I.
PEPINDAN
ABOTE WONG AREP NINGGALAKÉ PAKAREMANÉ
Kaya kang pada dikawuningani, dumadiné
wejangan Bhagawad Gita utawa Kidung Sukma iku rikala Arjuna arep umangsah
perang Bharatayudha. Bareng tekan tengah-tengahing barisan antarané barisan
Pandawa lan Kurawa, pirsa yén ing barisané mungsuh tinemu para kadangé déwé,
para sanak lan guruné, - Arjuna banjur ngalumpruk, ilang dayané. Sri Kresna
kang ngusiri kréta perang, banjur paring wejangan kang supaya Arjuna éling
kuwajibané satriya, pulih daya kekuwatan lan semangaté. Iya wejangan iki kang
diarani Kidung Sukma.