Senin, 07 Mei 2012

Kidung Sukmo VI - sarana penyatuan

VI Panunggal Sarana nindaki panggawé


Durung tapis enggoné Sri Kresna mejang bab panembah, kang bisa kaleksanan anggayuh pamudaran, - mula ing bawarasa kang kaping V iki, isih mbanjuraké nerangaké wujuding panembah kang sejati.

Ing pérangan iki, Sri Kresna migunakaké istilah anyar tumrap Pribadi Luhur utawa tumrap paraning dumadi, yaiku istilah Brahma, kayata tinemu ing tetembungan : ameruhi Brahma, dedunung ing Brahma, dadi siji lan Brahma, nirwananing Brahma, lan sapanungalané.
Istilah Brahma mau tinemu katerangané ing kidung pada kang kaping 18 lan 19 mengkéné :


V - 18
ivÛaivnys'pÞe b[aõ,e giv hiStin -
xuin cWv ëpakw c pi<@ta" smdixRn" --
widyà-winaya-sampanne    bràhmaóe gawi hastini,
úuni caiwa úwapàke ca    paóîitàá sama-darúinaá.
Brahman utawa Brahma iku kadunungan kawicaksanan miwah kasusilan. Para wicaksana iku panganggepé marang sapi, gajah, asu lan para paria mesthiné pada baé.
Sages see with an equal eye, a learned and humble Brahmin, a cow, an elephant or even a dog or an outcaste.
Orang arif bijaksana melihat semuanya sama, baik bràhmaóa budiman dan rendah hati maupun seekor sapi, gajah dan anjing ataupun orang hina papa, tanpa kasta.


V - 19
—hWv tWijRt" sgoR yeza' saMye iSqt' mn" -
indoRz' ih sm' b[õ tSmaØãõi, te iSqta" --
ihaiwa tair jitaá sargo    yeûàý sàmye sthitaý manaá,
nirdoûaý hi samaý brahma    tasmàd brahmaói te sthitàá.
Sing sapa pikirané jenjem lan santosa iku ngasoraké donya. Saréhning tanpa kuciwa lan timbang iku : Brahma, mulané sarana kang mangkono manungsa bisané sasana, ing dalem Brahma.
Even here (on earth) the created (world) is overcome by those whose mind is etablished in equality. God is flawless and the same in all. Therefore are these (persons) established in God.
Bahkan didunia ini sekalipun, kelahiran diatasi oleh mereka yang pikirannya sama seimbang, karena sesungguhnya Brahman adalah sempurna dan sama. Karena itu merekapun ada dalam Brahman.

Wondéné sababé Sri Kresna isih mbanjuraké nerangaké bab panembah iki, marga Arjuna isih bingung enggoné mbédakaké panembah kang tanpa magawé lan kang sarana magawé. Wejangané Sri Kresna ing pérangan iki, saripathiné baé, mengkéné :


V - 20
n p[hZyeiTp[y' p[aPy noiÜjeTp[aPy caip[ym( -
iSqrbui×rs'mU!o b[õivØãõi, iSqt" --
na prahåûyet priyaý pràpya    nodwijet pràpya càpriyam,
sthira-buddhir asaýmùîho    brahma-wid brahmaói sthitaá.
Marma para sujanma kang ameruhi Brahma, aja pada bungah yé antuk kabegjan, ananging uga aja susah yén nandang kasangsaran, manawa sajroning budhi wus santosa lan wus ora kéguh, déwéké wus dedunung ing Brahma.
One should not rejoice on obtaining what is pleasant nor sorrow on obtaining what is unpleasant. He who is (thus) firm of understanding and unbewildered, (such a) knower of God is established in God.
(Dia) tidak bergirang menerima suka dan juga tidak bersedih menerima duka, tetap dalam kebijaksanaan teguh iman, mengetahui Brahman, bersatu dalam Brahman.

Dadi terangé, sing sapa nindakaké panembah kang tan magawé, liré enggoné nindakaké panunggal sarana ngleremaké sakéhing pancéndriya lan pepénginané éklas tumuju marang sawiji, dibasakaké wong kang wis kadunungan kawicaksanan, kang tanpa kuciwa lan tanpa timbang, iya kang mengkono mau kang dikersakaké ing istilah Brahma. Nanging yén wong kang wis kelakon ameruhi Brahma, diweling aja nganti bungah yén antuk kabegjan, aja susah yén antuk kasangsaran.
Sabanjuré pamejangé bab panunggal kang sinebut Sangkya, yaiku panunggal kang tan magawé iku, diterangaké ing pada 21 nganti 24 mengkéné:


V - 21
baöSpxeRZvsµaTma ivNdTyaTmin yTsu%m( -
s b[õyogyuµaTma su%m=ymXnute --
bàhya-sparúeûw asaktàtmà    windaty àtmani yat sukham,
sa brahma-yoga-yuktàtmà    sukham akûayam aúnute.
Sing sapa manasé wis ora makarti, sanadyan kagepok déning alaming kalahiran, lan kang sapa wus antuk pamarem ing dalem Sukma, lan sawusé bisa dadi siji lan Brahma, sarana patrap panunggal, iya iku kang antuk kamulyan langgeng.
When the soul is no longer attached to external contacts (objects) one finds the happiness that is in the Self. Such a one who is self-controlled in Yoga on God (Brahma) enjoys undying bliss.
Dengan jiwa yang tak lagi berhubungan dengan duniawi, dia menemui kebahagiaan dalam diriNya; dia yang mengabdikannya pada meditasi Brahman, akan menikmati kebahagiaan abadi jiwanya bersatu kepada Brahman.


V - 22
ye ih s'SpxRja .oga du"%yony Ev te -
AaÛNtvNt" kONtey n tezu rmte bu/" --
ye hi saýsparúa-jà bhogà    duákha-yonaya ewa te,
àdy-antawantaá kaunteya    na teûu ramate budhaá.
Kasenengan kang anané saka gepokan lan kalahiran, iku tuking kasangsaran, awit ana wiwitané lan wekasané, -héh Pandupatra, - iku dudu kasenengané para wicaksana.
Whatever pleasure are born of contacts (with objects) are only source of sorrow, they have a beginning and an end, O Son of Kunti (Arjuna), no wise man delight in them.
Kenikmatan berasal dari hubungan dengan duniawi hanya merupakan sumber pendekatan belaka, ada awal dan akhimya, wahai Arjuna, seorang budiman tak tertarik pada semua ini.


V - 23
xKnot¢hWv y" so!u' p[aKxr¢rivmo=,at( -
kam¹o/oÙv' veg' s yuµ" s su%¢ nr" --
úaknotìhaiwa yaá soîhuý    pràk úarìra-wimokûaóàt,
kàma-krodhodbhawaý wegaý    sa yuktaá sa sukhì naraá.
Sing sapa kongsi bisa lumawan pamasésané pepénginan, lan kamurkan, prelu kanggo kamardikaning badan, - sujanma kang mangkono wus adil, yaiku kang diarani kamulyan.
He who is able to resist the rush of desire and anger, even here before he gives up his body, he is a yogin, he is the happy man.
Dia yang mampu menahan kecenderungan keinginan dan amarah didunia ini, sebelum meninggalkan jasad raganya, dia adalah yogi, dia adalah orang yang bahagia.


V - 24
yo_Nt" su%o_NtraramStqaNtJyoRitrev y" -
s yog¢ b[õinvaR,' b[õ.Uto_i/gC^it --
yo 'ntaá-sukho ‘ntar-àràmas    tathàntar-jyotir ewa yaá,
sa yogì brahma-nirwàóaý    brahma-bhùto ‘dhigacchati.
Sing sapa andarbéni kamulyaning batin, lan anduwéni kasenenganing batin, - sing sapa wus antuk pepadanging batin, yaiku kang wus dadi siji (nunggal) banjur tumaméng nirwananing Brahma.
He who finds his hapiness within, his joy within and likewise light only within, that yogin become divine and attains to the beatitude of God (brahmanirwàóa).
Dia yang menemui kebahagiaan pada dirinya, dan tenteram pada dirinya, cahaya ada pada dirinya, hanya yogi semacam ini yang menjadi suci, mencapai nirvàóa bersatu dengan Ilahi.

Ing kidung pada kang 21 ing nduwur iku, tinemu istilah manas, iki iya tunggalé istilah loro liyané kang wis naté kasebut, yaiku rajas lan tamas. Supaya bisa luwih gamblang lan runtut, bakal katerangaké ing pérangan mburi, mirid wedarané Sri Kresna pribadi.
Iya kaya kang wis katerangaké ing pada ing nduwur iku wujudé wong kang nindakaké panembah séléh ing panggawé, liré wis ora mikir kadonyan babar pisan kaya pakartiné wong suci kang martapa kang ana jroning alas utawa pakartiné para pendita kang wis mungkur babar pisan marang kadonyan.
Yén temen-temen enggoné séléh ing penggawé, liré penggawé kang asipat kadonyan, muhung mligi manembah marang kang Maha Tunggal, prasasat wus dadi siji, bakal antuk pamarem ing ndalem Sukma. nanging yén enggoné séléh ing penggawé mau isih durung bisa nguwalaké saka sakéhing panggoda, iya ora bakal tumeka ing nirwananing Brahma. Nuli dibanjuraké manéh déning Sri Kresna ing pada 25 lan candaké:

Kaya mangkono pangandikané Sri Kresna nerangaké marang Arjuna bab panembah séléh ing penggawé, endi kang kudu dipilih, endi kang luwih wigati katimbang panunggal kang sarana penggawé.
Sejatiné, panunggal kang tan magawé iku sanajan ta bisa kaleksanan kanthi patitis, wis kaleksanan bisa ngruwat sakéhing dosa, - nanging tumrapé urip bebrayan ing alam karaméyan, sethithik paédahé. Marga ora mélu nandangi penggawé kang wujudé ngebeki sarupaning urip bebrayan, kang nganti-anti marang kang nindaki.


V - 25
l.Nte b[õinvaR,m*zy" =¢,kLmza" -
i^ÞÜW/a ytaTman" svR.Utihte rta" --
labhante brahma-nirwàóam    åûayaá kûìóa-kalmaûàá,
chinna-dwaidhà yatàtmànaá    sarwa-bhùta-hite ratàá.
Para resi, para waspada utawa narawang, sawusé pada angruwat dosané (muhung satunggal), lan wus angréh manasé asor, - déwéké antuk nirwananing Brahma.
The holy men whose sins are destroyed, whose doubts (dualities) are cut asunder, whose minds are discipline and who rejoice in (doing) good to all creature, attain to the beatitude of God.
Orang suci yang dosanya telah dimusnahkan, keragu-raguannya dihapus, pikirannya dipusatkan, kebahagiaannya berbuat kebajikan bagi mahluk semua, dia akan mencapai nirvàóa, bersatu dengan Brahman.


V - 26
kam¹o/ivyuµana' yt¢na' ytcetsam( -
Ai.to b[õinvRa,' vtRte ividtaTmnam( --
kàma-krodha-wiyuktànàý    yatìnàý yata-cetasàm,
abhito brahma-nirwàóaý    wartate widitàtmanàm.
Ingatasé para banget marsudiné marang kasukcian, kang wus bisa mbuwang kamélikan lan pangangsa-angsané, sarta angilangi kekarepané, - iya iku kang sumurup yén anggané wus dumunung ing sacedaking nirwananing Brahma.
To those austere souls (yatis) who are delivered from desire and anger and who have subdued their minds and have knowledge of the Self, near to them lies the beatitude of God.
Brahman nirvàóa berada dimana-mana, bagi bhakta yang bebas dari nafsu dan murka, yang telah menundukkan pikirannya dan mengetahui sang diri.


V - 27
SpxaRn( ²Tva bihbRaöa' Xc=uéWvaNtre .[uvo" -
p[a,apanO smO ²Tva nasa>yNtrcair,O --
sparúàn kåtwà bahir bàhyàýú    cakûuú caiwàntare bhruwoá,
pràóàpànau samau kåtwà    nàsàbhyantara-càrióau
Sawusé anutupi babahan hawa sanga, lan panduluné meleng tumuju marang antaraning alis karo pisan, sawisé madangaké lebu-wetuning napas, kang mobah ing kepinging grana karo pisan.
By blocking the thoughts about the outside world, focussing the sight on the point in the centre of eyebrows and by balancing the inhaled and exhaled air in nostrils.
Memutuskan hubungan dengan obyek luar, memusatkan pandangan mata diantara kening, melakukan pràóàyàma melalui kedua lubang hidung dengan seimbang.


V - 28
yteiNd–ymnobui×mRuinmoR=pray," -
ivgteC^a.y¹o/o y" sda muµ Ev s" --
yatendriya-mano-buddhir    munir mokûa-paràyaóaá,
wigatecchà-bhaya-krodho    yaá sadà mukta ewa saá.
Lan angleremaké pancéndriyané, pikiré lan budhiné, lan panggayuhé pamudaran (moksa) wus ilang pangarep-arepé. Apa déné mirisé lan murkané wus sirna babar pisan, sujanma sukci kang mangkono mau sayekti bisa mardika.
Shutting out all external objects, fixing the vision between the eyebrows, making even the inward and the outward breaths moving within the nostrils, the sage who has controlled the senses, mind and understanding, who is intent on liberation, who has cast away desire, fear and anger, he is ever freed.
Menguasai pañca indria, pikiran dan kecerdasan, seorang Muni yang berhasrat mencapai kelepasan, membuang jauh nafsu, takut dan murka, mereka akan mencapai kelepasan yang abadi.


V - 29
.oµar' yDtpsa' svRlokmheërm( -
suòd' svR.Utana' DaTva ma' xaiNtm*C^it --
bhoktàraý yajña-tapasàý    sarwa-loka-maheúwaram,
suhådaý sarwa-bhùtànàý    jñàtwà màý úàntim åcchati.
Sawusé meruhi ingsun kayadéné juru kareming kurban, lan serenging pangudi (tapa brata), sarta pangéraning alam kabéh, lan kaya mitrané sagunging dumadi, - iya déwéké iku kang manjing katentreman.
And having known Me as the Enjoyer of sacrifice and austerities, the Great Lord of all the worlds, the Friend of all beings, he (the sage) attains peace.
Dengan mengetahui Aku sebagai penerima yajña dan tapa, Tuhan Seru Sekalian Alam, pencinta mahluk semua, ia mencapai kedamaian abadi.

Sawijining ahli tapa kang mungkur ing kadonyan ana ing guwa sacedaké padukuhan, luwih migunani marang bebrayan ing padukuhan kono yén tan enggoné nindakaké panembah mau sinartan ing panggawé. Panggawé kang ora mung bisa mbrastha pancéndriya lan hawanepsuné déwé baé, nanging uga sarupaning pakarti kang murih rahayuning bebrayan ing sakubengé. Memulang kawruh luhung, mitulungi kang kesrakat, asung pepadang kang ising peteng, mbiyantu sarupaning rancangan becik bisané maujud dadi dandanan kang maédahi kanggo kaperluwaning umum, - lan sapituruté.
Sri Kresna wis ngendika ing pada kaping pindo kang maksudé : séléh ing panggawé lan panunggal sarana panggwé, karo pisan dadi lantaraning karahayon kang linuhung, ananging séléh ing penggawé iku kasoran déning panunggal kang sarana panggawé.
Ing pérangan bawarasa kang kaping VI, Sri Kresna isih mbanjuraké pamejangé bab panunggal kang tan magawé, minangka katerangané apa kang wis diandaraké ing pérangan kaping V. Réhné tetembungané nengsemaké, mula ora ana alané kita pacak rada sawatara anané kidung wiwit pada 15, kang magepokan karo sarining wejangan :


VI - 15
yuÇÞev' sdaTman' yog¢ inytmans" -
xaiNt' invaR,prma' mTs'Sqami/gC^it --
yuñjann ewaý sadàtmànaý    yogì niyata-mànasaá,
úàntiý nirwàóa-paramàý    mat-saýsthàm adhigacchati.
Para Yogi kang ciptané ora pegat ing pangiketing marang Sukma, kanthi masésa pikiré, iku bisa tumeka ing katentreman, ing nirwana kang luhur, banjur dedunung ing sajroningsun.
The yogìn of subdued mind, ever keeping himself thus harmonized, attains to peace, the supreme nirwàóa, which abides in Me.
Dengan selalu melatih pengendalian demikian, yogì yang telah menaklukkan pikirannya mencapai nirvàóa, kedamaian abadi tertinggi, bersemayam pada diri-Ku.


VI - 16
naTyXntStu yogoiSt n cWkaNtmnXnt" -
n caitSvPnx¢lSy jag[to nWv cajuRn --
nàty-aúnatas tu yogo ‘sti    na caikàntam anaúnataá,
na càti-swapna-úìlasya    jàgrato naiwa càrjuna.
Héh Arjuna! Mungguh panunggal ora kena ginayuh déning wong kang kakéhan mangan, uga ora déning wong tanpa mangan, utawa ora ginantungaké marang wong kakéhan turu, uga ora marang wong kang tanpa turu.
Verily, yoga is not for him who eats too much or abstains too much from eating. It is not for him, O Arjuna, who sleeps too much or keeps awake too much.
Sesungguhnya yoga bukanlah bagi orang yang makan terlalu banyak atau puasa terlalu banyak, wahai Arjuna, juga bukan untuk orang yang tidur terlalu banyak atau melek terlalu banyak.


VI - 17
yuµaharivharSy yuµceìSy kmRsu -
yuµSvPnavbo/Sy yogo .vit du"%ha --
yuktàhàra-wihàrasya    yukta-ceûþasya karmasu,
yukta-swapnàwabodhasya    yogo bhawati duákha-hà.
Panunggal iku bisa ambirat kasangsaran, ananging manawa wong iku sedengan mangané, sedeng kasenengané, sedeng anggoné nglakoni panggawé, utawa sedeng turu lan meléké.
For the man who is temperate in food and recreation, who is restrained in his actions, whose sleep and waking are regulated, there ensues discipline (yoga) which destroys all sorrow.
Bagi yang tidak berlebihan dalam hal makan dan rekreasi, yang wajar-wajar saja dalam kegiatan kerjanya, yang tidurnya dan bangunnya teratur, yoga akan menjadi penghapus dukanya.


VI - 18
yda ivinyt' icÑamaTmNyevavitîte -
in"Sp*h" svRkame>yo yuµ —TyuCyte tda --
yadà winiyataý cittam    àtmany ewàwatiûþhate,
niáspåhaá sarwa-kàmebhyo    yukta ity ucyate tadà.
Manawa kahananing pikiré kang wus teluk, iku wus dedunung ing dalem Sukma, ora ngarep kamélikan, banjur sinebut déwéké wus dadi siji.
When the disciplined mind is established in the Self alone, liberated from all desires, then is he said to be harmonized (in yoga).
Bila pikirannya yang telah terkendalikan hanya bersandar pada àtman saja, bebas dari segala keinginan akan obyek-obyek indra, maka ia dikatakan berhasil dalam yoga.


VI - 19
yqa d¢po invatSqo ne½te sopma Sm*ta -
yog¢no yticÑaSy yuÇto yogmaTmn" --
yathà dìpo niwàta-stho    neògate sopamà småtà,
yogino yata-cittasya    yuñjato yogam àtmanaá.
Kaya déné damar kang kinurung, mesthi yén ora bisa keder urubé, - mangkono pepindané Yogi kang ciptané wus tinaklukaké, - iku Yogi kang ngangkah nunggal lan Sukma.
As a lamp in a windless place flickereth not, to such is likened the yogì of  subdued thought who practice union with the Self (or discipline of  himself).
“Seperti lampu di tempat tak berangin nyalanya tak mengerdip”, inilah perumpamaan yang digunakan bagi pikiran yang terkendali dari seorang yogì yang melatih konsentrasi pada sang diri.


VI - 20
y]oprmte icÑa' inä×' yogsevya -
y] cWvaTmnaTman' pXyÞaTmin tuZyit --
yatroparamate cittaý    niruddhaý yoga-sewayà,
yatra caiwàtmanàtmànaý    paúyann àtmani tuûyati.
Ing kono ciptané wis ora kumlambrang, pinekak déning pakarti manunggal, ing sajroning Sukma dinulu ing Sukma, iku bisané tentrem ing dalem Sukma.
That in which thought is at rest, restrained by the practice of concentration, that in which he beholds the Self through the Self and rejoices in the Self.
Bilamana pikiran, yang telah didisiplinkan dengan pelaksanaan yoga, memperoleh ketenangan, dan kemudian dengan memandang sang Diri dengan diri, maka ia terpuaskan pada sang Diri.


VI - 21
su%maTyiNtk' yTtd( bui×g[aömt¢iNd–ym( -
veiÑa y] n cWvay' iSqtélit tÑvt" --
sukham àtyantikaý yat tad    buddhigràhyam atìndriyam,
wetti yatra na caiwàyaý    sthitaú calati tattwataá.
Ing kono déwéké wuninga marang kamulyan kang tanpa wekasan, lan sumurupé yén budhiné wus dumunung sanduwuring indriya, - ing nalika iku déwéké antuk kamulyan kang ora owah gingsir.
That in which he finds this supreme delight, perceived by the intelligence and beyond the reach of the senses wherein established, he no longer falls away from the truth.
Bila ia merasakan kebahagiaan tertinggi yang diterima oleh intelek dan yang mengatasi pañca indra, dan dari sana ia termantapkan, dan tak akan pernah berpindah lagi dari realitas (kebenaran).


VI - 22
y' lB?va capr' la.' mNyte nai/k' tt" -
yiSmiNSqto n du"%en guä,aip ivcaLyte --
yaý labdhwà càparaý làbhaý    manyate nàdhikaý tataá,
yasmin sthito na duákhena    guruóàpi wicàlyate.
Tuwuh ciptané yén wis ora ana kamulyan ngungkuli iku, lan wus ora kamunasika déning kasusahan.
That, on gaining which he thinks that there is no greater gain beyond it, wherein established he is not shaken even by the heaviest sorrow.
Dengan tercapainya apa yang dipikirkannya tak ada lagi yang lebih mulia dari pada itu yang dapat dicapai, disana ia menjadi mantap tak tergoyahkan oleh duka terberat sekalipun.


VI - 23
t' ivÛad( du"%s'yogivyog' yogs'iDtm( -
s inéyen yoµVyo yogoinivR<,cetsa --
taý widyàd duákha-saýyoga-   wiyogaý yoga-saýjñitam,
sa niúcayena yoktawyo    yogo ‘nirwióóa-cetasà.
Kudu disumurupi luware saka tetaliné kasusahan, - éwa déné kang diarani nunggal pangunggal iku kudu bebarengan lakuné kalayan kawruh kang nyata, sarta ora kuwur atiné.
Let that be known by name of yoga, this disconnection from union with pain. This yoga should be practised with determination, with heart undismayed.
Supaya diketahui bahwa yang dinamakan yoga, adalah putusnya hubungan dengan penderitaan; yoga ini yang harus dilaksanakan dengan keteguhan hati dan pikiran yang mantap.


VI - 24
s'kLpp[.vaNkama'STyKTva svaRnxezt" -
mnsWveiNd–yg[am' ivinyMy smNtt" --
saòkalpa-prabhawàn kàmàýs    tyaktwà sarwàn aúeûataá,
manasaiwendriya-gràmaý    winiyamya samantataá.
Sawusé pepénginané sirna kang tuwuh saka panggagas, amekak sarupaning indriyané.
Abandoning without exception all desires born of (selfish) will, restraining with the mind all senses on every side.
Dengan menanggalkan segala nafsu keinginan untuk diri pribadi tanpa kecuali dan mengendalikan semua pañca indra melalui pikiran dari semua jurusan.


VI - 25
xnW" xnWäprmed( bu×)a /*itg*h¢tya -
AaTms'Sq' mn" ²Tva n ik'icdip icNtyet( --
úanaiá úanair uparamed    buddhyà dhåti-gåhìtayà,
àtma-saýsthaý manaá kåtwà    na kiñcid api cintayet.
Suwé-suwé bakal antuk katentreman, jalaran budhi lestari kenceng pamekaké, sawusé pikiré linebokaké marang Sukma, déwéké nuli kuduné aja mikir apa-apa manéh.
Let him gain little by little tranquillity by means of reason controlled by steadiness and having fixed the mind on the Self, let him not think of anything (else).
Dengan berpegang pada keseimbangan akal, ia harus dapat mencapai ketenangan sedikit demi sedikit dengan menambatkan pikiran pada àtman (sang diri), tidak memikirkan apapun yang lain.


VI - 26
yto yto inérit mnéÆlmiSqrm( -
ttStto inyMyWtdaTmNyev vx' nyet( --
yato-yato niúcarati    manaú cañcalam asthiram,
tatas-tato niyamyaitad    àtmany ewa waúaý nayet.
Kamulyan kang luhur iku kadarbé déning juru anunggal kang pikire wus tentrem, sing sapa kamurkané wus lerem, iya iku kang wus dadi Brahman, wus ora anandang dosa.
Whatsoever makes the wavering and unsteady mind wander away let him restrain and bring it back to the control of the Self alone.
Apapun yang menyebabkan pikiran berubah-ubah, tidak tetap, mengembara kemana-mana, cobalah usahakan supaya mengendalikan pikiran itu sendiri dibawah pengawasan Àtman.

Kaya mengkono Sri Kresna enggoné nggambarké kahanané wong kang wis bisa mangréh kekarepané, kang ing tembungé manca kasebut wong kang wis bisa nindakaké zelfbeheersing, yaiku wis bisa mangréh diri, wis mardika saka enggoné dijajah déning hawanepsu lan kekarepan kang ora langgeng.

Bersambung ke: VII Sapa kang diarani ingsun iku?

Tidak ada komentar:

Posting Komentar