Tampilkan postingan dengan label sri kresna. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label sri kresna. Tampilkan semua postingan
Kamis, 24 Mei 2012
Senin, 21 Mei 2012
Kidung Sukmo X - Manunggaling kawulo lan Gusti
X Panunggal
sarana kamardikan saka seleh.
Bawarasa kang kaping XV, isiné isih nedya mikukuhi katerangan bab kapribadéné Ingsun, nanging nganggo sarana istilah anyar, yaiku Purusa. Réhné uga wigati tumrap undaking kamantepan lan keyakinan, mula kita pacak, kidung kaping 16 nganti 20 iki :
Senin, 14 Mei 2012
Kidung Sukmo VIII - sembah bhakti
VIII Panembah kang muhung karanan panembah.
Saka
wigatiné nerangaké nganti tapis bab kahanané Ingsun kang merlokaké pepindan
rupa-rupa, - ing bawarasa kang kaping X, Sri Kresna isih nutugaké paring
pangandika bab kang wigati mau. Réhné katerangané mau sejatiné akéh kang pada
baé karo apa kang wis diwedaraké ing pérangan kaping IX, mula ing kéné iya mung
kita aturaké pokoké baé :
Jumat, 11 Mei 2012
Kidung Sukmo VII - siapa yang disebut Tuhan
VII Sapa kang diarani ingsun iku?
Ngudi
kasampurnan iku pancén ora gampang, akéh banget bégalané. Tataran kang wiwitan
: merangi kekarepan lan indriya kang asor baé, wis dipralambangi déning
rangu-ranguné Arjuna enggoné nedya nyirnakaké Kurawa. Abot banget linakonan,
marga wis kadung mbalung sungsum, wis kadung kérem ing pekareman. Mula akéh
banget pangudi marang kasampurnan kang gagal, kang kandeg setengah ndalan.
Kamis, 03 Mei 2012
Kidung Sukmo IV - 2 jalan mencapai kebahagiaan
IV Dalan loro kanggo anggayuh karahayon
Wis kita aturaké wedarané bawarasa kang kapindo ing pérangan kang wekasan, yén kanggo anggayuh katentreman, luwih disik kudu bisa merangi ubaling pancéndriya. Apa kang sinebut ubaling pancéndriya, uga wis kaaturaké, yaiku dumadi saka kekarepan lan pepénginan kuwadagan kang ora langgeng, sabangsané ma lima utawa ma saptabaya, main, minum, mangani, madon, maling, maoni lan madat. Nanging uga mengku wewatakan-wewatakan asor kang memalangi tindak utama, yaiku : méri, drengki, sréi, jail, pitenah, nepsu, murka, seneng muring-muring, lan sapituruté.
Kamis, 26 April 2012
Kidung Sukmo II - Keabadian Roh / Jiwa
II Sukma Utama Roh Iku Anane
Langgeng
Kang disik, Sri Kresna
nerangaké marang Arjuna, yén kang aran wong mati iku sejatiné mung ragané baé kang mati, nanging Jiwané ora bakal mati. Mula saka iku
bab bakal patiné para kadang Kurawa ana ing sajroné paprangan, ora perlu disedihaké, ora perlu diprihatinaké. Ing kéné Sri Kresna banjur medar
falsafat Hindu kang ngyakinaké anané tumimbal lahir utawa panitisan, kang ing bab iki kena diengga
lelimbangan tumrap para pangudi kawruh kasampurnan.
Mangkéné wiwitané wangsulané Sri Kresna :
Selasa, 24 April 2012
Kidung Sukmo 1 - Bhagawad Gita
I.
PEPINDAN
ABOTE WONG AREP NINGGALAKÉ PAKAREMANÉ
Kaya kang pada dikawuningani, dumadiné wejangan Bhagawad Gita utawa Kidung Sukma iku rikala Arjuna arep umangsah perang Bharatayudha. Bareng tekan tengah-tengahing barisan antarané barisan Pandawa lan Kurawa, pirsa yén ing barisané mungsuh tinemu para kadangé déwé, para sanak lan guruné, - Arjuna banjur ngalumpruk, ilang dayané. Sri Kresna kang ngusiri kréta perang, banjur paring wejangan kang supaya Arjuna éling kuwajibané satriya, pulih daya kekuwatan lan semangaté. Iya wejangan iki kang diarani Kidung Sukma.
Langganan:
Postingan (Atom)
