Senin, 14 Mei 2012

Kidung Sukmo VIII - sembah bhakti

VIII Panembah kang muhung karanan panembah.


Saka wigatiné nerangaké nganti tapis bab kahanané Ingsun kang merlokaké pepindan rupa-rupa, - ing bawarasa kang kaping X, Sri Kresna isih nutugaké paring pangandika bab kang wigati mau. Réhné katerangané mau sejatiné akéh kang pada baé karo apa kang wis diwedaraké ing pérangan kaping IX, mula ing kéné iya mung kita aturaké pokoké baé :



X - 25
mhz¢R,a' .*gurh' igramSMyekm=rm( -
yDana' jpyDo_iSm Sqavra,a' ihmaly" --
maharûìóàý bhågur ahaý    giràm asmy ekam akûaram
yajñànàý japa-yajño 'smi    sthàwaràóàý himàlayaá.
Yén para resi, Ingsun tetungguling resi; yén tembung, Ingsun wanda kang sapisan; yén kurban, Ingsun pujian (jikir); yén maujud kang ora obah, Ingsun gunung Himalaya.
Of the great sages I am Bhågu; of utterance, I am the single syllable Aum; of offerings I am the offering of silent meditation and of unmovable things (I am) the Himàlaya.
Diantara maharûi Aku adalah Bhågu; diantara ucapan suci, Aku adalah Oýkara; diantara yajña, Aku adalah japa mantra; diantara benda-benda tak bergerakAku adalah Himalaya.

Gambaran kanggo ngantepaké keyakinan marang Arjuna, kaya kang kacetha ing kidung pada kang 25 ing nduwur iku, kabéh kahanan kang sarwa hébat, sarwa linuwih. Tuladané manéh, kaya ing ngisor iki :


X - 26
AXvTq" svRv*=a,a' devz¢R,a' c nard" -
gN/vaR,a' ic]rq" is×ana' kiplo muin" --
aúwatthaá sarwawåkûàóàý    dewarûìóàý ca nàradaá,
gandharwàóàý citrarathaá    siddhànàý kapilo muniá.
Yén kedadéyan Ingsun wiwitan, tengahan lang pungkasan, - héh Arjuna, - yén kawruh Ingsun kawruh adiyatma, déné yén wong ngucap, Ingsun : karepé.
Of all trees (I am) the Aúwattha and of divine seers (I am) Nàrada; among the gandharwas (I am ) Citraratha and of the perfected ones (I am) Kapila the sage.
Diantara kayu-kayuan Aku adalah Aúvattha; Diantara dewa -resi, Aku adalah Nàrada, Diantara para gandharva Aku adalah Citraratha; diantara para siddha Aku adalah Kapila.

Dingendikakaké yén wong ngucap, wujudé kang karan Ingsun iku : karepé. Nanging isih kurang cetha, wong ngucapaké gunem becik, apa ala, - apa ya mung angger ucap baé, ing kono uga tinemu karep kang ateges Ingsun? kang ngisruhaké manéh tumrap Arjuna, pangandika ing pada kang kaping 36 iki :


X - 36
ÛUt' ^lytamiSm tejStejiSvnamhm( -
jyo_iSm Vyvsayo_iSm sÑv' sÑvvtamhm( --
dyùtaý chalayatàm asmi     tejas tejaswinàm aham,
jayo 'smi wyawasàyo 'smi    sattwaý sattwawatàm aham.
Mungguh para botoh, Ingsun sarupaning ngabotohan, yén urup Ingsun soroté; - temené kang pada temen, iya Ingsun.
Of the deceitful I am the gambling; of the splendid I am the spelndour; I am victory; 1 am effort and 1 am the goodness of the good.
Aku ini penjudi diantara para penipu; Aku adalah kecemerlangan dari semua yang indah; Aku ini kejayaan dan Aku ini usaha; Aku adalah kebaikan dari segala yang baik.

Dadi, ora mung tinemu ing kahanan kang sarwa hébat, sarwa becik kaya kang wis kawedaraké ing pérangan ngarep, nanging Ingsun iku uga sarupaning ngabotohan mungguh ing para botoh. Mula marga saka isih judegé marang wawasan wujuding Ingsun kang uga diarani Roh utawa Sukma Sejati, apa Sinar Tuhan, - Arjuna banjur ndeseg marang Sri Kresna kepéngin dililani nyipati wujudé Ingsun mau, wujud kang kena dineleng nganggo mripat. Ing kono kacarita Sri Kresna banjur ngébaraké kaluwihané sarana ngatingalaké wewujudan warna-warna lan solan-salin, kang mujudaké kahanan kang sarwa ngébat-ébati, sarwa agawé mangkirigé githok, nanging iya sok njalari tuwuhing rasa anglam-lami.
Kasebut ing bawarasa kang kaping XI, ing pada 10 lan 11 mengkéné:


XI - 10
AnekvK]nynmnekaÙutdxRnm( -
AnekidVya.r,' idVyanekoÛtayu/m( --
aneka-waktra-nayanam    anekàdbhuta-darúanam,
aneka-diwyàbharaóaý    diwyànekodyatàyudham.
Katingal pinten-pinten pasuryan ingkang anggegirisi saha tutuk sarta nétra tanpa wilangan, ngagem rerenggan ingkang sarwa éndah, punapa déné sikep dedamel mawarni-warni.
Of many mouths and eyes, of many visions of marvel, of many divine ornaments, of many divine uplifted weapons.
Dengan banyak mulut dan mata, dengan banyak penglihatan luar biasa, dengan beraneka perhiasan devatà, dengan aneka senjata ilahi terhunus.


XI - 11
idVymaLyaMbr/r' idVygN/anulepnm( -
svaRéyRmy' devmnNt' ivëtomu%m( --
diwya-màlyàmbara-dharaý    diwya-gandhànulepanam,
sarwàúcarya-mayaý dewam    anantaý wiúwato-mukham.
Angagem makutha sarta kawaca ingkang sakalangkung adi, akekonyoh gandawina, satunggaling déwa ingkang angébat-ébati miwah tanpa watesan, pasuryanipun madep dateng sawarnining kéblat.é
Wearing divine garlands and raiments, with divine perfumes and ointments, made up of all wonders, resplendent, boundless, with face turned everywhere.
Dengan mengenakan kalungan bunga dan pakaian kayangan, minyak wangi dan wewangian surgawi, cemerlang berkilauan luar biasa, dengan muka menghadap kesemua jurusan.

Solan-salin kahanan kang dinulu déning Arjuna, mungguh wujudé kang sinebut Ingsun, terkadang awujud kahanan kang anggegilani, terkadang anrenyuhaké, terkadang awujud sawijining pangwasa kang ngébat-ébati, malih awujud sarwa éndah, nuli salin serem, sapituruté.
“Mara, samengko dulunen panungalingsun kang sarwa linuwih”, - mengkono pangandikané Sri Kresna karo ngatingali kahanan kang sarwa serem, sapituruté.
Bareng wis katog enggoné Arjuna nyipati kahanan kang ngébat-ébati sarta sarwa linuwih mau, banjur matur :


Awit saking wéya, salebetipun kula kéndel, ébah, linggih, neda, utawi pakempalan, kula kasupén dateng paduka, mila paringa aksama ing kula.


Paduka sudarmaning alam punika sadaya, sanadyan ingkang ébah, tuwin ingkang boten ébah, paduka tutungguling gurunipun sadaya wau, ingkang kedah linuhuraken, paduka boten wonten ingkang nyaméni, kadospundi sanésipun anggéning badé angungkuli, duh ingkang pangwasanipun boten sirna wontenipun ing tribawana.


Sabab ingkang punika pramila kula temah sumungkem saha nyuwun pangampunten, paduka pakulun ingkang kedah dipun ajrihi, mugi angapuntena, kaparenga paduka angampunten, kadosdéné bapa dateng mitranipun, tresna dateng katresnanipun.

Kepriyé sanyatané werdiné pangandikané Sri Kresna, déné Ingsun teka bisa dinulu déning manungsa, tur ngatingali sarana wewarnan rupa-rupa, anggegirisi, serem, ngébat-ébati, nengsemaké, - kang mangka yén ta Ingsun iku ateges Sinar Tuhan, mokal bisané dinulu; luwih-luwih yén ta Ingsun iku Pangéran kang Maha Agung saya langka manéh bisané dinulu, marga sipaté tanpa pepindan lan ora kena kinayangapa. Mula, sajatiné bawarasa mau nyatané nedya anggambaraké yén sejatiné sipaté Pangéran iku tinemu ing ngendi baé lan ing kapan baé, ora ana titah lan makhluk kang gumelar ing alam iki kang ora kasasaban déning sipat lan panguwaosing Panjenengané.
Aliya saka iku, ing pérangan iki, Sri Kresna nedya medaraké kahanané wong manembah kang wis samadi, kang wis mantog enggoné meleng cipta méh nggayuh ing tingkatan wekasan, iku pancén meruhi rerupan anggegirisi, agawé sumelanging ati, yén ta kebacut bisa pecat nyawané. Mula banjur dipralambangi sarana anané rerupan kang medéni kang agawé getering ati, yén wong lumaku prasasat ngambah wot kang ogal-agil. Yén ta nalikané semana wong kang manembah mau, ora tatag temenan, mesthi samadiné bakal jugar. Nanging nyatané Arjuna kang wis ngalami rerupan anéh-anéh sarta nggegirisi mau, tatag lan tetep enggoné mbanjuraké panembahé, mula Sri Kresna mbanjur nerusaké pangandikané ing pada 53, 54, 55 :


XI - 53
nah' vedWnR tpsa n danen nceJyya -
xKy Ev'iv/o d–ìu' d*ìvanis ma' yqa --
nàhaý wedair na tapasà    na dànena na cejyayà,
úakya ewaý-widho draûþuý   dåûþawàn asi màý yathà.
Kawujudanipun kang wus sira deleng mau bisané katon, ora sarana layang Wéda, ora saka sinau, ora saka dedana, uga ora saka kurban.
In the form in which thou hast seen Me now, I cannot be seen either by the Vedas or by austerities or by gifts or by sacrifices.
Bukan dengan Veda, bukan dengan meditasi pun bukan dengan sedekah dan yajña. Aku dapat dilihat seperti cara ini yang telah engkau lihat Aku.


XI - 54
.KTya TvnNyya xKy Ahmev'iv/o_juRn -
Datu' d–ìu' c tÑven p[veìu' c pr'tp --
bhaktyà tw ananyayà úakya    aham ewaý-widho 'rjuna,
jñàtuý draûþuý ca tattwena    praweûþuý ca paraýtapa.
Ananging marga saka ora bhakti marang liyan kajaba marang Ingsun, wekasan Ingsun ngaton ing sira Arjuna, - lan weruh sajatiningsun, sarta bisa tekan maringsun.
But by unswering devotion to Me, O Arjuna, I can be thus known, truly seen and entered into, O Oppressor of the foe (Arjuna).
Tetapi, melalui jalan bhakti yang tak tergoyahkan, Aku dapat dilihat dalam realitasnya dan juga memasukinya, wahai penakluk musuh (Arjuna).


XI - 55
mTkmR²NmTprmo mÙµ" s½vijRt" -
inv°r" svR.Utezu y" s mameit pa<@v --
mat-karma kån mat-paramo   mad-bhaktaá saòga-warjitaá,
nirwairaá sarwa-bhùteûu    yaá sa màm eti pàóîawa.
Sing sapa anglakoni panggawé kanggo preluningsun, nganggep Ingsun kang Maha Luhur, bhakti marang Ingsun, wus tanpa karem, ora gething marang sawenéhing dumadi, - lah Panduputra, - iku kang tekan maringsun.
He who does work for Me, he who looks upon Me as his goal, he who worships Me, free from, attachment, he who is free from enmity to all creatures, he goes to Me, O Pàóðawa (Arjuna).
Ia yang melakukan kegiatan kerja untuk-Ku, yang memandang-Ku sebagai Yang Utama, yang dibhaktikan pada-Ku, yang bebas dari keterikatan, yang tanpa permusuhan terhadap segala insani, dia datang kepada-Ku, wahai putra Pàóðava.


Wejangan bab meruhi marang Roh Sejati utawa marang Ingsun mau kang dipindakaké sarana meruhi kahanan rupa-rupa kang sarwa linuwih, sejatiné mung sawijining pralambang baé. Kaya pangandikan liya-liyané, kang akéh ngemu pralambang, mengkono uga bab enggoné Arjuna bisa meruhi wewujudané manungsa Sejati, iya sawijining prasemon.
Sejatiné mono nedya anggambaraké kepriyé kahanané wong kang nyata-nyata wis yakin marang anané lan pangwasané Kang Kwasa, lan wis yakin temenan panembahé marang Kang Sawiji. Sebab kaya kang kacetha ing kidung nduwur mau, bisané Arjuna meruhi kahanané Ingsun, ora sarana panembah. Panembah kang mligi tumuju marang kang disembah, panelengé cipta kang ora mangrotingal lan ora nyléwéng ngiwa nengen.
Saka wejangan iki, bisa tinemu uga ing wulang agama liya, kejabané agama Hindu. Yaiku ing kalangan panembah, ana kang ngarani wis manjing ing tataran makrifat, liré panembah kang ditindakaké kanthi kawruh kang wis diyakini, kanthi mangerti temen-temen wujud sipaté panembah lan kang sinembah. Dadi “weruh” marang Pangéran, kaya kang wis disumurupi déning Arjuna kawujudané Sri Kresna kang arupa kahanan rupa-rupa mau, sejatiné mung nedya medaraké kahanané wong manembah kang wis yakin kanthi temen-temen, wis mangerti, makrifat, tanpa rangu-rangu manéh tur sepi ing pangangkah, mula nalika manembah nganti suhul jiwané bisa marak temenan ing ngarsaning Pangéran.
Sabanjuré, panembah kang wis ngancik ing tataran makrifat mau, Sri Kresna wis mbanjuraké ing bawarasa kang kaping XII, ing kidung pada kang nomor 2, mengkéné :


XII - 2
è[¢.gvanuvac
mYyaveXy mno ye ma' inTyyuµa £paste -
è[×ya pryopetaSte me yuµtma mta" --
úrì bhagavàn uvàca :
mayy àweúya mano ye màý   nitya-yuktà upàsate,
úraddhayà parayopetàs   te me yuktatamà matàá.
Sing sapa pikiré tumuju maringsun, kang tansah nunggal sarta angluhuraké Ingsun, kang anggoné ngélingi Ingsun mau jinarwan déning piyandelé, - iku panunggal kang prayoga.
The Blessed Lord said :
Those who fixing their minds on Me worship Me, ever earnest and possessed of supreme faith - them do I consider most perfect in yoga.
Úrì Bhagavàn bersabda :
Mereka yang memusatkan pikirannya pada-Ku, dengan senantiasa mengendalikannya dan dengan penuh kepercayaan, merekalah yang saya anggap terbaik dalam pelaksanaan yoga.

Ing pada liyané, kang kaping 5 lan kang kaping 6, ing pérangan bawarasa XII mau, tinemu :


XII - 5
ºwxo_i/ktrStezamVyµasµcetsam( -
AVyµa ih gitduR"%' dehviÙrvaPyte --
kleúo 'dhikataras teûàm   awyaktàsakta-cetasàm,
awyaktà hi gatir duákhaý   dehawadbhir awàpyate.
Sing sapa ciptané tumuju marang kang ora gumelar, gedé banget pakéwuhé, sabab bisané anggayuh dalan kang ora gumelar tumrap wong kang isih nganggo raga, - iku mawa sangsara.
The difficulty of those whose thoughts are set on the Unmanifested is greater, for the goal of the Unmanifested is hard to reach by the embodied beings.
Bagi mereka yang pikirannya dipusatkan kepada Yang Tak terwujud, kesulitannya lebih besar, karena sesungguhnya jalan dari Yang Tak termanifestasikan sukar dicapai oleh orang yang mempunyai badan jasmani.


XII - 6
ye tu svRai, kmRai, miy s'NySy mTpra" -
AnNyenWv yogen ma' ?yayNt £paste --
ye tu sarwàói karmàói   mayi saýyasya mat-paràá,
ananyenaiwa yogena   màý dhyàyanta upàsate.
Ananging sing sapa kabéh panggawéné pinasrahaké maringsun, nganggep Ingsun kang Maha Luhur, kanthi santosa panunggalé ing dalem pameleng, iku angluhuraké Ingsun.
But those, who laying all their actions on Me, intent on Me, worship, meditating on Me, with unswerving devotion.
Sesungguhnya mereka yang menanggalkan segala kegiatan kerja mereka kepada-Ku, memuja-Ku, dan menganggap-Ku sebagai Tujuan Utama, bermeditasi kepada-Ku dengan yoga berpikiran tunggal.

Terang banget, yén bisané wong manembah nganti katarima déning kang Maha Agung, yén enggoné nindakaké mau mligi karana panembah, muhung mung akarana panembah, tanpa suprih pamrih, yén tembungé kang kelumrah saiki, yaiku : sembahyang kang ikhlas akarana Sang Hyang Widhi.
Wewaton kang mengkéné iki bisa tinemu ing wejangané Sri Kresna pada 8 sabanjuré:


XII - 8
mYyev mn Aa/TSv miy bui×' invexy -
invisZyis mYyev At ¤?v| n s'xy" --
mayy ewa mana àdhatswa    mayi buddhiý niweúaya,
niwasiûyasi mayy ewa   ata ùrdhwaý na saýúayaá.
Pikirira lebokna sajroningsun, budhinira tumujua maringsun, uwis mesthi, sira ing tembé dumunung ing jeroningsun.
On Me alone fix thy mind, let thy understanding dwell in Me. In Me alone shalt thou live thereafter. Of this there is no doubt.
Pusatkan pikiranmu hanya pada-Ku; biarlah kesadaranmu ada pada-Ku, setelah itu engkau akan hidup didalam-Ku, dan ini tak perlu diragukan lagi.


XII - 9
Aq icÑa' sma/atu' n xaKnoiz miy iSqrm( -
A>yasyogen tto maimC^aßu' /nÇy --
atha cittaý samàdhàtuý   na úàknoûi mayi sthiram,
abhyàsa-yogena tato    màm icchàptuý dhanañjaya.
Ananging manawa pikirira marang Ingsun durung bisa santosa, - Arjuna, - banjur ngangkaha tekaningsun, sarana sinau anunggal.
If  however, thou art not able to fix thy thought steadily on Me, then seek to reach Me by the practice of concentration, O Winner of wealth (Arjuna).
Apabila engkau tak mampu memusatkan pikiranmu dengan mantap pada-Ku, maka kemudian usahakanlah mencapai-Ku dengan jalan yoga kebiasaan, wahai Dhanañjaya (Arjuna).


XII - 10
A>yase_PysmqoR_is mTkmRprmo .v -
mdqRmip kmaRi, k¦vRiNsi×mvaPSyis --
abhyàse 'py asamartho 'si   mat-karma-paramo bhawa,
mad-artham api karmàói    kurwan siddhim awàpsyasi.
Yén sira uga isih durung bisa nglakoni, cukup sarupaning panggawénira, leladi maringsun samektanana, yén sira anindaki saguning panggawé kang marga Ingsun, - iya bakal bisa anggayuh kasampurnan.
If thou art unable even to seek by practice, then be as one whose supreme aim is My service; even performing actions for My sake, thou shalt attain perfection.
Bila engkau tak sanggup melakukan yoga kebiasaan, lakukanlah kerja demi Aku, kendatipun dengan melakukan kegiatan kerja demi untuk Ku, engkau akan mencapai kesempurnaan.


XII - 11
AqWtdPyxµo_is ktu| mÛogmaiè[t" -
svRkmRflTyag' tt" k¦ä ytaTmvan( --
athaitad apy aúakto 'si   kartuý mad-yogam àúritaá,
sarwa-karma-phalatyàgaý   tataá kuru yatàtmawàn.
Yén sira uga isih durung bisa nglakoni mangkono, banjur anglakonana mangréh pribadinira, angedohana wohing kabéh panggawé.
If thou not able to do even this, then taking refuge in My disciplined activity, renounce the fruit of all action, with the self subdued.
Apabila inipun tak dapat engkau lakukan, carilah perlindungan dalam yoga kepadaku, tanggalkan semua pahala karma itu, lakukan dengan berpegang teguh dalam mengendalikan diri.


XII - 12
è[eyo ih Danm>yasaJDana×)an' ivixZyte -
?yanaTkmRflTyagSTyagaC^aiNtrnNtrm( --
úreyo hi jñànam abhyàsàj    jñànad dhyànaý wiúiûyate,
dhyànàt karma-phala-tyàgas   tyàgàc chàntir anantaram.
Kawruh iku angungkuli sinau, kang ngluwihi kawruh iku pameleng, kang ngungkuli pameleng iku angedohi kabéh panggawéné, sawusé pisah saka wohing panggawé, sira banjur tumuli antuk katentreman.
Better indeed is knowledge than the practice (of consentration); better than knowledge is meditation; better than meditation is the renunciation of fruit of action; on renunciation (follows) immediately peace.
Sesungguhnya ilmu pengetahuan lebih baik dari kebiasaan, meditasi lebih baik dari ilmu pengetahuan, meninggalkan karma phala lebih baik dari meditasi, dan meninggalkan (phala karma itu) kedamaian akan datang kemudian.


XII - 13
AÜeìa svR.Utana' mW]" kä, Ev c -
inmRmo inrh»ar" smdu"%su%" =m¢ --
adweûþa sarwa-bhùtànàý   maitraá karuóa ewa ca,
nirmamo nirahaýkàraá    sama-duákha-sukhaá kûami.
Sing sapa ora gething, sarta welas asih marang sawiji-wijining dumadi tanpa pepénginan lan kamurkan, demen ngapura, nganggep lara lan prihatin pada baé.
He who has no ill will to any being, who is friendly and compassionate, free from egoism and self-sense, even-minded in pain and pleasure and patient.
Dia yang tidak membenci segala mahluk, bersahabat dan cinta kasih, bebas dari keakuan dan keangkuhan, sama dalam suka dan duka, pemberi maaf.


XII - 14
s'tuì" stt' yog¢ ytaTma d*!inéy" -
mYyipRtmnobui×yoR mÙµ" s me ip[y" --
santuûþaá satataý yogì    yatàtmà dåîha-niúcayaá,
mayy arpita-mano-buddhir   yo mad-bhaktaá sa me priyaá.
Tansah narima, anggung anglakoni panunggal, angréh pribadiné, setya tuhu, pikir lan batiné tumuju lan nunggal maringsun, bhakti kang mangkono mau pratanda asih maringsun.
The yogì who is ever content, self-controlled, unshakeable in determination with mind and understanding given up to Me - he, My Devotee, is dear to Me.
Seorang Yogi yang selalu puas, mantap dalam meditasi, mengendalikan diri, memiliki keyakinan yang teguh, dengan pikiran dan kecerdasan dipusatkan kepada-Ku, ia sesungguhnya bhakta-Ku, yang terkasih.


XII - 15
ySmaÞoiÜjte loko lokaÞoiÜjte c y" -
hzaRmzR.yoÜegWmuRµo y" s c me ip[y" --
yasmàn nodwijate loko   lokàn nodwijate ca yaá,
harûàmarûa-bhayodwegair   mukto yaá sa ca me priyaá.
Sing sapa wus ora kéguh déning kadonyan, lan kang ora munasika ing donya, sapa kang wus uwas saka endeming kasenengan, nepsu, lan wedi, iku déwéké asih maringsun.
He from whom the world does shrink and who does not shrink from the world and who is free from joy and anger, fear and agitation, he too is dear to Me.
Dia yang oleh siapa dunia ini tak diganggu dan tak mengganggu dunia ini, yang bebas dari kesenangan, kemarahan, ketakutan dan kebingungan, dia inilah yang terkasih.


XII - 16
Anpe=" xuicdR= £das¢no gtVyq" -
svaRrM.pirTyag¢ yo mÙµ" s me ip[y" --
anapekûaá úucir dakûa    udàsìno gata-wyathaá,
sarwàrambha-parityàgì    yo mad-bhaktaá sa me priyaá.
Sing sapa tanpa pangarep-arep, suci, pinter, sepi ing pamrih, lan kang kuwuré wus sirna, séléh saliring panggawé, bhakti kang mangkono iku asih maringsun.
He who has no expectation, is pure, skillful in action, unconcerned, and untroubled, who has given up all initiative (in action), he, My devoted is dear to Me.
Dia yang tidak mengharapkan apapun, murni dan giat, tak perduli, tak terusik, yang telah tidak memiliki pamrih apapun, dialah pemuja yang Ku-kasihi.


Bersambung ke: IX Prasemoné jaran telu kang nggéréd kréta.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar