kaping 40 disebutaké, yén indriya, cipta lan budhi iku padunungané rajas tamas. Apa kang sinebut ing istilah rajas tamas iki isih bakal diterangaké déning Kresna ing bawarasa kang kaping XIV. Dadi sejatiné mono wejangan ing “Kidung Sukma” iki ora urut tatanané, sok blenjat-blenjat, ambingungaké. Mula istilah loro kasebut bakal diterangaké ing pérangan liya, supaya bisa runtut enggon kita mawas saripathiné piwulang adiluhung iki. Mengkono uga istilah “panjenengané” kang tinemu ing pada kaping 42, bakal diterangaké yén wis merdéni tegesé tembung “Ingsun” supaya bisa ambabar-pisani.
Saripathiné pangandika : Anggayuh katentreman kang langgeng dalané warna loro. Sarono panunggal meleng cipta ngésthi Sukma kang langgeng, nyirnakaké kekarepan-kekarepan babagan kadonyan : lan kapindo : sarana panunggal nindakaké panggawé kamulyan tanpa suprih-pamrih.

Bersambung ke: V Sepi ing pangangkah kebak ing panembah

Tidak ada komentar:

Posting Komentar