Selasa, 24 April 2012

Kidung Sukmo 1 - Bhagawad Gita



I.
PEPINDAN ABOTE WONG AREP NINGGALAKÉ PAKAREMANÉ

Kaya kang pada dikawuningani, dumadiné wejangan Bhagawad Gita utawa Kidung Sukma iku rikala Arjuna arep umangsah perang Bharatayudha. Bareng tekan tengah-tengahing barisan antarané barisan Pandawa lan Kurawa, pirsa yén ing barisané mungsuh tinemu para kadangé déwé, para sanak lan guruné, - Arjuna banjur ngalumpruk, ilang dayané. Sri Kresna kang ngusiri kréta perang, banjur paring wejangan kang supaya Arjuna éling kuwajibané satriya, pulih daya kekuwatan lan semangaté. Iya wejangan iki kang diarani Kidung Sukma.

Apa carita kang mengkéné iki naté kelakon temenan, déné teka anan ing tengah-tengahé pabarisan perang, wus adep-adepan karo mungsuh kang wis pada siap sumadiya campuh ing ngayuda, ndadak Sri Kresna kober-koberé mejang Arjuna bab ngému kasampurnan, tur wejangané mau dawa ngalur-alur? Apa ora kaselak ketungka, disérang mungsuhé? Apa pamajangé mau iya bisa kanthi runtut temata, lan apa kang diwejang iya bisa nampa kanthi tumaninan?
Sejatiné baé, kedadéyan mau mung sawijining prasemon baé, sawijining wulang-luhur kang dirumpaka kanthi alus, disisipaké ing sajroning dongéng kang uga ngandut sejarah. Kang supaya ngélmu luhung mau bisa luwih resep lan luwih nengsemaké, satemah bisa langgeng dadi cacritan lan dadi rerasan ing salawas-lawasé. Dadi prabot bawarasa ing mangsa kang tanpa wasana, kang ora mbosenaké, kang tansah bisa nenangi semangat gandrung meruhi lan ngerténi surasané wejangan kang sejati.
Manut para ahli sejarah, perang Bharatayudha jayabinangun iku pancén naté kedadéyan temenan, nanging ora pada pleg kaya isiné “Mahabharata”, sawutuhé. Sejarah negara India nélakaké, yén duk ing kuna pancén naté ana peperangan antarané krajan Pancala karo krajan Kuru, kang sinebut negara brang-kulon lan brang-wétan utawa kang sinebut uga negara Madyadésa, dumunung ing antarané Bengawan Gangga lan Bengawan Jumna.
Iya kedadéyan ing babad iku, perangé krajan Kuru lan Pancala mau, kang dienggo ajang déning pujangga India Wiyasa Kresnadwipayana kanggo nyebar ngélmu kebatinan Hindu, sarana disesel-seselaké ing antarané carita-carita. Utawa bisa uga suwaliké, yaiku pujangga mau ngripta buku babad India kang diseseli ngélmu-luhur, minangka saripathining carita, supaya bisa luwih maédahi marang bebrayan.
Disebutaké ing “Bhagawad Gita”, nalikané Arjuna nitih kréta-ajaran tetelu kang dikusiri déning Sri Kresna maju ing médan perang perlu nliti kahanané mungsuhé, - bareng weruh yén mungsuh=mungsuhé mau akéh tinemu kadang-kadangé déwé, mitrané déwé lan tinemu uga tilas guruné, - Arjuna banjur ngalumpruk, ilang dayané, marga rangu-rangu gék sida perang, gék ora.
Sejatiné mono, kedadéyan kang diaturaké ing nduwur mau, uga sawijining prasemon. Perangé Arjuna mungsuh Kurawa minangka kanggo pralambangé perangé manungsa enggoné arep merangi hawa nepsuné utawa pakaremané kang wis luméngkét kayadéné seduluré utawa wong kang ditresnani. Nalika nedya ngipataké hawanepsu mau, ing kono Arjuna rangu-rangu, semang-semang enggoné nedya miwiti umangsah perang, mamang enggoné arep ngalahaké kekarepané kang asor.
Déning Bhagawan Wiyasa, ranguranguné Arjuna mau disukarta mawa kidung édi banget, kaya kang kaceta ing bab I pada 37 nganti pada 46, kang jarwané ing ngisor iki:

I - 37
tSmaÞahaR vy' hNtu' /atRraìãan( SvbaN/van( -
Svjn' ih kq' hTva sui%n" Syam ma/v --
tasmàn nàrhà wayaý hantuý  dhàrtaràûþràn sa-bàndhawàn,
swa-janaý hi kathaý hatwà   sukhinaá syàma màdhawa.
Duh Sri Kresna! Rak boten prayogi manawi kula anyirnakaken kadang Kurawa, kados pundi anggen kula bade ngraosaken begja, sasampunipun kula amejahi para kadang warga kula piyambak?

So it is not right that we slay our kinsmen, the sons of Dhåtaràûþra. Indeed, how can we be happy, O Màdhava (Kåûóa) if we kill our own people ?
Karenanya, tidaklah patut kita membunuh putra-putra Dhåtaràûþra, (yang merupakan) keluarga sendiri. Bagaimana kita bisa bahagia dengan membunuh keluarga sendiri, wahai Kåûóa?

I - 38
yÛPyete n pXyiNt lo.ophtcets" -
k¦l=y²t' doz' im]d–ohe c patkm( --
yady apy ete na paúyanti   lobhopahata-cetasaá,
kula-kûaya-kåtaý doûaý   mitra-drohe ca pàtakam.
Manawi piyambakipun boten rumaos dosa anyirnakaken trahing leluhuripun, sarta boten rumaos awon mengsah mitra tuwin kadang piyambak punika kabekta saking manahipun kaendih dening kamelikan.
Even if theses whose minds are overpowered by greed, see no wrong in the destruction of the family and no crime in treachery of friends.
Walaupun mereka yang jiwanya dikuasai oleh kelobahan tidak melihat adanya dosa membunuh keluarga dan tidak melihat kejahatan karma menindas.


I - 39
kq' n DeymSmai." papadSmaiÞvitRtum( -
k¦l=y²t' doz' p[pçyiÙjRnadRn --
kathaý na jñeyam asmàbhiá  pàpàd asmàn niwartitum,
kula-kûaya-kåtaý doûaý  prapaúyadbhir janàrdana.
Duh Kresno! Punapa kula boten prayogi anjingkit piawon ingkang makaten punika, jalaran kula anganggep anyirnakaken dateng trah punika : nandang dosa.

Why should we not have the wisdom to turn away from this sin, O Janàrdana (Kåûóa), we who see the wrong in the destruction of the family ?
Namun mengapa kita tidak mengetahui dosa itu, untuk melenyapkannya dari perbuatan dosa, oleh karena kita menyadari dengan jelas bahwa membasmi keluarga, merupakan suatu dosa

I - 40
k¦l=ye p[,çyiNt k¦l/maR" snatna" -
/meR nìe k¦l' ²TSnm( A/moR_i..vTyut  --
kula-kûaye praóaúyanti   kula-dharmàá sanàtanàá
dharme naûþe kulaý kåtsnam  adharmo 'bhibhawaty uta.
Awit saking risaking bangsa, angger-anggering bangsa ingkang langgeng, sirna. Mangka bilih angger utawi dharma wau sirna, sadaya bangsa badé kaeréh tanpa angger (adharma).
In the ruin of a family, its ancient laws are destroyed and when the laws perish, the whole family yields to lawlessness.
Dengan hancurnya semua keluarga, adat istiadat keluarga yang turun temurun akan hancur dan lenyapnya tradisi keluarga akan dikuasai oleh ketidakpastian hukum.


1 - 41
A/maRi..vaT²Z, p[duZyiNt k¦liS]y" -
S]¢zu duìasu vaZ,eRy jayte v,Rs»r" --
adharmàbhibhawàt kåûóa  praduûyanti kula-striyaá,
strìûu duûþàsu wàrûóeya   jàyate waróa-saòkaraá.
Manawi trah boten kaeréh kalayan angger, para éstrinipun trah badé risak (camah), bilih éstrinipun risak, duh tedaking Wresni (jejulukipun Kresno), saéstu badé anuwuhaken bangsa campuran.
And when lawlessness prevails, O Vàrûóeya (Kåûóa), the women of the family become corrupted and when women are corrupted, confusion of castes arises.
Bila adharma berkecamuk wahai Kåûóa, kaum wanita menjadi tidak suci dan bila kaum wanita sudah tidak suci lagi, aturan tentang warna menjadi kacau, wahai Kåûóa.


I - 42
s»ro nrkayWv k¦lˆnana' k¦lSy c -
ptiNt iptro öeza' luPtip<@odki¹ya" --
saòkaro narakàyaiwa  kula-ghnànàý kulasya ca,
patanti pitaro hy eûàý   lupta-pióîodaka-kriyàá.
Campuring bangsa wau temahan murugaken naraka tumanduk dateng ingkang tuwin ingkang tinisak, sabab para leluhuripun sami kacemplung ing naraka, karan boten angsal sajen, dedaharan miwah toya.
And to hell does this confusion bring the family it self as well as those who have destroyed it. For the spirits of their ancestors fall, deprived of their offerings of rice and water.
Keruntuhan moral ini membawa keluarga dan para pembunuhnya ke neraka, arwah nenek moyang jatuh (ke neraka), semua tarpaóa, air dan nasi tidak ada lagi baginya.


I - 43
dozWretW" k¦l~nana' v,Rs'krkarkW" -
£TsaÛNte jait/maR" k¦l/maRé xaXvta" --
doûair etaiá kula-ghnànàý   waróa-saòkara-kàrakaiá,
utsàdyante jàti-dharmàá   kula-dharmàú ca úàúwatàá.
Sarana dosa ingkang kados makaten, sinten ingkang nerusaken trahipun, inggih ingkang anjalari campuring bangsa, kénging winastanan angrisakaken angger-anggering trah utawi bangsa ingkang langgeng.
By the misdeeds of those who destroy a family and create confusion of waróas, the immemorial laws of the caste and the family are destroyed.
Karena dosa dan kehancuran keluarga ini membawa keruntuhan bagi hukum golongan (varóa dharma), kebiasaan keluarga dan hukum keluarga hancur untuk selama-lamanya.


I - 44
£TsÞk¦l/maR,a' mnuZya,a' jnadRn -
nrkw inyt' vaso .vt¢Tynuxuè[um --
utsanna-kula-dharmàóàý  manuûyàóàý janàrdana,
narake niyataý wàso  bhawatìty anuúuúruma.
Duh pangruwating manungsa (Kresno), saking ing pamireng kula sinten ingkang anggering bangsa risak, punika badé manggén ing naraka salami-laminipun.
And we have heard it said, O Janàrdana (Kåûóa), that the men of families whose laws are destroyed needs must live in hell.
Kami sudah mendengar semuanya ini, wahai janàrdana, bahwa manusia yang kebudayaan dan hukumnya musnah, neraka-lah tempatnya yang abadi.


I - 45
Aho bt mhTpap' ktu| Vyvista vym( -
ydãaJysu%lo.en hNtu' SvjnmuÛta" --
aho bata mahat pàpaý   kartuý wyawasità wayam,
yad ràjya-sukha-lobhena   hantuý swa-janam udyatàá.
Ah! Piawon punapa ingkang badé kula panggih saking kapéngin dateng kamulyaning ratu, ngantos angangkah mejahi dateng kadang.
Ah, what a great sin have we resolved to commit in striving to slay our own people through our greed for the pleasures of the kingdom.
Ah, betapa besar dosa kita, merencanakan pembunuhan sanak keluarga, hanya karena menuruti kesenangan dan loba, menginginkan kerajaan dan kenikmatan.


I - 46
yid mamp[t¢karmxS]' xS]pa,y" -
/atRraìãa r,e hNyuStNme =emtr' .vet( --
yadi màm apratìkàram   aúastraý úastra-pàóayaá,
dhàrtaràûþrà raóe hanyus   tan me kûemataraý bhawet.
Bilih para putranipun prabhu Dhrestarastra sami angregem dedamel, badé mejahi dateng kula wonten ing paprangan, mangka kula boten asikep dedamel, tuwin boten niyat lumawan, punika kamulyan tumrap ing kula.
Far better would it be for me if the sons of Dhåtaràûþra, with weapons in hand, should slay me in the battle, while I remain unresisting and unarmed.
Bagi saya, akan lebih baik apabila Kaurava dengan senjata di tangan menyerang saya dalam pertempuran tanpa senjata, tanpa perlawanan.

Pranyata ing kidung iku mau, enggoné Arjuna ngajokaké alasan sababé nganti rangu-rangu nindakaké kuwajibané satriya, awewaton dasar pri-kemanungsan, yaiku : ora téga arep maténi seduluré déwé kang marga mélik marang kamulyan.
Lagi seméné baé, wis krasa adiluhungé saripathiné “Bhagawad Gita”, déné sanjatané arep mbabar sawijining ngélmu panggayuh kasampurnan, nanging dirumpaka lan sasabi ing kawruh agama, lan dibabar ana ing carita dongéng adi kang adedasar sejarah.
Dadi wujudé kadidéné kaéndahan trimarta utawa three dimention ana ing sawijining lakon utawa pagelaran. Kapisan : awujud prasemoné rangu-ranguné wong kang arep anggayuh kamulyan kang nedya merangi hawanepsuné, kapindo : awujud wulang kebatinan manut agama Hindu, katelu : awujud carita babad kang nengsemaké. Kaéndahan telung prakara mau tinemu bebarengan ana ing “Kidung Sukma” iki.
Ing kidung, pada kaping 44 anan sesebutané Kresna : pangruwating manungsa. Supaya ora mbingungaké, becik yén diterangaké : Kresna iku pancén ndarbéni sesebutan warna-warna : kang tinemu ing Bhagawadgita iki baé, saliyané loro kang wis kasebut mau, sesebutané Kresna liyané, yaiku : Risang Késawa, Sang mangréh Karsa, Pangoning lembu, Pangrurahing madu, Basudéwaputra, Naréndra kang tanpa sisihan, Risang Asuta, Sri Ari, Arimurti lan liyané manéh kang istingarah bakal tinemu ing kidung-kidung sabanjuré.
Rangu-ranguné Arjuna mau isih durung rampung. Enggoné arep nglunasi seduluré lan kadang-kadangé, apadéné guruné, - rinasa isih abot banget. Kasebut ing bawarasa kang kaping II, ing pada 5 nganti pada 8, mengkéné enggoné isih nglahiraké rasa pangrasané :


II - 5
guänhTva ih mhanu.avan( è[eyo .oµu' .W+ymp¢h lokw -
hTva_qRkama'Stu guäinhWv .uÇ¢y .ogaNåi/rp[idG/an( --
gurùn ahatwà hi mahànubhàwàn úreyo bhoktuý bhaikûyam apìha loke
hatwàrtha-kàmàýs tu gurùn ihaiwa  bhuñjìya bhogàn rùdhira-pradigdhàn.
Ing donya punika, kados langkung éca neda sekul sapulukan saking anggénipun papariman, tinimbang kamulyan ageng sarana amejahi para guru kang dibya; sengsemipun dateng kasugihan tuwin kamuktén, ingkang makaten wau badé cemer déning rah.

It is better to live in this world even by begging than to slay these honoured teachers. Though they are mindful of their gains, they are may teachers and by slaying them, only I would enjoy in this world delights wich are smeared with blood.
Dari pada membunuh guru yang mulia didunia ini akan lebih baik menjadi peminta-minta, walaupun mabuk duniawi, tetapi tetap menjadi guru saya, sedangkan dengan membunuh mereka berarti hidup berlumuran darah.

II - 6
n cWtiÜÚ" ktrÞo gr¢yo yÜa jyem yid va no jyeyu" -
yanev hTva n ijj¢ivzamSte_viSqta" p[mu%e /atRraìãa" --
na caitad widmaá kataran no garìyo  yad wà jayema yadi wà no jayeyuá,
yàn ewa hatwà na jijìwiûàmas  te 'wasthitàá pramukhe dhàrtaràûþràá
Tuwin malih, kula déréng uninga pundi ingkang prayogi tumrap ing kula, punapa kula ingkang menang punapa kula ingkang kawon, saréhning memengsahan sami kadang piyambak. Upami kula saged anyirnakaken piyambakipun, saéstunipun kula ugi boten badé kepéngin gesang.
Nor do we know which for us is better, whether we conquer them or they conquer us. The sons of Dhåtaràûþra, whom if we slew we should not care to live, are standing before us in battle array.
Yang mana lebih menguntungkan kami tidaklah jelas; apakah kami menumpas mereka atau mereka membantai kami. Dengan membunuh mereka yang tidak kita harapkan untuk hidup, orang-orang keturunan prabu Dhåtaràûþra sekarang berdiri siap didepan kita.


II - 7
kapR<ydozophtSv.av" p*C^aim Tva' /mRs'mU!ceta" -
yC^ãey" SyaiÞiét' b[Uih tNme ixZySte_h' xai/ ma' Tva' ap[pÞm( --
kàrpaóya-doûopahata-swabhàwaá  påcchàmi twàý dharma-sammùîha-cetàá,
yac chreyaá syàn niúcitaý brùhi tan me  úiûyas te'haý úàdhi màý twàý prapannam.
Kula rumaos dosa, déné bibrah watak kasatriyan kula, kabekta saking rumaos welas, ngantos semang-semang dateng kuwajiban kula, pramila kula nyuwun pitedah ing paduka, pundi ingkang prayogi kula lampahi: kadawuhana kémawon, awit kula punika siswa paduka, mugi paringa piwulang ing jasad kula ingkang kawelas asih.
My very being is stricken with the weakness of (sentimental) pity. With my mind bewildered about my duty, I ask Thee. Tell me, for certain, which is better. I am Thy pupil; teach me, who seeking refuge in Thee.
Oleh karena hati yang lemah, pikiran yang kacau balau tentang apa yang benar untuk dilakukan, saya bertanya kepada-Mu, katakanlah kepada saya mana yang lebih bermanfaat; saya adalah murid-Mu; ajarilah saya, saya datang untuk mendapat perlindungan-Mu.


II - 8
n ih p[pXyaim mmapnuÛad( yC^okmuC^oz,imiNd–ya,am( -
AvaPy .UmavspTnm*×' raJy' sura,amip cai/pTym( --
na hi prapaúyàmi mamàpanudyàd  yac chokam ucchoûaóam indriyàóàm,
awàpya bhùmàw asapatnam åddhaý  ràjyam suràóàm api càdhipatyam.
Awit kula boten sumerap punapa sarananipun ingkang saged ambérat prihatos ingkang angrujit manah kula, sinaosa kula badé tampi ganjaran, angréh ing donya tanpa tanding, malah angratonana para Jawata pisan.
I do not see what will drive away this sorrow which dries up my senses even if I should attain rich and unrivalled kingdom on earth or even the sovereignty of the gods.
Saya tak melihat yang dapat mengenyahkan duka ini, yang mematikan paòca  indra saya walaupun seandainya saya mendapat kekayaan dan kekuasaan tiada taranya dibumi dan berkuasa atas para dewa di surga.

Mangkono alasan kang diajukaké déning Arjuna, sababé déné nganti ora tegel arep maténi kadang-kadangé ana ing médan paprangan, marga saka rumangsa welas. Mula banjur nyuwun pituduh apa kang kudu ditindakaké.
Nanging sejatiné kaya kang kaaturaké, -adegan kang kapisan iki ngemu prasemon, sepira aboté wong arep ninggalaké pakaremané utawa kasenengané. Aboté Arjuna arep merangi Kurawa, sejatiné anggambaraké sepira aboté wong kang nedya ngudi kasampurnan, kudu nyirnakaké pakareman, kekarepan lan hawa nafsuné. Saka luméngkété pakareman lan kasenengan mau, digambaraké kadidéné seduluré, kadidéné katresnané, kadidéné guruné kang kudu diaji-aji, kudu di-emi-emi.
Bareng Sri Kresna wis midanget aturé Arjuna kang mangkono mau, tumuli medar sabda, mejang kawruh kasampurnan manut falsafah Hindu dék jaman samana. Wejangané Sri Kresna iki kapacak ing wiraosan kang kaping II, wiwit ing kidung pada kang kaping 11 sapituruté.

bersambung ke : II Sukma utama roh iku anane langgeng

Tidak ada komentar:

Posting Komentar