Kamis, 24 Mei 2012

Kidung Sukmo XI - Ringkasan Bhagawadgita

XI Reringkesan wejangané Sri Kresna


Piwulang luhur kang wis diwejangaké déning Sri Kresna marang Arjuna kamot ing “Bhagawad Gita” kaya kang wis kaaturaké ing ngarep mau kabéh, yén diprinci sarta diandaraké nganggo tetembungan prasaja lan tanpa pralambang, reringkesané kurang luwih kaya mengkéné:

Kapisan : medaraké rangu-ranguné lan rasa-aboting atiné wong kang nedya nggayuh kasampurnan, marga isih éman ninggalaké kasenengan ndonya, éman ninggal pakareman sarta isih angél enggoné arep ngoncati wewatakan-wewatakan kang asor.

Mungguh kasenengan ndonya kang agawé kabungahan sarta kamareman mung sauntara lawasé, ora langgeng ing salawasé, iku gumelaré awujud : donyabrana, pangkat, drajad, semat, kaluhuran, kamisuwuran, pangaribawa utawa pengaruh. Iku mau kabéh, yén enggoné ngudi nganti ngliwati wates sarta banjur kérem dadi pakareman, - njalari wong ora bisa kaleksanan enggoné nggayuh katentreman.
Pakareman kang ngedohaké marang rasa pangrasa tentrem, kayata : seneng ngabotohan, seneng minum, seneng royal, seneng memangan énak, seneng njejupuk barangdarbéking liyan, uga klebu salingkuh utawa korupsi, seneng memada lan memaoni penemuné liyan, - iku mau, kabéh klebu pakareman kang adaté pancén abot tininggal déning sapa kang lagi kasengsem. Mengkono uga kang awujud watak lan sipat kang asor : jail, méri, kerep nepsu, seneng mitenah, iya klebu mungsuh kang kudu diperangi tumrap wong kang nedya nggayuh katentremaning urip ing ndonya lan ing ndina mbésuké.

Kapindo : medaraké bab pati, yén saluguné tumrap wong mati iku, kang bakal sirna mung ragané, badan-wadagé baé, nanging roh-é isih langgeng urip, ora mati. Kita manungsa iki saliyané ndarbéni badan kasar sarta pancéndriya kasar, - isih ndarbéni badan manéh kang alus kang ora kasatmata, kajaba iku uga ndarbéni Sukma kang sipaté langgeng, tan kena ing pati. Roh utawa Sukma iki kang sok ngosikaké marang manungsa ing bab panggawé kang bener lan kang luput, awit sejatiné Sukma mau tumrapé marang Kang Maha Kuwasa kadidéné cahya lan srengéngéné, kadidéné ombak lan samodrané, kadidéné rasa legi lan maduné.

Katelu: medaraké wulangan bab tumimbal lahir utawa panitisan. Manut piyandel kang kawedaraké déning Sri Kresna, wong mati iku sawisé ragané tininggal déning roh, ing sawijining wektu roh mau isih bakal bisa lahir manéh ing ndonya klawan nitis ing ragané bayi, minangka asung kalodangan enggoné nedya ulah kemajuan, supaya jiwané saya maju, saya maju, ing wusanané sawisé ngalami tumimbal lahir bola-bali, banjur bisa manjing ing alam kalanggengan, bisa sasana ing Gusti.
Sababé wong isih kudu tumimbal lahir, marga isih kabanda déning pepénginan ndonya, durung bisa nguwalaké babar pisan marang hawanafsu lan prakara kadonyan. Mula isih kudu nglakoni linahiraké manéh bola-bali, supaya antuk pengalaman sarta kalodangan anggayuh kemajuwaning rohani sarta duwuring drajadé jiwané.

Kaping pat : bisané manungsa maju ing bab tataran jiwané, kudu nindakaké panembah, kang wujudé ana rong prakara, yaiku panembah sarana ngeningaké ciptané, mung ngésthi marang Kang Sawiji : kapindo : panembah nindakaké pagawéyan utama nanging kang sepi ing pamrih.
Panembah sarana méditasi ngeningaké cipta mau, ciptané mung katujokaké marang Sukma Sejati, marang Ingsuné pribadiné déwé, ora ngélingi marang kasenengan sarta kaperluwan liya-liyané, mung mligi marang kang sinembah, kang tembungé lumrah : karana Allah. Liré ora mangro-tingal, ora ndadak sok nganggo ménggok marang sesembahan liya-liyané kaya wong musrik.
Panembah sarana panggawé, arupa sarupaning penggawé amal kang maédahi tumrap kamanungsan, kang akéh gumelar ing ndonya iki. Nanging enggoné nindaki panembah iki ora kena kasisipan déning suprih pamrih, ora mélik suwuring jeneng, ora mélik kauntungan kadonyan lan kauntungan liyané, cekaké temen-temen ramé ing gawé (kautaman) sepi ing pamrih.

Kaping lima: medaraké wejangan : bisané manunggal marang Kang Maha Tunggal, yén bisa kaleksanan enggoné nindakaké panembah. Panembah, ditindakaké ing urip pasrawungan sadina-dina, déné panunggal sawijining tuntunan anggayuh kalanggengané Roh, kang supaya ora kepeksa tumimbal lahir manéh Awit tumimbal lahir manéh ing ndonya iku dianggep sawijining kasangsaran, marga nemahi bungah susah, seneng sedih, kudu nyandang kang sarwa ora langgeng, mula saka iku, mulya-mulyaning panggayuh, iku : yén wis bisa nunggal, - déné saranané sarana nindaki panunggal.
Wondéné carané nindaki panunggal mau, kajabané ing uripé sedina-dina kudu nindakaké panembah utawa ngibadah kaya kang wis kaandaraké ing bab kaping pat ing nduwur mau, - ing mangsakalané arep ngadepi pecating nyawa utawa ing rikalané wong wis gandrung marang pati, kudu masrahaké jiwaragané marang Ingsun, kudu sumungkem marang Ingsun, kudu bekti marang Ingsun, manglindung marang Ingsun, - kang ing kéné “Ingsun” mau tegesé dudu pribadiné Sri Kresna, dudu mung ateges Sinar Tuhan, nanging dadi pepindané Gusti Kang Maha Tunggal, iya Gusti Allah, Tuhan Yang Maha Esa.
Diterangaké enggoné nindaki panunggal mau, saka banget-bangeté lan temen-temené manglindung marang Gusti, bhakti lan sumungkem marang Gusti, nganti kudu nglalékaké marang samubarang kang ngiket ing kadonyan, - nyirnakaké katresnan marang anak rabi, nyirnakaké kamélikan marang apa baé, - saliyané mung sumungkem marang Panjenengané. Tembungé kang luwih gampang : kudu sumarah, pasrah, ikhlas, rila legawa.
Mengkono kurang luwih reringkesané isiné wejangan ing “Bhagawad Gita”, manut panemuné pangripta kang durung karuwan bener lan patitisé kaya kang dikersakaké déning kang nganggit sakawit. Nanging nyurasa pathisariné “Kidung SUkma” sanyatané ora cukup yén mung meruhi isi reringkesané synopsis baé, marga ing ndalem angger pada ing kidung isi makna lan rasa déwé-déwé. Dadi yén nedya nylulupi temenan nganti tumekaning dasaring Bhagawad Gita, iya kudu naliti sarta mindeng pérang-pérangané kang cilik, details, - supaya bisa antuk piguna ora nguciwani.
Déné lakuné supaya bisa nylulupi nganti tekan dasar, ora ana liya carané, kejaba maca bola-bali tanpa ana bosené.
Pengarang H.E. Simpson nulis ing bukuné “Bhagawad Gita Interpreted” kang jarwakaké manut buku “Handaran Bhagawad Gita” mangkéné : ‘Boten wonten margi sanésipun malih, kajawi namung kedah wongsal-wangsul maos, manawi badé mangertos dateng suraosipun “Bhagawad Gita”, ngantos nabet dateng kaélingan, boten badé kesupén malih dateng sadaya ungel-ungelanipun. Amung kémawon sampun kasesa tumuten badé mangertos, kaliyan anjajagi sapinten lebeting suraos tuwin kasunyatan ingkang sumimpen wonten ing serat wau. Para marsudi anggolongna cuptanipun, mligi namung mindeng dateng ungel-ungelanipun, kanthi angraosaken dateng satunggil-satungiling tembung, ingkang ngantos saged rumasuk wonten ing telenging sanubari, nanging kedah boten kuminter, sampun (aja) rumaos sampun mangertos kadospundi suraosipun, ingkang lajeng tinampén ing ciptanipun utawi pamikiripun, luluh kaliyan pribadinipun, wekasan boten namung sumerep pikajengipun kémawon, nanging “Bhagawad Gita” ugi ngéwahi utawi mangun watakipun. Awit saking punika, saking sakedik piyambakipun saged ngruntutaken badanipun salaras kaliyan piwulang ing serat wau, tumrap cipta tuwin pandamelipun.”
Sarjana Aldous Huxley ing bebukaning buku “The Song of God” kanda yén “Bhagawad Gita” iku bisa uga sawijining pranyatan skripsi saka falsafah Pirenia kang temata, sistematis, déwé. Nanging najan mengkonowa, kita mélu mrayogakaké anjurané H.E. Simpson ing nduwur mau, yaiku sapa kang nedya mangerti temenanan marang isi lan saripathiné “Bhagawad Gita” aja bosen bola-bali maca, luwih-luwih ing mangsa kang swasanané tentrem. 
Kacarita, sawisé rampung enggoné Sanjaya ngaturaké palapuran bawarasané Sri Kresna karo Arjuna ana ing tegal Kuruksétra, banjur matur marang Drestarastra, kaya kang kasebut ing kidung pérangan wekasan:


Aturipun Sanjaya : Bilih kula mirengaken ingkang makaten wau, inggih punika wiraosipun Basudewaputra kalayan atmajanipun Prita, pukulun, wulu kula lajeng anjegrig.


Menggah wewadi ingkang luhur sarta linuhung, inggih panunggal ingkang kawijang-wijangaken déning Sri Kresna saha Gustining panunggal, punika saged kula mireng saking nugraha peparingipun Sang Wiyasa.


Duh susuhunaning bawana, - (aturipun Sanjaya dateng Drestarastra) - saben-saben bilih kula kéngetan wiraosipun Sri Bathara Kresna kalayan Sang Arjuna ingkang kaébekan kaélokan saha suci, punika kasengseming manah kula matambah-tambah.


Tuwin saben-saben bilih kula angéngeti suwarnénipun Sri Ari Murti, ingkang sakalangkung mokal, - pukulun, - éraming manah kula awewah-wewah, saha bingah kula tanpa upami.


Wasana kula anamtokaken ing pundi dunungipun Gustining panunggal inggih Bathara Kresna, makaten ugi Risang Pritaputra, inggih prajurit ingkang wasis anjemparing, ing ngriku dununging : unggul, begja miwah adil.

Kaya mangkono panutuping aturé Sanjaya marang Sang Prabhu Drestarastra, kang ateges tammating isiné kidung sukma “Bhagawad Gita” kang anané ing piwulang wadi karan kawicaksananing Brahma, iya layang panunggal.

Wawasan adapur panimbang lan panglimbang.


Sanajan wis kasebutaké yén “Bhagawad Gita” iku piwulang adiluhung, wulang wadi, kawicaksananing Brahma, - nanging réhné kita tinitah urip pada kasinungan pikiran lan panimbang, mula enggon kita mawas isiné layang “Bhagawad Gita” iya ora kena yén ta banjur ngulu baé tanpa kanthi pamanah, ora prayoga yén ta kita tampa ora kanthi panimbang lan tanpa panglimbang. 
Para sarjana akéh kang nyirik anané ngélmu kang dogmatis, akéh kang kipa-kipa nampa wejangan kang mung akon supaya percaya baé, sarta ngarani yén sipat kang mangkono mau ndidik njalari wong ora seneng migunakaké nalar lan pikir.
Kuduné sikep kita mawas isiné “Bhagawad Gita” iya kaya mengkono, prayogané iya kudu mawa panimbang lan panglimbang, cocogé lan nalar sarta larasé marang jamané kang lagi kita lakoni saiki. Awit jaman nalikané Wiyasa nyipta wulang adi ing “Bhagawad Gita”, yaiku anané istilah-istilah kang tegesé owah-owah sarta saka kerepé mbolan-mbaléni soal kang dicatur. Bab istilah “Ingsun” upamané, ing pérangan-pérangan ngarep, mung ateges “aku” utawa “kula”, - nanging ing pérangan liya ateges Sinar Tuhan utawa Sukma Sejati, yaiku Roh langgeng kang asasana ing badan wadag, kang bisa ditegesi sawijining soroting Pangéran utawa wewayanganing Kang Maha Kuwasa. Ing pérangan liya, sawisé nerangaké dununging panunggal, istilah “Ingsun” banjur kudu ditegesi Pangéran, marga ing kidung kono tinemu ukara kang mengkéné :


Amarga ingsun wus angliwati kang owah gingsir, kang luwih duwur saka kang ora owah gingsir, mulané tumrapé layang wéda lan ing ndonya, ingsun iki kaanggep Purusa kang luhur.

Ing pérangan liya manéh, tinemu ukara bab panembah, mengkéné:


Pikirira sungkema marang Ingsun, bhaktiya marang Ingsun, kurbana marang Ingsun, sumungkema ing pangayunaningsun, sira bakal tumeka marang Ingsun, Ingsun namtokaké klawan satemené sira iku asih marang Ingsun.

Terang ing ukara iki, Ingsun ora ateges pribadiné Sri Kresna, lan iya ora ateges Roh utawa Jiwa kang asasana ing badan wadag, -nanging ateges Gusti Kang Maha Kuwasa, iya Allah, Pangéran lan Sesembahan kita Kang Maha Tunggal.
Ing bab sok molah-malihé tegesé istilah iki, diakoni uga déning Swami Prabuvananda ing bukuné:

“The Gita is not primarily converned with Krishna as individual, but with his aspect as Brahman, the ultimate reality. When Krishna addresses Arjuna, he sometimes speaks as an individual, but often as God Himself.”

Ing bab carané panembah, wis diaturaké kanthi mandes yén panunggal iku mung bakal kaleksanan kagayuh, sarana ngeningaké lan nggelengaké cipta, yaiku nindakaké sangkya yoga. Nanging tumrapé wong kang wis meluk agama liyané, apa iya ndadak banjur ninggalaké panembah manut saréngating agamané déwé, banjur nindakaké sangkya yoga, kang ing tetembungané padinan diarani nindakaké méditasi lan konséntrasi ?
Manut pamawas, yén mung sedya ngowahi cara baé, durung kinar yén bakal kaleksanan kanthi kasil. Marga ora angger wong nindakaké sangkya yoga bisa tekan tataran samadhi temenanan, wuruk-wuruk marang anteping sedya lan santosaning tékadé kang nindakaké. Dadi kang wigati, dudu carané, nanging tékadé, imané, anteping atiné lan sucining sedyané.
Najan wong nindakaké préntahing agamané sarana sembahyang manut saréngaté agamané déwé, yén ta ditindakaké kanthi sepi ing pamrih, mligi akarana Allah, muhung manglindung marang Pangéran, enggoné meleng ciptané nyata-nyata mung tumuju marang Panjenengané, sethithik baé ora mangrotingal, wis sirna pepénginané marang kang sarwa ora langgeng, wis zuhud, - istingarah ing tembéné iya bakal katekan sedyané enggoné sembahyang.
Kang mangkono mau ora ateges sawijining larangan marang wong kang wis nindakaké saréngating agamané déwé-déwé, yén ta kala-kala utawa ing waktu kang tinamtokaké uga gelem nindakaké méditasi utawa konséntrasi tumuju marang gegayuhan luhur.
Tulada yén sakéhing wulang adi ing “Bhagawad Gita” iku ora mesthi mathuk tumrap jaman saiki, luwih-luwih tumraping negara lan bangsa kita, anané wejangan kang isih milah-milahaké kasta : Brahma, satriya, wésya lan sudra, - kang saka marga ubenging jaman kemajuwan, kasta-kasta mau saya lawas wis saya tipis, déné ing negara kita kéné wis lawas sirna babarpisan. Uga anané pepindan bab kurban, ing bawarasa kang kaping 3, kidung pada 14, muni :
Saka pangan anané dumadi, saka udan ananing pangan, saka kurban ananing udan, kurban iku jalaraning panggawé.
Yén kita ora jembar-jembar pamawas kita marang pathisariné wejangan adiluhung sawutuhé, - bisa gampang nduwa anané panemu yén udan iku dumadiné saka kurban. Sok ngonoa, apa iya negara Mesir kang ing ndalem setauné mung ana udan ping pindo ping telu baé, - iku ateges yén wong-wong ing kana pada ora (arang-arang) nindakaké kurban, manut agamané déwé?
Kaya mengkono, yén kita nedya amét paédahé sarupaning piwulang saka kapustakan kuna kang wis éwonan taun umuré, - kudu momot, kudu bisa nimbang lan nglimbang larasé marang jaman kang kita idaki saiki, awit jaman iku kaya sipating alam, ora statis, nanging tansah obah lan tansah owah, maju tumuju marang kemajuwan.
Mawas isiné “Bhagawad Gita” kuduné ora kena misahaké wawasan marang pribadiné Sri Kresna lan Pandawa, kang ing lelakon timbulé wejangan ing tegal Kuruksétra iki, Pandawa diwakili déning Arjuna: - nanging sejatiné sesipatané Pandawa mono dumunung ana ing Yudhistira, yaiku pambarepé sedulur lelima.
Mula kaya anan prayogané yén kita andaraké cacritan kang magepokan karo pribadi loro mau, yaiku Sri Kresna lan Yudhistira.
Kacarita, saka tuhu lan barésing penggalihé Yudhistira, wis kena apus déning Kurawa, nganti Pandawa kudu nglakoni paukuman kang awujud : kudu ninggalaké praja, dedunung ing alas lawasé 12 taun, ing taun kang wekasan enggoné dedunung kudu ora nganti kadenangan déning Kurawa. Cekaké Pandawa uripé nandang sangsara banget, ketula-tula, adoh kasenengan, adoh kamuktén. Katemuné Pandawa karo Sri Kresna, iya nalikané Pandawa nandang prihatin mau, kang wusanané banjur dadi mitra kang banget setyané, malah-malah Kresna dianggep sawijining parampara lan papan ngruwating ruwet-renteng.
Carita iki sejatiné ngandut sanépa, pralambang, yén wong bisané ketemu Sri Kresna, kudu nemahi kasusahan lan panandang rupa-rupa disik. Pralampita, yén sapa kang nedya golék guru kaya Sri Kresna, luwih disik kudu nglakoni pedih perih, kudu adoh marang paraméyan lan kasenengan, kudu kebak panyuwunan marang Kang Maha Kuwasa bisané kéntas saka panandang.
Kalakoné, sawisé antuk mitra lan guru sejati, kang diwakili déning pribadiné Sri Kresna, wekasané perjoangané Pandawa bisa nemahi rahayu, bisa anggayuh idam-idamané, lan nalika perang mungsuh Kurawa ing Bharatayudha, uga sarana tuntunané Sri Kresna, - bisa unggul perangé.
Lelakon liya kang nggambaraké sesipatané Pandawa, yaiku rikalané sedulur lima ketula-tula ana ing satengahing alas, adoh panggonan kang anan tinemu wowohan kang keno dipangan lan adoh saka sumber kang banyuné kena diombé, sedulur lelima lan ibuné: Kunthi, pada keluwén lan kasatan.
Nakula, sedulur kang enom déwé, dipatah anggolék banyu. Nakula banjur mangkat, nusup-nusup gegrumbulan, suwé-suwé weruh ana sendang kang banyuné bening anyarong pinda kaca. Saka ngorongé, Nakula banjur ndlosor ing pinggir sendang, arep ngombé. Nanging sadurungé kaleksanan, Nakula ngrungu swara pamenging : “Aja kesusu, anakku, wangsulana pitakonku iki disik. Yén kowé bisa mangsuli pitakonku, kowé lagi kena ngombé lan njupuk banyuné sendang iku.”
Nakula ora ngréwés marang swara mau, déwéké terus baé enggoné arep ngombé, lan bareng wis kaleksanan, déwéké tiba, nuli mati ngenggon.
Réhné dientén-enténi suwé, ora teka, mula saiki kang kapatah golék banyu si Sadéwa. Sadéwa mangkat nusul Nakula, suwé-suwé iya bisa ketemu karo sendang kang banyuné kinclong-kinclong iku. Durung baé arep ngombé, uga ngrungu swara pamenging kaya kang rinungu nakula, lan Sadéwa iya ora ngréwés marang swara mau, terus baé ngombé lan uga nemahi tiwas kaya adiné.
Mangkono sabanjuré, genti Arjuna, nuli Brataséna, kang uga nemahi lelakon sarupa kaya Nakula lan Sadéwa.
Yudhistira banjur nusul, nyipati adiné papat kang wis pada lampus, banget ing sedihé, ora suwé ngrungu swara dumeling : Anakku, luwih disik wangsulanan pitakonku, yén sira bisa mangsuli kanthi patitis, bakal bisa antuk banyu sarta bakal sirna kasedihanmu”. Yudhistira noléh, weruh ana m,anuk bango ing sacedaké.
“Apa margané utawa dedalané tumuju marang swarga?” Pitakoné manuk bango iku.
“Kapercayan”. Wangsulané Yudhistira.
“Kepriyé sawiji-wijining wong bisané antuk kabegjan?”
“Lumantar tuntunan kang bener.”
“Apa kang nindakaké yén mrangguli kahanan bisané luwar saka kasangsaran?”
“Pikirané.”
“Kapan wong ditresnani ?”
Yén sepi ing pepénginan dipepuji dialembana.”
“Ing sakéhing keanéhan ndonya, apa kang anéh déwé?”
“Déné ora ana wong, najan ta déwéké mau wis naté nyipati liya-liyané pada mati, - éwadéné déwéké iku mau ora percaya yén déwéké déwé uga bakal mati.”
“Kepriyé wong bisané anggayuh gama kang kanthi bener?”
“Ora sarana bawarasa, ora sarana tulisan-tulisan suci, uga wulangan-wulangan iya ora bakal mitulungi. Dedalan tumuju marang agama, mung sarana tindak kasucian.”
Mireng wangsulané Yudhistira mengkono mau, Bathara Dharma ngrasa marem, nuli angatingali, angéjawantah, sarta banjur nguripaké sedulur-seduluré Yudhistira papat, apadéné paring banyu bening.
Ana carita siji manéh kang uga nggambaraké kasuciané atiné Pandawa. Kacarita sawisé Bharatayudha wis kepungkur, ing mangsakalané sedulur lelima nedya ngungkuraké kadonyan, pada mangkat ninggalaké praja, tumuju marang pagunungan Himalaya, kayangané para déwa.
Sedulur papat, Nakula, Sadéwa, Arjuna lan Brataséna, saka siji-siji wis nemahi katiwasan, marga dianggep ora cukup suci bisané lumebu ing swarga sarana badan wadagé. Mung Yudhistira kang nalika lumaku nuntun asuné kang kinasih, dianggep cukup kasuciyané nganti bisa marak ing ngarsané Bathara Indra.
“Nanging, sira aja gela, déné asunira ora kena kok gawa mlebu ing kadatoning swarga.” Pangendikané Bathara Indra.
“Kula boten saged pisah kaliyan ingkang setya lan asih ing kula”, Aturé Yudhistira.
“Nanging asunira ora cukup sipaté suci, kang njalari bisa katampa ing swarga.”
“Manawi makaten, kula trimah wonten ing sanjawining kori swarga katimbang pisah kaliyan ingkang kula anggep setya sarta sucining manahipun nglangkungi kula.”
“Sanajan mangkonowa, nanging kita meksa ora marengaké yén asunira mlebu ing swarga.”
“Kula temah kempal wonten ing sanjawining swarga kaliyan segawon kula, awit kula sampun prasetya nedya nglindungi piyambakipun.”
Sawisé rada suwé bebantahan, wekasané Yudhistira dililani mlebu karo nuntun asuné, nanging sakala iku asu banjur malih wujud sang déwa Dharma, marga sanyatané Yudhistira pancén lagi dicoba ing bab katemenané lan kasetyané.
Bareng wis ana ing sajroning swarga, Yudhistira banjur anggoléki sedulur-seduluré kang wis lumaku disik, nanging teka ora tinemu siji-sijiya, sing ana malah : mungsuh-mungsuhé, yaiku kadang Kurawa, kang wis pada tiwas nalikané Bharatayudha.
“Ing pundi dunungipun sadérék-sadérék kula?” Aturé Yudhistira marang Bathara Indra.
“Ana ing panggonan liya, mara, yén sira arep weruh, dak-tuduhaké.” Ngendikané Bathara Indra, kang nuli pada menjang panggonan kang peteng lan serem. Ing kono Yudhistira nyipati nasibé para seduluré papat, pada kasangsaya ana ing sajroning naraka.
“Hla kaé, sedulurira papat pisan.”
“Manawi makaten, kula nyuwun supados kakempalaken nunggil panggénan kaliyan sadérék-sadérék kula.” Panyuwuné Yudhistira.
Généya teka mengkono, sira kuduné ana ing papan kang apik mau kaé.”
“Tumrap kula, ing ngriki, kempal kaliyan sadérék-sadérék kula, prasasat wonten ing swarga kémawon, kula malah badé nandang sangsara yén ta kula pisah kaliyan sadérék-sadérék kula.”
Bareng midanget atur wangsulan mengkono, sakala apa kang mauné katon peteng lan isi kasangsaran, banjur malih dadi padang lan kebak ing kamulyan, - suwaliké apa kang mauné katon padang lan kebak kamulyan kang pada didunungi déning mungsuh-mungsuhé Pandawa, - sakala iku uga banjur malih dadi naraka.
Kang mengkéné iki, uga sawijining ujian kang kudu dialami déning Yudhistira, kanggo ndadar kasuciyaning ati sarta kasetyané marang para kadangé. Yudhistira lestari bisa kumpul kanthi kamulyan ana ing swarga karo seduluré papat pisan.
Lelakon loro kang kaaturaké ing nduwur iki nggambaraké sepira wigatiné sipat suci lan tindak kasucian. Uga nélakaké sipaté Pandawa kang wis kasih enggoné bisa merangi lan bisa ngasoraké Kurawa, ateges uga sawijining pralambang kahanané wong kang wis nunggal marang Pangéran marga wis mulus suci, déné wis bisa merangi lan ngasoraké hawanapsu, nyirnakaké pepénginan kadonyan, musnakaké kekarepan-kekarepan kang ngambra-ambra, - balik mligi sumungkem lan sumarah marang Gusti.
Iya wejangan kang saripathiné kaya kang kaaturaké iku, kang minangka tujuané Sri Kresna medaraké ngélmu luhung, kang sarana Arjuna minangka dadi lésané, obyek-é, papan kanggo mijiling kawruh kasampurnan.
Minangka panutup, pangripta nedya ngambali pangandikané Sri Kresna tumrap marang sapa baé kang gelem nerang-nerangaké isiné “Bhagawad Gita”, mengkéné pangandikané:

Sing sapa anerangaké wadi kang luhur iki marang wong kang bekti marang Ingsun, lan nuduhaké bektiné, bakal sirna semang-semangé lan bakal tekan ing Ingsun.

Nanging, tumraping pangripta déwé, sanajan wis anerapaké isiné layang wadi iki marang para maos kang pada bekti marang Pangéran, - pangripta teka iya isih sok semang-semang lan kok iya rumangsa isih adoh nyamut-nyamut marang Pangéran Kang Maha Agung. Kang mangkono mau, sababé, mbokmanawa marga saka kurang patitiré enggoné medaraké werdiné lan marga saka kurang trepé enggoné njarwakaké.
Mula saka iku, ing pangajab lan panyuwunan, - para maos baé muga-muga pinaringan nugraha bisané ora semang-semang lan bisané kacedak marang Panjenengané. Muga-muga Pangéran Kang Maha Agung anyembadanana.

2 komentar:

  1. apik, tenan, baik sekali....perbanyak memposting kidung2 Hindu Jawa, saya ingin belajar banyak tentang Kidung2 Hindu jawa seperti yg selalu dikidungkan oleh muda-mudi Hindu di Pura Banguntapan Jogya....kangen dg suasana Yogya tahun 1980-an di pura Jangatnata Banguntapan

    BalasHapus
  2. Makasih.. mudah-mudahan terpenuhi

    BalasHapus