Senin, 30 April 2012

Kidung Sukmo III - Jalan Kebahagiaan

III Dalan tumuju marang katentreman

Wiwit ing pérangan kang bakal kaandaraké iki, Sri Kresna murwani mejang bab sepira bebayané ubaling pancéndriya tumrap panembah marang Kang Maha Agung. Pepénginan sarta kekarepan kan katrem marang babagan kang ora langgeng, yén iki wis bisa disirnakaké, - aran kang wis tetep pikiré, wis santosa sarta wicaksana.

Candaké ing bawa rasa kang kapindo, ing kidung pada kang kaping 55 nganti 59, Sri Kresna ngendika manéh:


II - 55
è[¢.gvanuvac
p[jhait yda kaman( svaRn( paqR mnogtan( -
AaTmNyevaTmna tuì" iSqtp[DStdo_Cyte --
úrì bhagavàn uvàca:
prajahàti yadà kàmàn    sarwàn pàrtha mano-gatàn,
àtmany ewàtmanà tuûþaá    sthita-prajñas tadocyate.
Pangandikanipun Kresna : Héh Atmajaning Kunthi! - Yén manungsa wus ambirat pepénginané, lan wus marem ing dalem Sukma akarana Sukma, iku arané wus tetep ing pikiré.
The Blessed Lord said :
When a man puts away all the desires of  his mind, O Pàrtha (Arjuna), and when his spirit is content in itself, then is he called stable in intelligence.
Úrì Bhagavàn bersabda :
Wahai Arjuna, orang yang dapat melenyapkan segala keinginan dalam hati dan hanya terpuaskan pada àtman oleh sang àtman saja, maka ialah yang disebut orang bijaksana.


II - 56
du"%eZvnuiÜg{mna" su%ezu ivgtSp*h" -
v¢trag.y¹o/" iSqt/¢muRinäCyte --
duákheûw anudwigna-manàá    sukheûu wigata-spåhaá,
wìta-ràga-bhaya-krodhah    sthita-dhìr munir ucyate.
Sing sapa pikiré ora miris déning bilahi, lan wis sirna kepénginé marang kabegjan, lan wus ilang ngongsa-angsané, wedi lan kanepson, iku diarani sujana kang santosa pikiré.
He whose mind is untroubled in the midst of sorrows and is free from eager desire amid pleasure, he from whom passion, fear, and rage have passed away, he is called a sage (Muni) of settled intelligence.
Orang yang tidak sedih dikala duka, tidak kegirangan dikala bahagia, bebas dari nafsu, rasa takut dan amarah, ia disebut orang bijak yang teguh.


II - 57
y" svR]ani.SnehStÑaTp[aPy xu.axu.m( -
nai.nNdit n Üeiì tSy p[Da p[itiîta --
yaá sarwatrànabhisnehas    tat tat pràpya úubhàúubham,
nàbhinandati na dweûþi    tasya prajñà pratiûþhità.
Sing sapa anindaki sagunging panggawé, wus sepen kamélikan sanadyan becik utawa ala tinemuné, lan wus ora ngarepi lan ngemohi, pratanda wus tetep ciptané.
He who is without affection on any side, who does not rejoice or loathe as he obtains good or evil, his intelligence is firmly set (in wisdom).
Ia yang tak mempunyai keterikatan dimana saja bila mendapat sesuatu yang baik atau buruk, tak akan ada rasa senang atau benci padanya, sesungguhnya ia adalah orang arif bijaksana yang telah memiliki kemantapan.


II - 58
yda s'hrte cay' k§moR_½an¢v svRx" -
—iNdãya,¢iNdãyaqeR>yStSy p[Da p[itiîta --
yadà saýharate càyaý    kùrmo 'ògànìwa sarwaúaá,
indriyàóìndriyàrthebhyas    tasya prajñà pratiûþhità.
Sapa bisa nyandet kekarepané kayadéné bulus nggoné mangkeretaké guluné maring thethoké, iku pikiré wus santosa.
He who draws away the senses from the objects of sense on every side as a tortoise draws in his limbs (into the shell), his intelligence is firmly set (in wisdom).
Ibarat penyu menarik anggota badan ke dalam cangkangnya, demikianlah ia menarik semua inderanya dari segenap obyek keinginannya, yang arif bijaksana dalam keseimbangan.


II - 59
ivzya ivinvtRNte inraharSy deihn" -
rsvj| rso_PySy pr' d*ía invtRte --
wiûayà winiwartante    niràhàrasya dehinaá,
rasa-warjaý raso 'py asya    paraý dåûþwà niwartate.
Yén apa kang dikarepaké wus pisah saka jiwané kang santosa mau, mung kari rasané, sanadyan rasané pisan iya bakal ilang, manawa baé kang Maha Luhur wis bakal bisa katonton.
The objects of sense turn away from the embodied soul who abstains from feeding on them but the taste for them remains. Even the taste turns away when the Supreme is seen.
Semua obyek indra akan teåûingkir dari mereka yang mengekang diri walaupun keinginan masih ada, dan keinginan inipun akan lenyap bila Yang Utama menampakkan diri-Nya.

Dingendikakaké ing pada kaping 55, yén sapa kang wis marem ing Sukma akarana Sukma, liré wis tumindak manembah akarana Sukma, yaiku ora ngarep-arep marang wohing panggawéné, - tembungé saiki kang kelumrah, wis manembah karana Allah, -wong kang mangkono mau, nyata klebu éwoné kang wis tetep, wis lerem, wis ora mandeg tumoléh.
Wejangan iki cunduk marang kawruh kasampurnan kang tinemu ing agama liya, -déné panembah marang Pangéran iku kuduné pancén iya tanpa suprih pamrih kanggo badané déwé, muhung karana panembah, ihlas kanthi sucining ati.
Pancén sapa kang isih ndarbéni pepénginan, sanadyan ora tumrap urip ing nalikané isih urip ing ndonya, -nanging pepénginan mau iya isih klebu suprih pamrih. yaiku kang tumrap énak kapénaké badané déwé, kang mengkéné iki, ora aran panembah akarana panembah, durung aran marem ing ndalem Sukma akaranan Sukma. Marga isih ndarbéni pepénginan angunduh marang wohing panggawé tumrap badan lan jiwané déwé.
Manut pamejange Sri Kresna, wong kang wus santosa pikiré lan menep ciptané, yén nindakaké sarupaning panggagwé kabecikan, kudu ora nganggo ngarep-arep marang wohing panggawé tumrap badané déwé! Awit yén isih ndarbéni pangarep-arep ngunduh wohing panggawéné, aran durung akarana Sukma, durung ihlas, durung lila legawa ing sejatiné lila legawa.
Déné kang njalari wong ora bisa tentrem atiné lan santosa pikiré iku amarga isih kadeseg déning pancéndriyané. Isih kerep kasoran déning pepénginané, isih sok asring kagéndéng déning kekarepané kang ora langgeng.


II - 60
ytto öip kONtey puäzSy ivpiét" -
—iNdãyi, p[maq¢in hriNt p[s.' mn" --
yatato hy api kaunteya    puruûasya wipaúcitaá,
indriyàói pramàthìni    haranti prasabham manaá.
Héh Arjuna, ubaling pancendriya bisa angobahaké atiné sujalma kang wus kawilang santosa lan wicaksana, pikir kang adreng mau, bisané kawasésa.
Even though a man may ever strive (for perfection) and be ever so discerning, O Son of Kunti (Arjuna), his impetuous senses will cany off his mind by force.
Walaupun seorang yang budiman telah berusaha sekuat tenaga, wahai Arjuna, indra-indrianya yang liar akan memaksa menyeret pikirannya dengan kuat.


II - 61
tain svaRi, s'yMy yuµ Aas¢t mTpr" -
vxe ih ySyeiNd[yai, tSy p[Da p[itiîta --
tàni sarwàói saýyamya    yukta àsìta mat-paraá,
waúe hi yasyendriyàói    tasya prajña pratiûþhità.
Manawa déwéké wus bisa anciukaké iku, déwéké tentrem, lan tumuju maringsun, sabab sapa wicaksana ngeréh indriyané iya iku kang tetep budhiné.
Having brought all (the senses) under control, he should remain firm in yoga intent on Me; for he, whose senses are under control, his intelligence is firmly set.
Setelah dapat menguasai semua ini, ia harus duduk memusatkan pikiran pada-Ku, sebab yang dapat mengendalikan pañca indrianya dinamakan memiliki kebijaksanaan yang teguh.

Pancéndriya kang mbaludag mbandang ngambra-ambra, iku dadi pepalang gedé tumraping sedya kang nedya mangastuti. Mungguh nafsuning pancéndriya mau sarupaning pepénginan kang tumanduk marang rasa énak-kepénak kang njalari lali marang kang sejati. Karem memangan, minum, main, madon, madat, maoni lan maling, - wis dadi pepaliné wong-wong tuwa, - kabéh-kabéh mau supaya disingkirana.
Pakareman utawa pepénginan ma lelima mau pancén iya klebu golongané ulahing pancéndriya kang biisa njalari cabaring sedya anggayuh kawicaksanan. Mengkono uga pakulinan-pakulinan kang bisa agawé regeding ati lan asoring budhi, kayadéné : mérén, dahwén, nepson, seneng mitenah wong liya, murka, ngangsa-angsa, srakah, kabéh mau uga klebu ubaling nafsu pancéndriya.
Mokal wong bisané ndarbéni ati tentrem, yén ta isih kadunungan sesipatan mérén, dahwén, cugetan, seneng mitenah lan sapanunggalané. Kang mangka dedalan tumuju marang kabegjan iku yén ati bisa tentrem, bisané marak tumeka ing padaning Hyang Murbéng Dumadi iku yén wis kadunungan tentreming jiwa-raga. langka, séwu langka, yén wong kang pijer kagoda déning pakaremané main ngabotohan lan minum madati, - bisané atiné tentrem tumuju marang sesipataning Sukma, amarga mung lagi wong kang ndarbéni ati kang tentrem baé kang bakal bisa tumuju marang kasampurnaning sedya.


II - 62
?yayto ivzyaNpu's" s½StezUpjayte -
s½at( sÇayte kam" kamaT¹o/o_i.jayte --
dhyàyato wiûayàn puýsaá    saògas teûùpajàyate,
sangàt sañjàyate kàmaá    kàmàt krodho ‘bhijàyate.
Manungsa kang mung angéngeti marang pancandriyané iku anuwuhaké demené, saka demen anganakaké mélik, saka mélik andadékaké nafsu.
When a man dwells in his mind on the objects of sense, attachment to them is produced. From attachment springs desire and from desire comes anger.
Dengan memikirkan obyek-obyek indra maka orang akan terbelenggu padanya; daripadanya lahir keinginan, dan dari keinginan ini timbullah amarah.


II - 63
¹o/aÙvit s'moh" s'mohaTSm*itiv.[m" -
Sm*it.['xaØuui×naxo bui×naxaTp[,Xyit --
krodhàd bhawati saýmohaá    saýmohàt småti-wibhramaá,
småti-bhraýúàd buddhi-nàúo    buddhi-nàúàt praóaúyati.
Saka nafsu banjur nasar, saka nasar : sirna kaélingané, nuli sirna budhiné; amarga sirna budhiné, wekasan tumiba ing papa.
From anger arises bewilderment, from bewilderment loss of memory; and from loss of memory, the destruction of intelligence and from the destruction of intelligence he perishes.
Dari amarah timbul kebingungan, dari kebingungan hilang ingatan, dari hilang ingatan menghancurkan penalaran, dari kehancuran penalaran membawanya pada kemusnahan.

Terang manut wejangané Sri Kresna ing nduwur iku, sapa baé kang mung ngélingi marang derengé pancéndriyané, lawas-lawas nuwuhaké sengsemé. Saka karemé, gampang banget nukulaké rasa mélik, rasa suprih pamrih kanggo kauntungané déwé. Marga saka mélik utawa pamrih mau, banjur bisa nuwuhaké nafsu, yaiku kekarepan kang sasar, kang kerep nrajang pranatan utawa nerak angger-angger.
Wis kanyatan ing urip bebrayan, wong kang kérem ing nafsu, nuli xxxxmarang nalar jejeg, lali marang pepacak kang utama. Yén wis ndarbéni pepénginan tumindak ala, sirna kawaspadané, ilang kaprayitnané, satemah wani nindakaké sakéhing pakarti kang sasar. Sapa kang tumindak sasar, kang wani nglanggar angger-angger, sanadyan sepisan-pindo bisa kalis saka pidana, nanging wusanané iya bakal tumiba ing cilaka.
Kang mangkono mau, lagi pidana ana ing ndonya, selaginé isih nindaké urip ana ing bebrayan. Durung, yén wis tumiba ing alam rohani sabanjuré, tartamtu tangéh bisané kaleksanan kecandaké gagasan manunggal marang Sukma kang langgeng.
Kidung ing pada 62 lan 63 kang kapacak ing nduwur iku, klebu uga saripathi wejangané Sri Kresna kang adiluhung, kang becik pinéngetan ing sok wonga, tuwa anom, kang nadyan durung gandrung marang ngélmu kasukman, nanging iya utama banget yén pada migatékaké wejangan kasebut, minangka sanguning urip ing alam karaméyan.
Pancéndriya pancén piranti kanggo sranané urip kita ing alam karaméyan. Nanging sing ndarbéni, kudu bisa ngeréh, aja nganti keréh. Pepindané donyabrana, yén wong bisa ngeréh donyabrana, bakal dadi mulya uripé, bisa njunjung drajadé lan bisa nindakaké kabecikan klawan nyebar kautaman marang masyarakat. Nanging yén banjur dadi baturing donyabrana, tartamtu bakal sangsara, bakal kasurang-surang.
pancéndriya, yén bisa kita eréh, bisa kita kemudéni kadidéné Sri Kresna enggoné ngemudéni jaran tetelu kang nggéréd kréta menjang tengahing papan payudhan ing Kuruksétra, - wis mesthi pancendriya mau bakal bisa nelakaké kamulyan, ing ndonya lan ing tembé mburiné.
Dadi dedalan kang kawitan kanggo nggayuh urip kang tentrem iku, saraté kang disik kudu bisa ngeréh pancéndriya, kudu bisa nyirnakaké pepénginané pancéndriya kang asor. Kang mengkéné iki, perlu banget ditindakaké déning para pangudi, kang nedya necep ing katentreman, déné katentreman mau kang dadi jalarané anggayuh kasampurnan.
Sri Kresna mbanjuraké pamejangé bab wigatiné mangréh kekarepan, mangkéné jarwan kidung ing pada 64 tumekané pada 67 :


II - 64
ragÜezivyuµWStu ivzyainiNd–yWérn( -
AaTmvXyWivR/eyaTma p[sadmi/gC^it --
ràga-dweûa-wiyuktais tu    wiûayàn indriyaiú caran,
àtma-waúyair widheyàtmà    prasàdam adhigacchati.
Ana karana pamasésaning Sukma, anggoné anggarap kang kinarepaké sepen hawa nafsu lan gething, dadi tumindaking sedya wus katelukaké, iku bakal tumeka ing katentreman.
But a man of disciplined mind, who moves among the objects of sense, with the senses under control and free from attachment and aversion, he attains purity of spirit.
Tetapi, ia yang hidup ditengah-tengah obyek duniawi dengan tetap menguasai indra-indranya dan bebas dari kesenangan dan kebencian, dengan pengendalian seperti itu ia mencapai kedamaian (dalam jiwanya).


II - 65
p[sade svRdu"%ana' hainrSyopjayte -
p[sÞcetso öaxu bui×" pyRvitîte --
prasàde sarwa-duákhànàý    hànir asyopajàyate,
prasanna-cetaso hy àúu    buddhiá paryawatiûþhate.
Sajroning tentrem sirna sakéhing prihatiné, sing sapa wis tentrem pikiré, bathiné nuli bisa timbang (ora bungah ora susah, ora demen ora gething).
And in that purity of  spirit, there is produced for him an end of  all sorrow; the intelligence of such a man of pure spirit is soon established (in the peace of the self).
Dan dalam jiwa yang tenang, akan lenyap segala penderitaan, karena pikiran orang bijaksana yang tenang itu, akan menjadi teguh dalam keseimbangan.


II - 66
naiSt bui×ryuµSy ncayuµSy .avna -
n ca.avyt" xaiNtrxaNtSy k¦t" su%m( --
nàsti buddhir ayuktasya    na càyuktasya bhàwanà,
na càbhàwayatah úàntir    aúàntasya kutaá sukham.
Budhi iku ora dumunung kang ora nunggal, anadéné kasembadané déwé uga ora dumunung ana kang ora nunggal. Sing sapa kang ora anetepi apa kang dadi gegéyongané, sayektiné ora tentrem. Kepriyé ingatasing manungsa bisa angrasa begja, yén ora tentrem pikiré?
For the uncontrolled, there is no intelligence; nor for the uncontrolled is there the power of concentration and for him without concentration there is no peace and for the unpeaceful, how can there be happiness ?
Tak ada kebijaksanaan pada pikiran yang tak terkendalikan dan juga tak ada konsentrasi yang dapat dilakukan dan juga tak ada kedamaian pada pikiran yang tak terpusatkan, sehingga bagaimana mungkin yang tanpa ketenangan dapat menikmati kebahagiaan, bukan?


II - 67
—iNd–ya,a' ih crta' yNmno_nuiv/¢yte -
tdSy hrit p[Da' vayunaRvimvaM.is --
indriyàóàý hi caratàý    yan mano ‘nuwidhìyate,
tad asya harati prajñàm    wàyur nàwam iwàmbhasi.
Sabab sapa sing anuruti kekarepané kang ngambra-ambra, saka tinuntuning iku mau, amesthi kawruhé larut, kayadéné prau kang kumambang ing banyu katempuh ing prahara.
When the mind runs after the roving senses, it carries away the understanding, even as a wind carries away a ship on waters.
Sesungguhnya pikiran yang mengikuti keinginan pañca indra bila tak terkendalikan akan terbawalah kebijaksanaannya, laksana perahu yang hanyut dalam air terbawa angin.

Kaya mangkono wigatiné mbéngkas ubaling pancéndriya kang dadi mungsuhé para pangudi katentreman, kang perlu katindakaké déning sapa baé kang kepéngin begja uripé.
Kang dikarsakaké kekarepan kang ngambra-ambra ing pada wekasan, yaiku sarupaning kekarepan kang njurungi tindak sasar sarta kekarepan kang ora asipat langgeng. Pakareman asor kang ora bakal bisa ngalusaké lan njunjung drajading budhi : mélik marang donyabrana, mélik marang kadrajadan lahir, mélik marang pakurmatan, iku iya klebu bangsa kekarepan kang ngambra-ambra. Pakareman seneng memada, seneng nyatur ala marang wong liya, karem marang pangalembana, becik didohi déning sapa baé kang kepéngin ndarbéni ati kang tentrem lan begja.
Prau kang kumambang ing banyu, katempuh ing prahara lakuné mesthi ora ndarbéni tujuwan kang gumathok. Yén praharané ngalor, prahuné kabuncang ngalor, yén prahara wis sirep, prauné mung kompal-kampul satengahing samodra. Mengkono pepindané kekarepan kang ora ndarbéni pathokan utawa cekelan kang santosa. Ora ndarbéni kemudi kang bisa mranata lakuné manut rancangan. Kombak-kombul, mung manut ilining banyu lan siliring angin.
Ngeréh kekarepan, supaya ora ngambra-ngambra, - perlu diundi déning para pangudi kasidan jati.
Wekasané Sri Kresna ngélingaké ing pada 68 nganti 71 marang Arjuna mangkéné :


II - 68
tSmaÛSy mhabaho ing*h¢tain svRx" -
—iNd–ya,¢iNd–yaqeR>yStSy p[Da p[itiîta --
tasmàd yasya mahà-bàho    nigåhìtàni sarwaúaá,
indriyàóìndriyàrthebhyas    tasya prajñà pratiûþhità.
Mulané Arjuna, sing sapa amarga saka pangangkahé wus bisa mekak kekarepané, iku déwéké wus santosa pikiré.
Therefore, O Mighty-armed (Arjuna), he whose senses are all withdrawn from their objects his intelligence is firmly set.
Karenanya, orang yang dapat mengendalikan pañca indera sepenuhnya dari segala obyek keinginannya, wahai Mahàbàhu (yang berlengan perkasa), ialah yang kebijaksanaannya telah mantap.


II - 69
ya inxa svR.Utana' tSya' jagitR s'ym¢ -
ySya' jag[it .Utain sa inxa pXyto mune" --
yà niúà sarwabhùtànàý    tasyàý jàgarti saýyamì
yasyàm jàgrati bhùtàni   sà niúà paúyato muneá.
Wenginé kang dumadi iki kabéh, ing kono tanginé kang angayomi, déné tanginé dumadi ing kono wenginé kang ngudanéni - (yaiku kang Maha Suci).
What is night for all beings is the time of waking for the disciplined soul; and what is the time of waking for all beings is night for the sage who sees (or the sage of vision).
Apa yang gelap bagi mahluk semua adalah terang bagi yang mcngetahui àtman, apa yang siang bagi mahluk-mahluk itu adalah malam bagi yang mengetahui àtman.


II - 70
AapUyRma,mclp[itî' smud–'map" p[ivxiNt yÜt( -
tÜTkamay' p[ivxiNt sveR s xaiNtmaPnoit n kamkam¢ --
àpùryamàóam acala-pratiûþhaý    samudram àpaá prawiúanti yadwat,
tadwat kàmà yaý prawiúanti sarwe    sa úàntim àpnoti na kàma-kàmi.
Sing sapa kekarepané tansah lumebu kaya ilining banyu anjog sagara ora pisan-pisan ambludagaké (liré gawé banjiring sagara), iku kang wus tumeka ing katentreman, ananging dudu wong kang ngumbar pepénginan.
He unto whom all desires enter as waters into the sea, which, though ever being filled is ever motionless, attains to peace and not he who hugs his desires.
Ibarat air masuk ke samudera, walau terus menerus, namun tetap tenang tak bergerak; demikian juga orang yang berjiwa tenang mencapai kedamaian walaupun semua kesenangan masuk pada dirinya, tetapi bukan orang yang mengumbar hawa nafsunya.


II - 71
ivhay kaman( y" svaRn( puma'érit in"Sp*h" -
inmRmo inrh'kar" s xaiNtmi/gC^it --
wihàya kàmàn yaá sarwàn    pumàýú carati niáspåhaá,
nirmamo nirahaòkàraá    sa úàntim adhigacchati.
Manungsa kang wus mbérat kamélikané lan wus sepi ing pepénginan, lan sepen ing hawa murka angkara, iya iku kang wus tekan ing katentreman.
He who abandon all desires and acts free from longing, without any sense of mineness or egotism, he attains to peace.
Orang yang mencampakkan semua keinginannya dan bertindak bebas tanpa keinginan, bebas dari perasaan ‘aku’ dan ‘punyaku’, ia mencapai kedamaian.

Sarining wejangan : wong urip ing ndonya lagi bisa tentrem, yén bisa mangréh kekarepané sarta hawanepsuné, ora dadi baturé donyabrana, lan mardika saka ubaling pancéndriya. Wong bisané tekan ing katentreman langgeng, yén enggoné ngudi panunggal wis ora ndarbéni kamélikan, mligi mung ngabekti marang kang Langgeng.

IVDalan loro kanggo anggayuh karahayon

Tidak ada komentar:

Posting Komentar