Tampilkan postingan dengan label ma saptabaya. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label ma saptabaya. Tampilkan semua postingan
Jumat, 18 Mei 2012
Senin, 14 Mei 2012
Kidung Sukmo VIII - sembah bhakti
VIII Panembah kang muhung karanan panembah.
Saka
wigatiné nerangaké nganti tapis bab kahanané Ingsun kang merlokaké pepindan
rupa-rupa, - ing bawarasa kang kaping X, Sri Kresna isih nutugaké paring
pangandika bab kang wigati mau. Réhné katerangané mau sejatiné akéh kang pada
baé karo apa kang wis diwedaraké ing pérangan kaping IX, mula ing kéné iya mung
kita aturaké pokoké baé :
Jumat, 11 Mei 2012
Kidung Sukmo VII - siapa yang disebut Tuhan
VII Sapa kang diarani ingsun iku?
Ngudi
kasampurnan iku pancén ora gampang, akéh banget bégalané. Tataran kang wiwitan
: merangi kekarepan lan indriya kang asor baé, wis dipralambangi déning
rangu-ranguné Arjuna enggoné nedya nyirnakaké Kurawa. Abot banget linakonan,
marga wis kadung mbalung sungsum, wis kadung kérem ing pekareman. Mula akéh
banget pangudi marang kasampurnan kang gagal, kang kandeg setengah ndalan.
Kamis, 03 Mei 2012
Kidung Sukmo IV - 2 jalan mencapai kebahagiaan
IV Dalan loro kanggo anggayuh karahayon
Wis kita aturaké wedarané bawarasa kang kapindo ing pérangan kang wekasan, yén kanggo anggayuh katentreman, luwih disik kudu bisa merangi ubaling pancéndriya. Apa kang sinebut ubaling pancéndriya, uga wis kaaturaké, yaiku dumadi saka kekarepan lan pepénginan kuwadagan kang ora langgeng, sabangsané ma lima utawa ma saptabaya, main, minum, mangani, madon, maling, maoni lan madat. Nanging uga mengku wewatakan-wewatakan asor kang memalangi tindak utama, yaiku : méri, drengki, sréi, jail, pitenah, nepsu, murka, seneng muring-muring, lan sapituruté.
Langganan:
Postingan (Atom)