Senin, 21 Mei 2012

Kidung Sukmo X - Manunggaling kawulo lan Gusti

X Panunggal sarana kamardikan saka seleh.

Bawarasa kang kaping XV, isiné isih nedya mikukuhi katerangan bab kapribadéné Ingsun, nanging nganggo sarana istilah anyar, yaiku Purusa. Réhné uga wigati tumrap undaking kamantepan lan keyakinan, mula kita pacak, kidung kaping 16 nganti 20 iki :



XV - 16
ÜaivmO puäzO lokw =réa=r Ev c -
=r" svaRi, .Utain k§$Sqo_=r £Cyte --
dwàw imau puruûau loke    kûaraú càkûara ewa ca,
kûaraá sarwàói bhùtàni    kùþa-stho 'kûara ucyate.
Ing ndonya iki ana purusa loro, yaiku kang owah gingsir lan kang ora owah gingsir, kang kena owah gingsir yaiku kang dumadi sarupaning bebakalan, déné kang langgeng iku diarani ora owah gingsir.
There are two persons in this world, the perishable and the imperishable, the perishable is all these existences and the unchanging is the imperishable.
Sesungguhnya ada dua macam puruûa di dunia ini, yang termusnahkan dan yang tak termusnahkan. Semua mahluk adalah yang termusnahkan, tetapi kùþastha disebut sebagai yang tak termusnahkan.


XV - 17
£Ñam" puäzSTvNy" prmaTmeTyudaòt" -
yo lok]ymaivXy ib.TyRVyy ¡ër" --
uttamaá puruûas tw anyaá   paramàtmety udàhåtaá,
yo loka-trayam àwiúya    bibharty awyaya ìúwaraá.
Ananging purusa kang luhur dudu iku, katrangané iya pribadiné kang luhur, Gusti kang asipat baka kang anglimputi sarta kang anyangga tri bawana.
But other than these, the Highest Spirit called the Supreme Self who, as the Undying Lord, enters the three worlds and sustains them.
Sesungguhnya puruûa Utama disebut dengan gelar lain, sang Diri tertinggi, Penguasa Utama, yang meliputi tiga dunia ini (untuk) memeliharanya.


XV - 18
ySmaT=rmt¢to_hm=radip coÑam" -
Ato_iSm lokw vede c p[iqt" puäzoÑam" --
yasmàt kûaram atìto 'ham    akûaràd api cottamaá,
ato 'smi loke wede ca    prathitaá puruûottamaá.
Amarga Ingsun wus angliwati kang owah gingsir, kang luwih duwur saka kang ora owah gingsir, mulané tumraping layang Wéda lan ing donya, Ingsun kaanggep purusa kang luhur.
As I surpass the perishable and am higher even than the imperishable, I am celebrated as the Supreme Person in the world and in the Vedas.
Oleh karena aku melampaui yang termusnahkan dan lebih tinggi dari yang tak termusnahkan, maka Aku dipuja sebagai Puruûa Uttama di dunia maupun dalam kitab-kitab Veda.


XV - 19
yo mamevms'mU!o janait puäzoÑamm( -
s svRivÙjit ma' svR.aven .art --
yo màý ewam asammùîho   jànàti puruûottamam,
sa sarwa-wid bhajati màý    sarwa-bhàwena bhàrata.
Dadi sing sapa santosa panganggepé maringsun purusa kang luhur, iku wus ora kléru, - duh tedaking Bharata, - déwéké angluhuraké Ingsun, kalayan kahanané kabéh.
He who, undeluded, thus knows Me, the Highest Person, is the knower of all and worships Me with all his being (with his whole spirit), O Bhàrata (Arjuna).
Dia yang tidak tersesat oleh ilusi mengetahui Aku sebagai sang Diri tertinggi sesungguhnya dia mengetahui segalanya dan memuja-Ku dengan segenap jiwa raganya, wahai Bharata.


XV - 20
—it guötm' xaïimdmuµ' myan` -
Etd( bu×va bui×man( SyaT²t²Tyé .art --
iti guhyatamaý úàstram   idam uktaý mayànagha,
etad buddhwà buddhimàn syàt    kåta-kåtyaú ca bhàrata.
Mangkono mau wedaraningsun mungguh ing walang wadi, - O, Arjuna, - sujana kang weruh iku kasinungan budhi, manawa déwéké wus anambut kang kudu sinambut, iku luwar saka dosa.
Thus has this most secret doctrine been taught by Me, O blameless one. By knowing this, a man will become wise and will have fulfilled all his duties, O Bhàrata (Arjuna).
Jadi, ajaran rahasia ini telah Ku-berikan, wahai Anagha; dengan mengetahui ini, orang akan menjadi arif bijaksana (tercerahi) dan telah melaksanakan segala kewajibannya wahai Bharata.

Mengkono saripathiné wejangan panembah utawa panunggal sarana Purusa kang luhur:
Réhné ing bawarasa kang kaping XIV lan XVI mung adapur muwuhi katerangan kang uwis-uwis sarana tetembungan liya baé, mula kaya ora perlu kita pacak manéh, mundak bisa njalari wudaring bundelan kang wis singset. Ing bawarasa mau mung nerangaké bédaning sura lan asura, yaiku kang andéwa lan kang ora andéwa, déné bawarasa kang kaping XVII mung mratélakaké bab kurban, kaya kang wis naté kaandaraké ing ngarep.
Ing bawarasa kang wekasan, yaiku kang kaping XVIII, sejatiné iki kang isi saripathiné wejangan, kita pacak telung pada (51, 52, 53) disik ing ngisor iki :


XVIII - 51
bu×)a ivxu×ya yuµo /*TyaTman' inyMy c -
xBdad¢iNvzya'STyKTva ragÜezO VyudSy c --
buddhyà wiúuddhayà yukto   dhåtyàtmànaý niyamya ca,
úabdàdìn wiûayàýs tyaktwàràga-dweûau wyudasya ca.
Sing sapa anunggal sarana budhi, kang wus suci kalayan kasantosané wus anelukaké manasé, sawusé swara lan kang kagepok ing pancéndriya wus kaséléhaké, anyingkiraké sih lan gethingé.
Endowed with a pure understanding, firmly restraining oneself, turning away from sound and other objects of sense and casting aside attraction and aversion.
Dilengkapi dengan pemahaman murni, mengekang sang diri dengan teguh, menghindari suara dan objek indra lainnya serta melepaskan segala yang dicintai dan dibenci.


XVIII - 52
ivivµsev¢ l~vax¢ ytva´aymans" -
?yanyogpro inTy' vWraGy' smupaiè[t" --
wiwikta-sewì laghw-àúì    yata-wàk-kàya-mànasaá,
dhyàna-yoga-paro nityaý   wairàgyaý samupàúritaá.
Urip ing panggonan kang sepi, angengurangi pangan, wicarané, badan lan pikiré, lestari dikendaléni, tansah anglakoni meleng sarta nunggal, ing kono sirna kamurkané.
Dwelling in solitude, eating but little, controlling speech, body and mind, and ever engaged in meditation and concentration and taking refuge in dispassion.
Tinggal ditempat terpencil, makan sedikit, mengendalikan perkataan, badan jasmani dan pikiran, selalu melakukan meditasi dan konsentrasi serta berlindung pada kedamaian hati.


XVIII - 53
Ah»ar' bl' dp| kam' ¹o/' pirg[hm( -
ivmuCy inmRm" xaNto b[õ.Uyay kLpte --
ahaòkàraý balaý darpaý   kàmaý krodhaý parigraham,
wimucya nirmamaá úànto   brahma-bhùyàya kalpate.
Manawa uwis sepi saka ing pamrih, panganiaya, kumlungkung, kamélikan, nafsu, amales ala lan murka, ora épéhan, nanging tentrem, - iya iku prayoga tumrap kahananing Brahma.
And casting aside self sense, force, arrogance , desire, anger, possessive, egoless and tranquil in mind, he becomes worthy of becoming one with Brahman.
Setelah membuang jauh-jauh keakuan, kekerasan, keangkuhan, nafsu, amarah dan kemilikan, dan penuh kedamaian, ia layak mencapai Brahman.


Mengkono, yén wong nedya manunggal marang Sukma kang maha suci, manut Sri Kresna, kudu wani ninggal sakabéhané. Ninggal kang sarwa ora langgeng, malah kudu ninggal papan paraméyan kang manut teges kang wajar, yaiku banjur ngalih marang papan kang sepi.
Kang mengkéné iki sajak tinemu béda karo apa kang wis dingendikakaké tumrap marang panembah rong prakara, yaiku megawé kang tan agawé, sarta magawé kang agawé. Ing wekasané wejangan iki nyata banget yén kang dikersakaké déning Sri Kresna yaiku wong manunggal kang nyata-nyata nedya manunggal marang Kang Sawiji iya kudu ninggalaké sakéhing kang sarwa ora langgeng. Bisané kaleksanan, yén ta uga ninggalaké papan paraméyan, supaya bisa gampang mangréh pribadiné.
Nanging, réhné bab mangréh diri mau, saka perkembangané kemajuan bisa ditindakaké uga ing papan paraméyan, dadi wujuding panunggal mau sejatiné iya bisa ditindakaké anan ing ngendi baé, ugeré teguh kekarepané lan wis santosa tékadé.
Banjur disusul anané pamejang kamantepaning ati marang Pribadi. Para pangudi lagi bisa nemahi begja, yén tansah nglindung marang Sri Kresna, najan ta mau-mauné nindaki penggawé. Nanging suwaliké, yén ta mauné éling banjur wekasané lali ora gelem miyarsakaké pangandikané Sri Kresna (56, 57, 58) - ora wurung nemahi bilahi. Mengkéné pangandikané:


XVIII - 56
svRkmaR<yip sda k¦vaR,o mÜ)paè[y" -
mTp[sadadvap{oit xaët' pdmVyym( --
sarwa-karmàóy api sadà   kurwàóo mad-wyapàúrayaá,
mat-prasàdàd awàpnoti   úàúwataý padam awyayam.
Sanadyan sujanma mau tansah anindaki panggawé, nanging ing nalika iku déwéké manglindung maringsun, déwéké bisa dedunung ing kalanggengan, miwah ora owah ginggsir, marga saka kamurahaningsun.
Doing continually all actions whatsoever, taking refuge in Me, hfc reaches by My grace the eternal, undying abode.
Dengan melaksanakan semua kegiatan kerja secara terus menerus danberlindung kepada-Ku, dengan restu-Ku dia mencapai tempat yang langgeng, kekal abadi.


XVIII - 57
cetsa svRkmaRi, miy s'NySy mTpr" -
bui×yogmupaiè[Ty miÂÑa" stt' .v --
cetasà sarwakarmàói    mayi saýnyasya mat-paraá,
buddhi-yogam upàúritya   mac-cittaá satataý bhawa.
Ing nalika batinira masrahaké sakéhing panggawé marang Ingsun, nganggep Ingsun kang Maha Luhur, panunggalira sarana budhi, lestarékna kencenging ciptanira maringsun.
Surrending in thought all actions to Me, regarding Me as the Supreme and resorting to steadfastness in understanding, do thou fix thy thought constantly on Me.
Dengan menyerahkan segala kegiatan kerja secara mental kepada-Ku, menjadikan Aku sebagai tujuan tertinggi dan berlindung pada Buddhi yoga, pusatkanlah pikiranmu pada-Ku.


XVIII - 58
miÂÑa" svRdugaRi, mTp[sadaÑairZyis -
Aq ceÑvmh»araÞ è[oZyis ivnÁ)is --
mac-cittaá sarwa-durgàói   mat-prasàdàt tariûyasi,
atha cet twam ahaòkàràn    na úroûyasi winaòkûyasi.
Yén sira tansah éling maringsun, sira bakal mentas saka sagunging kasusahan, ananging manawa sira marga saka angkara murka banjur ora gelem miyarsakaké, sira bakal bilahi.
Fixing thy thought on Me, thou shall, by My grace, cross over all difficulties; but if, from self-conceit, thou wilt not listen (to Me), thou shall perish.
Dengan memusatkan pikiranmu pada-Ku, dengan restu-Ku, engkau akan mampu mengatasi segala kesukaran; tetapi bila karena keakuanmu engkau tak mau mendengarkan-Ku, engkau akan musnah.

Ing pérangan candaké (61, 62) banjur nerangaké bab kahanané Gusti sarta sih piwelasé Gusti kang tumrap pangudi kang anggayuh katentreman kanthi temen-temening sedya lan sucining panggayuh:


XVIII - 61
¡ër" svR.Utana' òÖexe_juRn itîit -
.–amyNsvR.Utain yN]aå!ain mayya --
ìúwaraá sarwa-bhùtànàý   håd-deúe 'rjuna tiûþhati,
bhràmayan sarwa-bhùtàni    yantràrùîhàni màyayà.
Gusti sasana ing dalem batiné kabéh kahanan, - O, Arjuna, - marga saka mayané kang anjalari sakéhing kahanan mubeng kaya tumumpang ing roda panggilingan.
The Lord abides in the hearts of all beings, O Arjuna, causing them to turn round by His power as if they were mounted on a machine.
Yang Maha Kuasa berdiam di hati setiap insani. menyebabkan mereka semua berputar, wahai Arjuna, beredar dengan prinsip kekuatan maya-Nya, seolah-olah berada diatas mesin belaka.


XVIII - 62
tmev xr,' gC^ svR.aven .art -
tTp[sadaTpra' xaiNt' Sqan' p[aPSyis xaëtm( --
tam ewa úaraóaý gaccha   sarwa-bhàwena bhàrata,
tat-prasàdàt paràý úàntiý   sthànaý pràpsyasi úàúwatam.
Kabéh kahananira kalindungan panjenengané, - lah tedaking Bharata, - awit saka sih welasing Gusti sira anggayuh ing katentreman, kang luhur, iya padunungan kang langgeng.
Flee unto Him for shelter with all thy being, O Bhàrata (Arjuna), By His grace shalt thou obtain supreme peace and eternal abode.
Berlindunglah engkau hanya kepada Dia, dengan seluruh jiwa ragamu, wahai Bharata dengan restu-Nya, engkau akan mencapai kedamaian tertinggi dan tempat yang kekal abadi.

Déné kang minangka gong-é bawarasa, minangka panutupé kang dadi saripathiné, tinemu ing kidung patang pada (64 tumekané 67) ing ngisor iki, Sri Kresna meling supaya Arjuna nilingaké kang terwaca:


XVIII - 64
svRguötm' .Uy" x*,u me prm' vc" -
—ìo_is me d*!imit tto v+yaim te ihtm( --
sarwa-guhyatamaý bhùyaá   úåóu me paramaý wacaá,
iûþo 'si me dåîham iti    tato wakûyàmi te hitam.
Wiyarsakna bacuté pangandikaningsun kang piningit, kang luwih wadi saka kang uwis-uwis. Sira iku tetep kekasihingsun, lan santosa, marmané Ingsun bakal wewarah nganti sira antuk karahayon.
Listen again to My supreme word, the most secret of all. Well beloved art thou of Me, therefore 1 shall tell thee what is good for thee.
Dengarkanlah lagi mengenai yang paling rahasia dari kata-kata-Ku yang utama, karena engkau benar-benar kesayangan-Ku dan mantap dalam hati, akan Ku-katakan apa yang baik bagimu.


XVIII - 65
mNmna .v mÙµo mÛaij ma' nmSk¦ä -
mamevWZyis sTy' te p[itjane ip[yo_is me --
man-manà bhawa mad-bhakto   mad-yàjì màý namaskuru,
màm ewaiûyasi satyaý te    pratijàne priyo 'si me.
Pikirina sungkema maringsun, bhaktiya maringsun, kurbana maringsun, ingsun namtokaké klawan saktemené, sira iku asih maringsun.
Fix thy mind on Me; be devoted to Me; sacrifice to Me; prostrate thyself before Me; so shalt thou come to Me. I promise thee truly, for thou art dear to Me.
Pusatkanlah pikiranmu pada-Ku, jadilah bhakta-Ku; berkurbanlah untuk-Ku; bersujud kepada-Ku, dengan demikian engkau akan tiba pada-Ku; Aku berjanji setulusnya padamu, sebab engkau terkasih bagi-Ku.


XVIII - 66
svR/maRNpirTyJy mamek' xr,' v[j -
Ah' Tva' svRpape>yo mo=iyZyaim ma xuc" --
sarwa-dharmàn parityajya   màm ekaý úaraóaý wraja,
ahaý twàý sarwa-pàpebhyo   mokûayiûyàmi mà úucaá.
Mara ninggalo sakéhing kuwajibanira, ngemungna manglindung marang ingsun, Ingsun bakal mardikakaké sira saka sakabéhing piala, - wis samengko sira aja susah!
Abandoning all duties, come to Me alone for shelter. Be not grieved, for I shall release thee from all evils.
Tinggalkan semua kewajibanmu, datang berlindunglah kepada-Ku saja janganlah berduka, sebab Aku akan bebaskan engkau dari segala dosa.


XVIII - 67
—d' te natpSkay na.µay kdacn -
n caxuè[Uzve vaCy' n c ma' yo_>ysUyit --
idaý te nàtapaskàya   nàbhaktàya kadàcana,
na càúuúrùûawe wàcyaý    na ca màý yo 'bhyasùyati.
Iku mau kabéh aja pisan-pisan, sira warahaké marang wong, kang ora nedya nglakoni serenging pangudi, uga aja marang wong kang datan bhakti utawa ora gelem angrungokaké utawa aja marang wong kang ora anggatékaké.
Never is this to be spoken by to one who is not austere in life or who has no devotion in him or who is not obedient or who speaks ill to Me.
Janganlah engkau bicarakan dengan orang yang hidupnya tidak suci, demikian juga kepada yang bukan pengikutku dan bukan pula kepada mereka yang tidak bhakti, ataupun kepada mereka yang menghina-Ku.

Kaya mengkono panutupé wejangan adi-luhung kang tinemu ing “Kidung Sukma” nalikané Sri Kresna mejang marang Arjuna. Wossé isi paréntah : sumungkema marang Ingsun, bektiya marang Ingsun, manglindunga marang Ingsun, kurbanana marang Ingsun, - yén mangkono, sapa kang nindakaké kanthi temen-temen bakal disihi déning Ingsun.
Yén ing wulang agama liya, ana pituduh kang supaya sembahyang karana Allah, asung pangabekti sarana lillahi ta' Allah, - nanging ing wulangané Sri Kresna iki pangatag mau tumuju marang Ingsun.
Ing wulang agama liyané manéh, pituduhé iya isi pangatag dipada bekti marang sesembahané, dipada sujud lan sumungkem marang Gusti, tartamtu bakal antuk kamurahan, antuk pangleburing dosa, antuk kanugrahan langgeng.
Wondéné wujudé panunggal ing “Kidung Sukma” mau, kaya kang wis bola-bali diwejangaké déning Sri Kresna, yaiku sungkem lan bekti kang wis ora ngélingi apa-apa kejabané mung marang Sesembahané. Aja manéh arep ngélingi kasenengan lan pakareman ing ndonya, selaginé katresnan marang anak bojo, wis kudu dikipataké temenan, wis di-ikhlasaké, dirilakaké, mung mantheng marang Kang Sawiji, yén mengkono bakal antuk kalanggengan lan kaleksanan enggoné anggayuh panunggal. Panunggal dadi sawiji marang Kang Sawiji, kaya pindané kang tinemu ing istilahé agama liya : pinangkané saka Pangéran bali marang Pangéran.
Syaraté bisané kaleksanan kaya mengkono, wis cetha kawejangané ing kidung nduwur mau, yaiku kang minangka wadiné sakabéhing wejangan, saripathiné piwulang adiluhung, kang yén ditembungaké sarana tetembungan liya, yaiku kanthi ajrih asih chof lan rozak, ing Gusti sarta sarana panembah kang terus ing ati sanubari, tanpa kawoworan pepénginan liya-liya, apadéné sumarah kanthi séléh ikhlasing ati.
Kejaba iku, dipangandikakaké déning Sri Kresna, yén sapa kang medaraké wewarah adiluhung iki, bakal antuk ganjaran, arupa : tekan ing Ingsun. Ora béda karo wewarah agama liyané, kang nyebutaké sapa kang sregep mencaraké saripathiné agama, tartamtu bakal antuk ganjaran ing swarga. Mengkéné piwelingé Sri Kresna kang wekasan ing pada 68, 69, 70:


XVIII - 68
y —d' prm' guö' mÙµwZvi./aSyit -
.iµ' miy pra' ²Tva mamevWZyTys'xy" --
ya idaý paramaý guhyaý    mad-bhakteûw abhidhàsyati,
bhaktiý mayi paràý kåtwà   màm ewaiûyaty asaýúayaá.
Sing sapa anerangaké wadi kang luhur iku marang wong kang bhakti maringsun, lan anuduhaké bhaktiné, bakal sirna semang-semangé, lan bakal tekan maringsun.
He who teaches this supreme secret to My devotees, showing the highest devotion to Me, shall doubtless come to Me.
Dia yang mengajarkan rahasia utama ini kepada para pengikut-Ku dengan memperlihatkan kebhaktiannya yang tertinggi kepada-Ku tak dapat disangkal akan datang pada-Ku.


XVIII - 69
n c tSmaNmnuZyezu kiéNme ip[y²Ñam" -
.ivta n c me tSmadNy" ip[ytro .uiv --
na ca tasmàn manuûyeûu    kaúcin me priya-kåttamaá,
bhawità na ca me tasmàd    anyaá priyataro bhuwi. 
Ing antarané wong pira-pira iki, kajaba déwéké ora ana kang luwih demen maringsun, lan ing donya iki ora ana manéh kang sun-sihi kajaba déwéké.
There is none among men who does dearer service to Me than he; nor shall there be another dearer to Me in the world.
Tak ada diantara manusiayang mengabdi begitu tulus kepada-Ku, demikian juga tak ada orang lain yang disayang oleh-Ku di dunia ini, kecuali dia.


XVIII - 70
A?yeZyte c y —m' /My| s'vadmavyo" -
DanyDen tenahimì" Syaimit me mit" --
adhyeûyate ca ya imaý   dharmyaý saýwàdam àwayoá,
jñàna-yajñena tenàham   iûþaá syàm iti me matiá.
Sing sapa gelem ngrasakaké enggoningsun pada rerasan (bawa rasa) sakaloron iki, déwéké ngluhuraké Ingsun sarana kurban kawicaksanan.
And he who studie this sacred dialogue of ours, by him I would be worshipped through the sacrifice of knowledge, so I hold.
Dan, yang akan mempelajari percakapan suci kami berdua, oleh dialah Aku dipuja dengan yajña pengetahuan, itulah keyakinan-Ku.

Sawusé tamat enggoné mejang kawruh panunggal, Sri Kresna banjur andangu marang Arjuna, apa wis marem marang sakéhing piwulang kang wis diandaraké sarta apa wis sirna rangu-ranguné:


Duh, Pritaputra! Sawisé sira miyarsa pangandikaningsun, apa kablingerira kang jalaran kakilapan, wus sirna?

Arjuna kang mauné rangu-rangu sarta angél panampané bab panembah sarta bab panunggal, tumuli matur :


kablinger kula temahan sirna, kula saged énget jalaran saking sih parimarma paduka, Pakulun Risang Asuta (uga sesebutané Kresna), kula sangsaya wewah santosa, rangu-ranguning manah kula sampun ical babar pisan, kula mirantos badé anglampahi ing sapitedah paduka.

Sawisé marem marang wejangané Sri Kresna sarta wis ilang rangu-ranguné, mula banjur samapta nempuh ing jurit, siap perang tanding nedya nyirnakaké Kurawa, netepi darmané tinitah dadi datriya sarta enggoné wis katetepaké minangka sénapatining perang Pandawa ing Bharatayudha.


Bersambung ke : XI. Reringkesan wejangané Sri Kresna.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar