Jumat, 18 Mei 2012

Kidung Sukmo IX - arti kuda pada kereta krisna

IX Prasemoné jaran telu kang nggéréd kréta.

 Ing bawarasa kang kaping XIII, Sri Kresna mindakaké badan wadag kadidéné pategalan, déné Sukma Sejati kadidéné kang ndarbéni lan meruhi. Kidung kang kamot ing pérangan iki sejatiné ora banget-banget bédané karo wejangan-wejangan kang wis kepungkur. Mung nedya ngantepaké wigatiné Roh kang dumunung ana ing angganing manungsa, déné pategalan mung saderma dadi panggonan nenandur, kang kudu diupakara kanthi becik.

Ing pérangan iki, Sri Kresna enggoné migatékaké panembah marang Ingsun nganti nglahiraké pepindan, yén wong kang katarima iku kajabané mung wong kang wis lali marang sipat-sipat kang asor, nanging uga kudu susila, ora duwé piyangkuh, anoraga, ora nduwé dosa, paramarta, adil, bekti ing guruné, suci, santosa, sarta amatesi pribadiné, kang ing tembungé manca wis naté kaaturaké zelfbeheersing. Mung ing kidung kang nomer 9 lan 10, tinemu wedaran kang abot banget :


XIII - 9
Asiµrni.Zv½" pu]darg*haidzu -
inTy' c smicÑaTvimìainìoppiÑazu --
asaktir anabhiûwaògaá    putra-dàra-gåhàdiûu,
nityaý ca sama-cittatwam   iûþaniûþopapattiûu.
Ora kasengsem, ora tresna marang anak bojo, omah lan sapanunggalané sarta pada baé panampané, marang kedadéyan kang kena kinarepaké utawa kang ora kena kinarepaké.
Non-attachment, absence of clinging to son, wife, home and the like and a constant equal-mindedness to all desirable and undesirable happenings.
Ketidak terikatan, bebas dari ketergantungan pada anak, istri, rumah tangga dan sebagainya, selalu sama dalam menghadapi peristiwa yang menyenangkan atau tak menyenangkan.


XIII - 10
miy canNyyogen .iµrVyi.cair,¢ -
ivivµdexseivTvmritjRns'sid --
mayi cànanya-yogena    bhaktir awyabhicàrióì,
wiwikta-deúa-sewitwam    aratir jana-saýsadi.
Bekti marang Ingsun, ora nyimpang ora kamomoran liyané, anekani sakéhing panggonan kang sepi, ora seneng ana antarané paraméyan.
Unswerving devotion to Me with wholehearted discipline, resort to solitary places, dislike for a crowd of people.
Berbakti kepada-Ku dengan keteguhan hati tanpa tujuan lain melalui yoga, sering-sering pergi ke tempat-tempat sunyi, menjauhi masyarakat manusia.


Yén wong wis mengkono kahanané, lagi bakal manunggal ing Sukma Sejati. Wejangan kang mangkéné iki gampang banget disurasa kaliwat wates, marga wong kang nedya anggayuh kasampurnan banjur kudu ora mikir balé omah, kudu ninggal anak bojo lan saterusé. Yén mengkono, banjur tuwuh pitakonan, gék apa kuwajibané wong urip ing ndonya déné wis tinakdir urip sarana bebrayan, déné kudu mengku balé-omah sarta kudu netepi kuwajiban mbangun turunan?
Apa kersané Sri Kresna ana ing pangandika mau mung nedya ngantepaké déné wong kang manembah iku kuduné ngeningaké cipta kang temen-temen nganti sajroné nindakaké mau ora mikir anak bojo? Yén mung mengkono baé, lagi aran panembah kang laras marang kuwajibané titah ing ndonya.
Nanging kidung rong pada ing nduwur sejatiné prasemon tumrap sapa kang wis lulus enggoné manembah, kang wis nedya mungkur temen-temen saka pepénginan lan pengaruh ndonya. Pralambang uga tumrap sapa kang wis rumangsa nedya kapundut déning Kang Maha Kuwasa, ing mangsané arep nglepasaké ragané, kuduné iya kaya apa kang wis ora sengsem, ora abot marang anak bojo, omah lan sapanunggalané, mung kudu bekti lan sengsem marang pangéran.
Saterusé, ing bawarasa kang kaping XIV, Sri Kresna nerangaké wujudé kang diarani rajas, tamas lan sattwam. Kita pacak patang pada (8 - 10) njupuk kang perlu-perlu baé:


XIV - 8
tmSTvDanj' ivi× mohn' svRdeihnam( -
p[madalSyind–ai.StiÞb/{ait .art --
tamas tw ajñàna-jaý widdhi   mohanaý sarwa-dehinàm,
pramàdàlasya-nidràbhis    tan nibadhnàti bhàrata.
Sumurupa mungguhing rajas, iya hawa nafsu ngangsa-angsa lan karem, héh atmajaning Kunthi, - sabab karem marang panggawé, marmané ambanda manuksméng badan.
But dullness (tamas), know thou, is born of ignorance and deludes all embodied beings. It binds, O Bhàrata (Arjuna), by (developing the qualities of) negligence, indolence and sleep.
Ketahuilah (pula), wahai Bharata, bahwa sifat tamah sesungguhnya lahir dari kebodohan, yang membingungkan semua perwujudan dan mengikatnya dengan ketololan, kemalasan dan ketiduran.


XIV - 9
sÑv' su%e sÇyit rj" kmRi, .art -
Danmav*Ty tu tm" p[made sÇyTyut --
sattwaý sukhe sañjayati    rajaá karmaói bhàrata,
jñànam àwåtya tu tamaá   pramàde sañjayaty uta.
Nanging kawruhana mungguhing tamas, kang wetuné saka kabodohan, iya tukang mblasukaké jiwa; - O, Arjuna, - iya iku wéya, lan sungkanan (keséd), uga ambanda kang manuksméng badan.
Goodness attaches one to happiness, passion to action, O Bhàrata (Arjuna), but dullness, veiling wisdom, attaches to negligence.
Sattva mengikat seseorang pada kebahagiaan, rajah pada kegiatan kerja, wahai Bharata, sementara tamah menyelubungi pengetahuan dan mengikat kita pada kekurang waspadaan.


XIV - 10
rjStméai..Uy sÑv' .vit .art -
rj" sÑv' tméWv tm" sÑv' rjStqa --
rajas tamaú càbhibhùya    sattwaý bhawati bhàrata,
rajaá sattwaý tamaú caiwa   tamaá sattwaý rajas tathà.
Satwam iku sinartanan kabegjan, rajas panggawé, - duh tedaking Bharata, - nanging tamas sinartanan wéya, yaiku kang nutupi kawicaksanan.
Goodness prevail, overpowering passion and dullness, O Bhàrata (Arjuna). Passion prevails, (overpowwering) goodness and dullness and even so dullness prevails (overpowering) goodness and passion.
(Bila) Sattva mengatasi rajah dan tamah, wahai Arjuna, demikian pula rajah bila mendominasi tamah dan sattva; sebagaimana juga adanya tamah yang mengatasi sattva dan rajah.


Yén déwéké luwih kuwat saka rajas lan tamas, iku tetepé sattwam, yén rajas luwih rosa saka sattwam, lan tamas, tetep rajasé, déné yén sattwam lan rajas kalah rosa, iya tetep tamasé.

Nalika Sri Kresna ngusiri kréta kang tumuju marang tegal Kuruksétra, krétané digéréd ing jaran kang kéhé telu. Ora loro utawa ora papat kaya kalumrahané kréta kaé, nanging telu. Apa sababé? Marga jaran tetelu mau iya dienggo pralambang déning Sri Kresnadwipayana kang ngarang “Bhagawad Gita”, dienggo prasemon anané sesipatan tetelu : rajas, tamas lan sattwam mau.
Sri Kresna wis kaleksanan bisa ngusiri kréta lan ngelisi utawa ngendaléni jaran tetelu mau, iku ngandut teges yén Sri Kresna wis kaleksanan bisa ngendaléni nafsu tetelu : rajas, tamas lan sattwam.
Katerangan bab sipat telu mau, bisa disumurupi manéh ing bawarasa kang kaping XVIII. Supaya bisa runtut, beciké pérangan kasebut kita pacak kumpul ing kéné baé, minangka sambungané katerangan ing nduwur :


XVIII - 23
inyt' s½rihtmragÜezt" ²tm( -
Aflp[ePsuna kmR yÑaTsaiÑvkmuCyte --
niyataý saòga-rahitam   aràga-dweûataá kåtam,
aphala-prepsunà karma    yat tat sàttwikam ucyate.
Sawijining panggawé kang kongsi rampung, mangka uwal saka karem, tanpa murka lan gething, linakonan ing sujanma kang ora kapéngin wohé, yaiku diarani saka sattwam.
An action which is obligatory, which is performed without attachment, without love or hate by one undesirous of fruit, that is said to be of “goodness.”
Kegiatan kerja yang wajib dilakukan oleh seseorang tanpa bertujuan mencari pemenuhan keinginan pribadinya, bebas dari keterikatan, yang bekerja dengan tiada kecintaan dan kebencian itu yang dinamakan sàttvika.


XVIII - 24
yÑau kamePsuna kmR sah'kare, va pun" -
i¹yte bhulayas' td–ajsmudaòtm( --
yat tu kàmepsunà karma    sàhaòkàreóa wà punaá,
kriyate bahulàyàsaý   tad ràjasam udàhåtam.
Ananging panggawé kang linakonan ing wong, jalaran saka kapéngin sarta mélik, apa déné kang tumindaké sarana angkara, sarta kenceng nggoné nindaki, iku dianggep saka rajas.
But that action which is done in great strain by one who seeks to gratify his desires or is impelled by self-sense, is said to be of the nature of “passion”.
Tetapi kegiatan yang dilakukan dengan usaha-usaha keras karena terdorong oleh keinginan dan ke-aku-an dikatakan kegiatan yang ràjasa.


XVIII - 25
AnubN/' =y' ih'samnpe+y c pOäzm( -
mohadar>yte kmR yÑaÑaamsmuCyte --
anubandhaý kûayaý hiýsàm   anapekûya ca pauruûam,
mohàd àrabhyate karma   yat tat tàmasam ucyate.
Panggawé kang tanpa angéngeti kadadéyané kang anjalari tuna sarta kélangan, utawa kawasa kang kalakoné saka nasar, iku kena diarani saka tamas.
The action which is undertaken through ignorance, without regard to consequences or to loss and injury and without regard to one’s human capacity, that is said to be of “dullness”.
Kegiatan kerja yang dilakukan karena kebingungan tanpa menghiraukan akibatnya, menyakiti hati dan tak hirau akan kemampuan, yang demikian itu disebut tàmasa


XVIII - 26
muµs½o_nh'vad¢ /*TyuTsahmiNvt" -
is×)is×)oinRivRkar" ktaR saiÑvk £Cyte --
mukta-saògo 'nahaý-wàdì    dhåty-utsàha-samanwitaá,
siddhy-asiddhyor nirwikàraá   kartà sàttwika ucyate.
Mardika saka karem, tanpa angrasani bab awaké déwé darbé karosan, miwah kasantosan, ora kéguh déning kadadéyan lan ora kadadéyan, - iku diarani tukang manggawé saka sattwam.
The doer who is free from attachment, who has no speech of egoistisme, full of resolution and zeal and who is unmoved by success or failure - he is said to be of nature of “goodness”.
Pelaku yang bebas dari keterikatan dan tidak egois dalam berbicara, penuh dengan keteguhan hati, tak tergoyahkan oleh keberhasilan maupun kegagalan, ia dinamakan sàttvika.


XVIII - 27
rag¢ kmRflpe[PsuluRB/o ih'saTmko_xuic" -
hzRxokaiNvt" ktaR rajs" pirkIitRt" --
ràgì karma-phala-prepsur    lubdho hiýsàtmako 'úuciá,
harûa-úokànwitaá kartà    ràjasaá parikìrtitaá.
Murka, kapéngin marang wohing panggawé, pamrih, ngrubéda, reged, tansah kombak kombul déning bungah lan susah, tukang manggawé iku diarani rajas.
The doer who is swayed by passion, who eagerly seeks the fruit of his works, who is greedy, of harmful nature, impure, who is moved by joy and sorrow - he is said to be of “passionate” nature.
Pelaku yang terbawa arus hawa nafsu, menginginkan pahala kerja, loba, berbahaya tak suci, mudah terpengaruh suka dan duka ia dinamakan ràjasa.


XVIII - 28
Ayuµ" p[a²t" StB/" x#o nWZ²itko_ls" -
ivzad¢ d¢`RsU]¢ c ktaR tams £Cyte --
ayuktaá pràkåtaá stabdhaá    úaþho naiûkåtiko 'lasaá,
wiûàdì dìrgha-sùtrì ca    kartà tàmasa ucyate.
Tanpa adil, ladak, wangkah, goroh, wéya, ala, panggresah miwah anyenyuwe iku diarani tukang manggawé saka tamas.
The doer who ia unbalanced, vulgar, obstinate, deceitful, malicious, indolent, despondent and procrastinating, he is said to be of the nature of “dullness.”
Pelaksana yang pikirannya tak terkendalikan, tak beradat, sombong, tidak jujur, berhati jahat, tebal muka, pengecut dan suka menunda-nunda, ia dinamakan bersifat tàmasa.


XVIII - 29
bu×e.eRd' /*teéWv gu,tiïiv/' x*,u -
p[oCymanmxeze, p*qKTven /nÇy --
buddher bhedaý dhåteú caiwa    guóatas tri-widhaý úåóu, 
procyamànam aúeûeóa   påthaktwena dhanañjaya.
Héh Arjuna! Piyarsakna pérang-péranganing budhi lan kasantosan, iku ana tetelu condong lan guna, bakal dak-terangaké kang cetha.
Hear now the threefold distinction of understanding as also of steadiness, O Winner of wealth (Arjuna), according to the modes, to be set forth fully and separately.
Wahai Dhanañjaya (Arjuna), dengarkan perbedaan dari tiga pengertian dan juga keteguhan hati, sesuai menurut guóa seluruhnya dan juga masing-masingnya.


XVIII - 30
p[v*iÑa' c inv*iÑa' c kayaRkayeR .ya.ye -
bN/' mo=' c ya veiÑa bui×" sa paqR saiÑvkI --
prawåttiý ca niwåttiý ca   kàryàkàrye bhayàbhaye,
bandhaý mokûaý ca yà wetti    buddhiá sà pàrtha sàttwikì.
Budhi, kang weruh taberi lawan keséd, apa kang kudu digarap, lan apa kang kudu ora digarap, wedi lan ora wedi, babandan lan kamardikan, -lah Pritaputra, - iku saka sattwam.
The understanding which knows action and non-action, what ought to be done and what ought not to be done, what is to be feared and what is not to be feared, what binds and what frees the soul (that understanding), O Pàrtha (Arjuna), is of the nature of “goodness”.
Kecerdasan yang mengenal jalan kegiatan kerja dan penyangkalan, apa yang harus dikerjakan dan yang tidak, takut dan tanpa rasa takut, terikat dan bebas, pengertian yang dimaksud seperti itu ketahuilah, wahai Arjuna adalah sàttvika.

Kaya mengkono wewijangané lan béda-bédané rajas tamas lan sattwam kang uga wis naté kepranggul ing wedaran-wedaran ing ngarep.
Kacarita, yén Sri Kresna kang ngendaléni jaran tetelu mau, jaran telu pisan bakal tansah nurut apa saparéntahé lan sakersané kang ngendaléni. Nanging yén kang ngendaléni mau durung cukup kawruhé, jaran tetelu mau ora bakal bisa manut sapréntahé kusir, bisa uga kang siji arep mbedal, sijiné mogok ora gelem tumindak. Mula saka iku, najan jaran tetelu mau wataké béda-béda, nanging yén sing ngusiri wis baud temenan, satemah jaran bisa dieréh, gelem nggéréd kréta manut kekarepané si kusir, nganti bisa tekan ing satengahing tegal Kuruksétra.
Sabanjuré Sri Kresna isih nerangaké ing pada 31 tumekané 34 bab nafsu tetelu mau :


XVIII - 31
yya /mRm/m| c kay| cakayRmev c -
AyqavTp[janait bui×" sa paqR rajs¢ --
yayà dharmam adharmaý ca    kàryaý càkàryam ewa ca,
ayathàwat prajànàti   buddhiá sà pàrtha ràjasì.
Manungsa kang budhiné mung meruhi dharma kang durung sampurna, lan kang ora bener, apa kang kudu ditindaki, lan kang ora ditindaki, -héh atmajaning Prita, -iku sangka rajas.
That by which one know in a mistaken way the right and the wrong, what ought to be done and what ought not to be done - that understanding, O Pàrtha (Arjuna), is of the nature of “passion”.
Kecerdasan yang mengetahui benar dan salah, yang boleh dikerjakan dan yang tidak boleh dikerjakan, namun secara keliru, wahai Arjuna inilah yang disebut bersifat ràjasa.


XVIII - 32
A/m| /mRimit ya mNyte tmsav*ta -
svaRqaRiNvpr¢ta'é bui×" sa paqR tams¢ --
adharmaý dharmam iti yà   manyate tamasàwåtà,
sarwàrthàn wiparìtàýú ca    buddhiá sà pàrtha tàmasì.
Budhi kang amarga kalimput ing pepeteng, mung nganggep bener, tumrap kang ora bener, sarta samubarang kléru pamikiré, - O, Pritatanaya, - iku saka tamas.
That which, enveloped in darkness, conceives as right what is wrong and sees all things in a perverted way (contrary to the truth), that understanding, O Pàrtha (Arjuna), is of the nature of “dullness”.
Pengertian yang terselimuti oleh kegelapan sehingga yang benar dikatakan salah dan segala yang dilihat sebaliknya, wahai Arjuna, itulah yang dinamakan tàmasa.


XVIII - 33
/*Tya yya /aryte mn" p[a,eiNd–yi¹ya" -
yogenaVyi.cair<ya /*it" sa paqR saiÑvkI --
dhåtyà yayà dhàrayate   manaá-pràóendriya-kriyàá,
yogenàwyabhicàrióyà    dhåtiá sà pàrtha sàttwikì.
Sujanma kang panunggalé sarta pakartiné pikiré tetep, ora nyléwéng, masésa pancéndriya sarta napasing urip, - duh Pritaputra, - iku saka sattwam.
The unwavering steadiness by which, through concentration, one controls the activities of mind, the life breaths and the senses, that, O Pàrtha (Arjuna), is of the nature of “goodness”.
Kemantapan yang tak tergoyahkan, yang dengan pelaksanaan yoga seseorang mengendalikan kegiatan pikiran, pernafasan dan indra-indra, wahai Arjuna, keteguhan inilah yang sàttvika.


XVIII - 34
yya tu /mRkamaqaRN/*Tya /aryte_juRn -
p[s½en flakaÁI /*it" sa paqR rajs¢ --
yayà tu dharma-kàmàrthàn   dhåtyà dhàrayate 'rjuna,
prasaògena phalàkàòkûì    dhåtiá sà pàrtha ràjasì.
Ananging kasantosaning wong, kang marang kamélikan, lan marang kasugihan, - héh Arjuna, - marga karemé marang wohé; - O, atmajaning Prita, - iku saka rajas.
The steadiness by which one holds fast to duty, pleasure and wealth desiring the fruit in consequence there of - that, O Pàrtha (Arjuna), is of the nature of “passion”.
Tetapi, wahai Arjuna, kemantapan yang berpegang pada kewajiban, kesenangan kekayaan, menginginkan pahala sebagai konsekwensi karena keterikatan, keteguhan ini adalah bersifat ràjasa.

Ing kidung pérangan wekasan (35, 36, 37) bab rajas tamas sattwam kang kapacak iki, nélakaké yén sipat tetelu mau najan béda-béda, nanging yén kang mengkoni sawijining wong wicaksana, - pikoléhé iya becik, iya bisa nekakaké kang sarwa paédah.


XVIII - 35
yya Svp{' .y' xok' ivzad' mdmev c -
n ivmuÆit dumeR/a /*it" sa paqR tams¢ --
yayà swapnaý bhayaý úokaý    wiûàdaý madam ewa ca,
na wimuñcati durmedhà   dhåtiá sà pàrtha tàmasì.
Kasantosan kang agawé wong bodo ora bisa ninggal guru, lara, sedih, pedoting pangarep-arep,- lah Pritaputra, - iku saka tamas.
That steadiness by which a fool does not give up sleep, fear, grief, depression and arrogance, that, O Pàrtha (Arjuna), is of the nature of “dullness”.
Keteguhan hati yang bodoh tak mau melepaskan tidur,kemalasan,kecemasan,kesedihan keputusasaan dan kesombongan, wahai Arjuna, keteguhan hati inilah tàmasa.


XVIII - 36
su%' iTvdan¢' i]iv/' x*,u me .rtzR. -
A>yasad–mte y] du"%aNt' c ingC^it --
sukhaý tw idànìý tri-widhaý   úåóu me bharatarûabha,
abhyàsàd ramate yatra    duákhàntaý ca nigacchati.
Héh tedak Bharata, -ananging samengko piyarsakna kamulyan tetelu kang saka Ingsun, yén dén udi ing kono temah anggayuh kasenengan lan wasananing prihatin.
And now hear from Me, O Best of the Bharatas (Arjuna), the three kinds of happiness. That in which a man comes to rejoice by long practice and in which he reaches the end of his sorrow.
Tetapi sekarang dengarkanlah dari Aku tiga macam kebahagiaan, wahai Arjuna, dimana dengan membiasakannya seseorang menjadi berbahagia dan mencapai akhir kedukaannya.


XVIII - 37
yÑadg[e ivzimv pir,ame_m*topmm( -
tTsu%' saiÑvk' p[oµmaTmbui×p[sadjm( --
yat tad agre wiûam iwa    parióàme 'måtopamam,
tat sukhaý sàttwikaý proktam    àtma-buddhi-prasàda-jam.
Kabegjan kang mauné saka wisa, ananging wekasané pada lan banyu urip, kabegjan iku diarani saka sattwam, metu saka kawruhing Sukma kang sampurna.
That happiness which is like poison at first and like nectar at the end, which springs from a clear understanding of the Self is said to be of the nature of “goodness”.
Kebahagiaan yang muncul dari pemahaman yang jelas tentang sang diri, yang awalnya laksana racun tetapi pada akhirnya ibarat ambrosia, dinyatakan sebagai sàttvika.

Ora mung ing “Bhagawad Gita” baé tinemu anané panggoda nedya tumuju laku kautaman lan kaslametan, - najan ing agama liya, wis pada akéh kang nguningani anané panggoda kang aran amarah, luwamah lan mutmainah, kang uga ndarbéni tataran saémper rajas tamas lan sattwam kaya kang wis kawedaraké ing nduwur mau.
panggoda mau bisané ndayani, yén kang nindakaké wis bisa ngeréh manuh kekarepané. Pindané jaran tetelu, sanajan wataké béda-béda, nanging yén kusiré wis undagi, nafsu-nafsu mau iya meksa isih bisa dieréh amnut kekarepané kang ngandaléni.

Bersambung ke: X Panunggal sarana kamardikan saka seleh.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar