IX Prasemoné
jaran telu kang nggéréd kréta.
Ing
bawarasa kang kaping XIII, Sri Kresna mindakaké badan wadag kadidéné pategalan,
déné Sukma Sejati kadidéné kang ndarbéni lan meruhi. Kidung kang kamot ing
pérangan iki sejatiné ora banget-banget bédané karo wejangan-wejangan kang wis
kepungkur. Mung nedya ngantepaké wigatiné Roh kang dumunung ana ing angganing
manungsa, déné pategalan mung saderma dadi panggonan nenandur, kang kudu
diupakara kanthi becik.