Jumat, 11 Mei 2012

Kidung Sukmo VII - siapa yang disebut Tuhan


VII Sapa kang diarani ingsun iku?


Ngudi kasampurnan iku pancén ora gampang, akéh banget bégalané. Tataran kang wiwitan : merangi kekarepan lan indriya kang asor baé, wis dipralambangi déning rangu-ranguné Arjuna enggoné nedya nyirnakaké Kurawa. Abot banget linakonan, marga wis kadung mbalung sungsum, wis kadung kérem ing pekareman. Mula akéh banget pangudi marang kasampurnan kang gagal, kang kandeg setengah ndalan.

 
Bab iki, Sri Kresna iya ngendikakaké ing pada 3 :


VII - 3
mnuZya,a' shñezu kiéÛtit is×ye -
yttamip is×ana' kiéNma' veiÑa tÑvt" --
manuûyàóàý sahasreûu    kaúcid yatati siddhaye,
yatatàm api siddhànàý    kaúcin màý wetti tattwataá.
Ing antaraning manungsa séwu, amung siji, kang tetep pangudiné marang kasampurnan, - lan ing antarané sujanma mulya séwu kang pada mangudi iku, iya mung siji, kang kasembadan weruh kahananingsun kang sejati.
Among thousand of men scarcely one strives for perfection and of those who strive and succeed, scarcely one knows Me in truth.
Diantara beribu-ribu manusia hampir tak seorangpun yang mengejar kesempurnaan dan diantara mereka yang berhasil hampir tak seorang yang mengenal Aku dalam kebenaran.

Semono angélé ngudi kasampurnan, séwu mung ana siji kang tetep ngudi. Saka antarané séwu kang ngudi, mung siji kang kaleksanan, marga saka gawaté, saka angélé lan saka kéhé pepalangé.
Nanging kita ora kena mupus, kudu mbanjuraké pangudi, najan wis kaping-kaping cabar enggoné anggayuh. Ujaring pepali kuna, sapa temen bakal tinemenan, mengkono uga sejatiné enggon kita nyoba ulah panunggal sarana nyinau falsafah kang digelaraké déning Sri Kresna.
Sadurungé mbanjuraké wejangan, luwih becik yén pada njajagi tegesé tembung “Ingsun” kang wis naté kita prangguli siji-loro ing wedaran kang wis naté kapacak, lan isih bakal kita pethuki manéh ing wedaran sabanjuré.
Sarana mindeng kidung kang kapacak ing ngisor iki, kita bisa anggagapi apa kersané Sri Kresna ing tembung “Ingsun” mau ing pada 6 nganti 11 :


VII - 6
EtÛonIin .Utain svaR,¢Tyup/ary -
Ah' ²TðSy jgt" p[.v" p[lyStqa --
etad-yonìni bhùtàni    sarwàóìty upadhàraya,
ahaý kåtsnasya jagataá    prabhawaá pralayas tathà.
Sumurupa kabéhing wujud iku pinangkané saka sakaroné mau, Ingsun kamulané, mangkono uga kabéh iku bakal mulih marang Ingsun.
Know that all beings have their birth in this. I am the origin of all this world and its dissolution as well.
Ketahuilah bahwa keduanya ini merupakan kandungan dari semua mahluk; dan Aku adalah asal mula dan leburnya alam semesta raya ini.


VII - 7
mÑa" prtr' naNyiTkiÆdiSt /nÇy -
miy svRimd' p[ot' sU]e mi,g,a —v --
mattaá parataraý nànyat    kiñcid asti dhanañjaya,
mayi sarwam idaý protaý    sùtre maói-gaóà iwa.
Kang luwih luhur saka Ingsun wus ora ana manéh, - lah kang unggul lawan kasugihan, - kabéh mau tumurun gegandéngan lawan Ingsun, kayadéné mutiara kang rinoncé ing benang.
There is nothing whatever that is higher than I, O Winner of wealth (Arjuna). All that is here is strung on me as rows of gems on a string.
Tak ada yang lebih tinggi daripada-Ku, wahai Arjuna, yang ada disini semua terikat pada-Ku bagaikan rangkaian mutiara pada seutas tali.


VII - 8
rso_hmPsu kONtey p[.aiSm xixsUyRyo" -
p[,v" svRvedezu xBd" %e pOäz' n*zu --
raso ‘ham apsu kaunteya    prabhàsmi úaúi-sùryayoá,
praóawaá sarwa-wedeûu    úabdaá khe pauruûaý nåûu.
Héh atmajaning Kunthi, -Yén banyu, Ingsun iki telesé, yén surya candra Ingsun padangé, yén layang Wéda Ingsun tembungé kang sukci, yén amun-amun Ingsun swasanané, yén manungsa Ingsun manungsané sejati.
I am the taste in the waters, O Son of Kuntì (Arjuna), I am the light in the moon and the sun. I am the syllable AUM (praóava) in all the Vedas; I am the sound in ether and manhood in men.
Aku adalah rasa dalam air, wahai Arjuna; Aku adalah cahaya pada bulan dan matahari, Aku adalah praóava dalam semua Veda, Aku adalah suara di-ether dan kemanusiaan pada manusia.


VII -  9
pu<yo gN/" p*iqVya' c tejéaiSm iv.avsO -
j¢vn' svR.Utezu tpéaiSm tpiSvzu --
puóyo gandhaá påthiwyàý ca    tejaú càsmi wibhàwasau,
jìwanaý sarwa-bhùteûu    tapaú càsmi tapaswiûu.
Yén bumi Ingsun gandané arum, yén geni Ingsun urubé, yén sakéhing dumadi Ingsun kang urip anéng jeroné, yén para tapa Ingsun serengé pangudiné.
I am the pure fragrance in earth and brightness in fire. I am the life in all existences and the austerity in ascetics.
Aku adalah keharuman lembutnya tanah dan benderang nyalanya api; Aku adalah nyawanya semua insani dan semangat tapa bratanya para pertapa.


VII - 10
b¢j' ma' svR.Utana' ivi× paqR snatnm( -
bui×buRi×mtamiSm tejStejiSvnamhm( --
bìjaý màý sarwa-bhùtànàý    widdhi pàrtha sanàtanam,
buddhir buddhimatàm asmi    tejas tejaswinàm aham.
Duh Panduputra, - sumurupa yén Ingsun wiji langgeng, iya wijiné dumadi kabéh, budhi kang pinaringaké ing manungsa iku ya Ingsun, déné yén urub : Ingsun prabané.
Know Me. O Pàrtha (Arjuna), to be the eternal seed of all existences. I am the intelligence of the intelligent; I am the splendour of the splendid.
Ketahuilah, wahai Pàrtha, aku ini adalah benih abadi dari semua mahluk;Aku adalah akal dari kaum intelektual, Aku adalah cemerlangnya sinar cahaya


VII - 11
bl' blvtamaiSm kamragivvijRtm( -
/maRivä×o .Utezu kamo_iSm .rtzR. --
balaý balawatàm asmi    kàma-ràga-wiwarjitam, 
dharmàwiruddho bhùteûu    kàmo ‘smi bharatarûabha.
Héh bebanthénging jagad, - kakiyataning wong rosa kang  wus kalis saka kamélikan lan kamurkan, iku ya Ingsun : pepénginan marang dharma (kabecikan) kang ora sarosa ngesuk ana ing jeroné kabéh kahanan, iku Ingsun.
I am the strength of the strong, devoid of desire and passion. In beings I am the desire which is not contrary to law, O Lord of Bharatas (Arjuna).
Aku adalah kekuatan dari orang yang kuat, bebas dari keinginan dan nafsu. Aku adalah keinginan pada semua mahluk yang tidak bertentangan dengan dharma, wahai Arjuna.

Nyata saka kidung ing nduwur iku, yén Ingsun iku dudu krama inggilé aku, dudu kang ateges kula, - nanging dienggo istilah ngarani Sukma kang dumunung ana ing angganing saben manunsa. Ana kang njarwakaké Sinar Tuhan, ana kang njarwakaké Pribadi Luhur, ana manéh kang ngarani Sukma Sejati utawa Manungsa Sejati. Yaiku kang asipat alus lan langgeng, ora bakal mélu katut bosok yén badan wadag wis mati lan kapendem ing kubur, ora mélu gosong yén badan wadag mati wis kabesmi.


VII - 24
AVyµ' VyiµmapÞ' mNyNte mambu×y" -
pr' .avmjanNto mmaVyymnuÑamm( --
awyaktaý wyaktim àpannaý    manyante màm abuddhayaá,
paraý bhàwam ajànanto    mamàwyayam anuttamam.
Wong tanpa budhi, nganggep Ingsun iki kang ora gumelar, marga déwéké ora sumurup duwuring wewatakan Ingsun, iya iku : kang langgeng lan luhur.
Men of no understanding think of Me, the unmanifest, as having manifestation, not knowing My higher nature, changeless and supreme.
Orang yang picik pengertian beranggapan Aku yang tak berbentuk menjadi termanifestasikan, tidak mengetahui sifat-Ku yang lebih tinggi yang kekal abadi dan Yang Maha Tinggi.


VII - 25
nah' p[kax" svRSy yogmayasmav*t" -
mU!o_y' nai.janait loko mamjmVyym( --
nàhaý prakàúaá sarwasya    yoga-màyà-samàwåtaá,  
mùîho ‘yaý nàbhijànàti    loko màm ajam awyayam.
Ingsun ora kadulu déning sadéngah, sumimpen anéng sajroning mayaning semadhi, - para sasar ing donya iki ora sumurup Ingsun, mulané diarani ora lahir lan ora gumelar.
Veiled by My creative power (yogamàyà) I am not revealed to all. This bewildered world knows Me not, the unborn, the unchanging.
Terselubungi oleh kekuatan yogamàyà-Ku, Aku tak kelihatan oleh semuanya; dunia yang terkecoh ini tak mengetahui Aku yang tak terlahirkan dan kekal abadi.


VII - 26
vedah' smt¢tain vtRmanain cajuRn -
.ivZyai, c .Utain ma' tu ved n kén --
wedàhaý samatìtàni    wartamànàni càrjuna,
bhawiûyàói ca bhùtàni    màý tu weda na kaúcana.
Ingsun weruh kahanan wus kapungkur, samengko lan ing tembé, - héh Arjuna, - ananging ora kang weruh maring Ingsun.
I know the beings that are past, that are present, O Arjuna, and that are to come but Me no one knows.
Wahai Arjuna, Aku mengetahui semua mahluk yang dahulu, yang kini dan yang lahir nanti, tetapi tak seorangpun, yang mengenal Aku

Kidung telung pada (24, 25, 26) ing nduwur iki isih bacutané katerangan sipaté Ingsun, kang dipethik pérangan kang wigati baé, karoncén yén dipacaka kabéh, marga wejangané sok mung ngambali apa kang wis diwedaraké.
Ing pérangan bawarasa kang kaping VIII uga isih nerangaké bab sipaté Ingsun luwih moncér manéh. Nanging diselani disik déning pitakonané Arjuna kang mengkéné :


VIII - 1
AjuRn £vac
ik' tØãõ ikm?yaTm' ik' kmR puäzoÑam -
Ai/.Ut' c ik' p[oµmi/dWv' ikmuCyte --
arjuna uvàca:
kiý tad brahma kim adhyàtmaý    kiý karma puruûottama,
adhibhùtaý ca kiý proktam    adhidaiwaý kim ucyate.
Aturipun Arjuna : Brahma, Adiyatma, karma, tuwin purusa punapa, pundi ingkang nami adibhùtam, tuwin punapa ingkang winastanan adidaiwam ?
All beings are born to delusion, O Bhàrata (Arjuna), overcome by the dualities which arise from wish and hate, O Conqueror of the foe (Arjuna).
Wahai Arjuna, karena dibingungkan oleh pasangan yang saling berlawanan, yang muncul dari keinginan dan kebencian, semua mahluk didunia ini menjadi tersesat, wahai penakluk musuh (Arjuna).


VIII - 2
Ai/yD" kq' ko_] dehe_iSmNm/usUdn -
p[ya,kale c kq' Deyo_is inytaTmi." --
adhiyajñaá kathaý ko 'tra    dehe 'smin madhusùdana,
prayàóa-kàle ca kathaý    jñeyo 'si niyatàtmabhiá.
Duh pangrurahing madu, - sinten utawi punapa adiyana wau wontenipun ing jasat punika, makaten ugi kawontenan paduka ingkang badé kasumerepan, déning sujanma nalika pecating pati, utawi sujana ingkang datipun (zat ipun) kawasa.
But those men of virtuous deeds in whom sin has come to an end (who have died to sin), freed from the delusion of dualities, worship Me steadfast in their vows.
Tetapi mereka yang berperilaku mulia, yang tak mempunyai dosa lagi, yang bebas dari khayalan pasangan yang berlawanan memuja Aku, yang tetap teguh dalam sumpahnya.


VIII - 3
è[¢.gvanuvac
A=r' b[õ prm' Sv.avo_?yaTmmuCyte -
.Ut.avoÙvkro ivsgR" kmRs'iDt" --
úrì bhagavàn uvàca:
akûaraý brahma paramaý    swabhàwo 'dhyàtmam ucyate,
bhùta-bhàwodbhawa-karo    wisargaá karma-saýjñitaá.
Pangandikanipun Kresna : Kang langgeng iku Brahma, yaiku kang Maha Luhur, wataké pribadi iku kang ingaran adiyatma, kurban kang njalari lang kang nganakaké dumadi iku kang sinebut karma (kadadéyaning pakarti, utawa angger-anggering jalaran).
The Blessed Lord said :
Brahman (or the Absolute) is the indestructible, the Supreme (higher than all else), essential nature is called the Self. Karma is the name given to the creative force that brings beings into existence.
Úrì Bhagavàn bersabda :
Yang kekal abadi, maha Agung, adalah Brahman; persemayaman-Nya dalam badan individu dinamakan adhyàtmam; karma adalah nama yang diberikan kepada persembahan yang melahirkan mahluk hidup didunia.


VIII - 4
Ai/.Ut' =ro .av" puäzéai/dWvtm( -
Ai/yDo_hmeva] dehe deh.*ta' vr --
adhibhùtaý kûaro bhàwaá    puruûaú càdhidaiwatam,
adhiyajño 'ham ewàtra    dehe deha-bhåtàý wara.
Adibhùtam iku kang wataké owah gingsir, adidaiwam iku purusa, déné adiyatma anané ing raga iku : Ingsun.
The basis of all created things is the mutable nature; the basis of the divine element is the cosmic spirit. And the basis of all sacrifices, here in the body is Myself, O Best of embodied beings (Arjuna).
Adhibhùta adalah wujud yang tak kekal, adhidaivata adalah hakekat puruûa dan hanya Aku-lah sebagai adhiyajña yang ada dalam badan, wahai manusia termulia (Arjuna).

Bisa kita sumurupi saka kidung ing nduwur iku, yén Ingsun iku ora pada karo Brahma, diterangaké ing kono yén Brahma iku luwih luhur tinimbang Ingsun, nanging kang mengkono mau ora kurang wigati kalungguhané, marga yén manut Sri Kresna, sapa kang arep pecat nyawané, mangka ngélingi marang Ingsun, bakal tekan ing kahananingsun. Coba mirengaké pangandikané ing pada 5 tumekané 8 iki :


VIII - 5
ANtkale c mamev SmrNmuKTva klevrm( -
y" p[yait s mÙav' yait naSTy] s'xy" --
anta-kàle ca màm ewa    smaran muktwà kalewaram,
yaá prayàti sa mad-bhàwaý    yàti nàsty atra saýúayaá.
Sing sapa pamancané marang pati angélingi Ingsun, yén déwéké wus oncat saka ing badan, déwéké bakal tekan ing kahananipun, kang mangkono mau wus kena tinamtokaké.
And whoever, at the time of death, gives up his body and departs, thinking of Me alone, he comes to My status (of being); of that there is no doubt.
Barang siapa pada waktu ajal tiba, menanggalkan badan jasmani ini mengenang Aku selalu, selalu kepada- Ku; ini tak dapat diragukan lagi. 


VIII - 6
y' y' vaip SmrN.av' TyjTyNte klevrm( -
t' tmevWit kONtey sda tÙav.aivt" --
yaý-yaý wàpi smaran bhàwaý    tyajaty ante kalewaram,
taý-tam ewaiti kaunteya    sadà tad-bhàwa-bhàwitaá.
Héh pangrurahing satru, - manungsa kang angéngeti apa baé, yén déwéké teka mangsané aninggal ragané iya tekan kang dén éngeti mau, marga kayadéné wus kaangkah suwé bisané mrono.
Thinking of whatever state (of being) he at the end gives up his body, to that being does he attain, O Son of Kunti (Arjuna), being ever absorbed in the thought thereof.
Apapun yang diingat ataupun dipikirkan seseorang pada saat ajal tiba, meninggalkan badan jasmani ini, wahai Arjuna ini akan sampai pada keadaan yang terpikirkan itu, sebab hal itu terus menerus terserap dalam pikiran itu.


VIII - 7
tSmat( sveRzu kalezu mamnuSmr yu?y c -
mYyipRtmnobui×mRamevWZySys'xy" --
tasmàt sarweûu kàleûu    màm anusmara yudhya ca,
mayy arpita-mano-buddhir    màm ewaiûyasy asaýúayaá.
Marma tansah angélingana Ingsun, pikir lan budhinira gelengna maringsun, wus mesthi sira bakal tekan Ingsun.
Therefore at all times remember Me and fight. When thy mind and understanding are set on Me, to Me alone shall thou come without doubt.
Karena itu, kapan saja ingatlah pada-Ku selalu, dan berjuanglah terus maju, dengan pikiran dan pengertian tetap pada-Ku, engkau pasti akan sampai kepada-Ku.


VIII - 8
A>yasyogyuµwn cetsa naNygaimna -
prm' puäz' idVy' yait paqaRnuicNtyn( --
abhyàsa-yoga-yuktena    cetasà nànya-gàminà,
paramaý puruûaý diwyaý    yàti pàrthànucintayan.
Kalayan pangésthiné ora pedot anggoné amusthi, lan dadi siji amarga saka panunggalé, sarta ora ngéngeti liya manéh, déwéké tekan ing purusa.

Sabanjuré ing pérangan bawarasa kang kaping IX, Sri Kresna iya isih nerangaké kalungguhané Ingsun sarta pepindan sepira wigatiné Ingsun tumrap anggayuh kasampurnan. Réhné wejangan mau dawa tur katerangané akéh kang pada baé, mula mung kita pethiki (pada 16, 17, 18) kang dadi saripathiné baé :


IX - 16
Ah' ¹turh' yD" Sv/ahmhmOz/m( -
mN]o_hmhmevaJymhmiGnrh' hutm( --
ahaý kratur ahaý yajñaá    swadhàham ahaý auûadham,
mantro 'ham aham ewàjyam    aham agnir ahaý hutam.
Miturut layang Wéda, Ingsun iki kurban, yén ing layang liyané Ingsun kang kinurbanaké, Ingsun banyu kang kinurbanaké, Ingsun tetuwuhan kang kinurbanaké, iya Ingsun mantram, martéga kang dianggo kurban, lan geni sarta panggawé kang kinurbanaké Ingsun.
I am the ritual action, I am the sacrifice, I am the ancestral oblation, I am the (medicinal) herb, I am the (sacred) hymn, I am also the melted butter, I am the fire and I am the offering.
Aku adalah persembahan kratuh, Aku adalah kurban (sesajian), Aku adalah sesajen kepada para leluhur (svadhà), Aku adalah bahan ramuan obat, Aku adalah mantra, Aku juga adalah mertega murni, Aku adalah api dan Aku adalah persembahan (huta).


IX - 17
iptahmSy jgto mata /ata iptamh" -
veÛ' piv]mo»ar ¨Ksam yjurev c --
pitàham asya jagato    màtà dhàtà pitàmahaá,
wedyaý pawitram auýkàra    åk sàma yajur ewa ca.
Ingsun bapa babuné éyangé iki kabéh, lan kang nyangga kabéh iki, praboting kasucian, iya iku kang kudu disumurupi, mangkono uga tetembungan ‘oý’ lan rigwéda, samawéda, yajurwéda.
I am the father of this world, the mother, the supporter and the grandsire, I am the object of knowledge, the purifier. I am the syllable Aum and I am the åk, the sàma and the yajus as well.
Aku adalah Bapa, Ibu, Pelindung, dan Datuk alam semesta ini; Aku adalah obyek ilmu pengetahuan, pensuci, Aku adalah Oýkàra, dan juga Åik, Sàma, dan Yajuh.


IX - 18
git.RtaR p[.u" sa=¢ invas" xr,' sòt( -
p[.v" p[ly" Sqan' in/an' b¢jmVyym( --
gatir bhartà prabhuá sàkûì    niwàsaá úaraóaý suhåt,
prabhawaá pralayaá sthànaý    nidhànaý bìjam awyayam.
Ingsun gegayuhan kang ngupakara, iya Gusti kang ngudanéni, iya padunungan, iya kang dadi pangungsén, mitra kang murwani, kang mekasi : tetales, gedong raja brana, iya wiji kang langgeng.
(I am) the goal, the upholder, the lord, the witness, the abode, the refuge and the friend. (I am) the origin and the dissolution, the ground, the resting place and the imperishable seed
Aku adalah tujuan, pengemban, penguasa, Aku adalah saksi, tempat kediaman, tempat perlindungan;Aku adalah kawan, asal mula, akhir kesudahan; Aku adalah dasar, tempat penyimpanan, benih abadi.

Mengkono gegambaran kawujudané Ingsun, kang diterangaké mawa pepindan warna-warna. Ing bab pangaribawané, isih diterangaké manéh kacetha ing ngisor iki, yaiku sapa baé kang ora mikir liya, saliyané Ingsun, bakal antuk kamulyan. Sok mengkonowa. Ingsun ing nanging kadidéné wewajangané Kang Maha Suci.
Mengkéné kidung rong pada (22, 23) mau :


IX - 22
AnNyaiéNtyNto ma' ye jna" pyuRpaste -
teza' inTyai.yuµana' yog=em' vhaMyhm( --
ananyàú cintayanto màý    ye janàá paryupàsate,
teûàý nityàbhiyuktànàý    yoga-kûemaý wahàmy aham.
Sujanma kang wus ora mikir liyané kajaba angluhuraké Ingsun, iya kang wus ora maro tingal, Ingsun maringi kamulyaning panunggal marang déwéké.
But those who worship Me, meditating on Me alone, to them who ever persevere, I bring attainment of what they have not and security in they have.
Mereka yang hanya memuja-Ku saja, tanpa memikirkan yang lainnya lagi, yang senantiasa penuh pengabdian, kepada mereka Ku-bawakan segala apa yang mereka tidak punya dan Ku-lindungi segala apa yang mereka miliki

IX - 23
ye_PyNydevta.µa yjNte è[×yaiNvta" -
teip mamev kONtey yjNTyivi/pUvRkm( --
ye 'py anya-dewatà-bhaktà    yajante úraddhayànwitàá,
te 'pi màm ewa kaunteya    yajanty awidhi-pùrwakam.
Duh Arjuna, - sanadyan kang para anut, kanthi kaébekan piyandel, lan pangaji-aji tumrap agama liyané, iku uga angluhuraké Ingsun, sanadyan déwéké mau anyulayani layang-layang kuna.
Even those who are devotees of other gods, worship them with faith, they also sacrifice to Me alone, O Son of Kunti (Arjuna), though not according to the true law.
Bahkan mereka (para bhakta) yang memuja para dewa lain, dengan penuh keyakinan, sesungguhnya juga memuja Aku, wahai putra Kunti (Arjuna), walau sebenamya tidak menurut hukum yang diajarkan (ditetapkan).

Ing kidung candaké (wiwit 29 saterusé) isih medar sabda bab sipaté Ingsun sarta anggambaraké gedéning pangaribawané, pamejangé Sri Kresna nganti tapis temenan, marga sajaké Arjuna isih durung mantep temenan marang apa kang diarani Ingsun lan kepriyé mungguh sanyatané kawujudané sarta daya perbawané.


IX - 29
smo_h' svR.Utezu n me ÜZyo_iSt n ip[y" -
ye .jiNt tu ma' .KTya miy te tezu caPyhm( --
samo 'haý sarwa-bhùteûu    na me dweûyo 'sti na priyaá,
ye bhajanti tu màý bhaktyà     mayi te teûu càpy aham.
Panganggepingsun marang sakabéhing dumadi pada baé, ingatasé Ingsun ora gething, uga ora demen, ananging sing sapa angluhuraké Ingsun sarana bhakti, sujanma mau ana jeroningsun, lan Ingsun ana jeroning déwéké.
I am the same in (alike to) all beings. None is hateful nor dear to Me. But those who worship Me with devotion they are in Me and I also in them.
Aku adalah sama bagi semua mahluk; bagi-Ku tiada yang terbenci dan terkasihi; tetapi mereka yang berbhakti padaku dengan penuh pengabdian, mereka ada padaku dan Aku ada pada mereka.


IX - 30
Aip ceTsuduracaro .jte mamnNy.ak( -
sa/urev s mNtVy" sMyGVyvisto ih s" --
api cet su-duràcàro    bhajate màm ananya-bhàk,
sàdhur ewa sa mantawyaá   samyag wyawasito hi saá.
Sanadyan tumeka wong kang ambeké ala, ananging angaji-aji maringsun, lan ora ngadep liyané, déwéké iya kagolong becik, awit anduwéni kakencengan kang bener.
Even if a man of the most vile conduct worships me with undistracted devotion, he must be reckoned as righteous for he has rightly resolved.
Bahkan seandainya seorang yang terjahat sekalipun yang memuja Aku dengan pengabdian yang terpusat, ia harus dipandang ada di jalan yang benar sebab ia telah bertindak menuju yang benar.


IX - 31
i=p[' .vit /maRTma xëC^aiNt' ingC^it -
kONtey p[itjan¢ih n me .µ" p[,Xyit --
kûipraý bhawati dharmàtmà    úaúwac-chàntiý nigacchati,
kaunteya pratijànìhi    na me bhaktaá praóaúyati.
Déwéké mesthi bakal tumuli becik, lan tumuju marang katentreman kang langgeng, -duh Pandutanaya, - sira pasthi sumurup yén kang ngidep Ingsun iku ora keblasuk.
Swiftly does he become a soul of righteousness and obtain lasting peace, O Son of Kuntì (Arjuna), know thou for certain that My devotee perishes never.
Dengan segera ia menjadi orang benar dan mencapai kedamaian yang kekal abadi; ketahuilah, wahai Arjuna, para pemuja-Ku pasti tak akan termusnahkan.


IX - 32
ma' ih paqR Vypaiè[Ty ye_ip Syu" papyony" -
iS]yo vWXyaStqa xUd–aSte_ip yaiNt pra' gitm( --
màm hi pàrtha wyapàúritya    ye 'pi syuá pàpa-yonayaá,
striyo waiúyàs tathà úùdràs    te 'pi yànti paràý gatim.
Héh atmajaning Prita, - karana pangayomé maringsun, nadyan kang lahiré nandang dosa, kayata : wong-wong wadoné bangsa kaping telu utawa kaping pat, malah bisa anggayuh dalan kang luhur.
For those who take refuge in Me, O Pàrtha (Arjuna), though they are lowly born, women, Vaiúyas, as well as Úùdras, they also attain to the highest goal.
Sesungguhnya, mereka yang berlindung pada-Ku, walaupun berasal dari kelahiran rendah, wahai Arjuna, para wanita, vaiúya, ataupun úùdra, mereka juga mencapai tujuan tertinggi.


IX - 33
ik' punb[aRõ,a" pu<ya .µa rajzRyStqa -
AinTymsu%' lokimm' p[aPy .jSv mam( --
kiý punar bràhmaóàá puóyà    bhaktà ràjarûayas tathà,
anityam asukhaý lokam    imaý pràpya bhajaswa màm.
Pira-pira Brahmana kang suci lan para wicaksana kang bhakti, mulané sira angidepa maringsun, marga sira anéng alam kang ora langgeng lan cilaka (ndonya) iki.
How much more then, holy Brahmins and devoted royal saints; having entered this impermanent sorrowful world, do thou worship Me.
Apalagi para brahmaóa suci dan ràja åûiyang saleh budiman; kini setelah engkau ada di dunia yang tak kekal dan penuh duka, pujalah Aku.


IX - 34
mNmna .v mÙµo mÛaj¢ ma' nmSk¦ä -
mamevWZyis yuKTvWvmaTman' mTpray," --
man-manà bhawa mad-bhakto    mad-yàjì màý namaskuru,
màm ewaiûyai yuktwaiwam    àtmànaý mat-paràyaóaá.
Pikirira lebokna ing jeroningsun, tansah anembaha maringsun, kurbana maringsun, sumungkema angayunaningsun, - yén mangkono, sira bakal tekan lan dadi siji karo Ingsun, tekan ing Sukma sarta tekan gegayuhan kang luhur, yaiku Ingsun.
On Me fix thy mind; to Me be devoted; worship Me; revere Me; thus having disciplined thyself, with Me as thy goal, to Me shaft thou come.
Pusatkan pikiranmu, pada-Ku, berbhakti pada-Ku, bersujud pada-Ku, sembahlah Aku dan setelah kau mengendalikan dirimu denganAkujadi tujuanmu tertinggi, engkau akan tiba pada-Ku.

Pancén tumrap wong kang durung wani merangi kekarepané kang asor, kaya pralambangé Arjuna kang durung wani umangsah perang nyirnakaké Kurawa, - angél enggoné bisa nampa pangertén bab Ingsun kang dumunung ana ing badan kita.
Ora gampang tumrap wong kang isih kalimput ing hawanepsu lan pepénginané, kang isih durung bisa ngalahaké Kurawa kang akadaton ing badané déwé, - bisané gampang mangerti marang apa kang diarani Sinar Tuhan utawa Sukma Sejati kang dumunung ana ing badan kita déwé.
Mula Sri Kresna ora kendat enggoné medaraké bab kahanané Ingsun kanthi pepindan rupa-rupa, kang sok dibolan-baléni sarta marga saka moncéré, uga sok ngisruhaké.
Wossing pangandika: Manungsa kang tinitah lahir ing ndonya, saliyané ndarbéni badan wadag, uga ndarbéni badan alus kang ora kena dineleng lan uga kasinungan Roh utawa Sukma kang uripé langgeng, yaiku kang kerep disebut ing istilah Ingsun déning Sri Kresna. Déné kang anitahaké sakéhing titah kang kumelip ing jagad raya iki, sawijining Pangwasa kang tan kena kinaya ngapa, yaiku sesembahané wong kang yakin marang ananing Pangéran kang Maha Tunggal, mungguh gegandéngané karo sakéhing Roh kang langgeng mau, kadidéné Srengéngé lan cahyané, mula Ingsun mau sok sinebut Sinar Tuhan.

Bersambung ke: VIII Panembah kang muhung karanan panembah.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar