Selasa, 10 Juni 2014

Jago lan Bêndarane

Jago lan Bêndarane

Ana jago gêdhe atine, acalathu mangkene: ngêndi ana manuk kang nimbangi aku. Ngêndi ana kang sarwa bêcik ngumpul dadi siji. Lair mula aku dipuji dadi ratuning manuk, têngènku wus misuwur ing jaman kuna. Sanajan aku disawanga saka ing ngarêp utawa saka ing buri, apa ana kabagusan kang ora ana ing awakku. 


emas ing paripih candhi dukuh

Kucing kang Dhêmên Gawe Prakara

Kucing kang Dhêmên Gawe Prakara

Ana kucing loro nyolong kèju satugêl, ora bisa rujuk mungguhing pangêdume. Amurih sirnaning sulaya, sakarone padha rukun akon ambênêri marang kêthèk. Kathèk[9] dhangan ambênêri, tumuli anjupuk traju, kèju diparo, didokokake ing traju, calathune: mêngko dak purih padhaa bobote. 

Ratuning Kodhok

Ratuning Kodhok

Ana têlaga akèh kodhoke, padha têntrêm sarta ora ana kang ngarubiru, ananging durung marêm. Banjur anênêdha ing dewa, muga-muga diparingana ratu, supaya anaa kang mapas alaning budine, sarta angukum ing kaluputane. 

Singabarong lan Tikus

Singabarong lan Tikus

Singa di Kehidupan Kita, Bersemangatlah!Anuju sawijining dina ana singabarong lagi turu. Anuli ana tikus siji, wani-wani colat-colot ing sakiwa têngêne. Singabarong tangi, tikus didêmak, sumêdya dipatèni amarga saking kumawanine, ananging banjur kèlingan sarèhning dadi ratuning bêburon, yèn anibakna pamalês marang buron kang sapele mangkono, amasthi bakal ora misuwur bêcik, tikus anuli diuculake. 

Kancil lan Bulus

Kancil lan Bulus

Bulus (Amyda cartilaginea) dari Mentaya Hulu, Kotawaringin TimurAna bulus acalathu marang kancil, têmbunge: aku ora maido, yèn kowe pinunjul ing playu, ananging ayo padha nyoba balapan, sapa kang andhisiki têkan wêkasaning ara-ara iki. 

Supataning Macan Tutul

Supataning Macan Tutul

Panther.jpg
Macan Tutul Jawa
Panthera pardus melas
Ana macan tutul siji, kang satêmêne dadi amaning cêmpe, ngluwihi alane sajroning alas, ambêk adigang adiguna sarta ngandêlake ing rikat luwêse. Iku kêna ing kala, pasangane bocah angon kang wus kêrêp dimôngsa wêdhuse. Kang duwe pasangan kala, barêng wêruh yèn macan tutul kêna, enggal amarani sarta anggawa gêgaman, sumêdya amatèni. 


Mangsa Tanem

Mangsa Tanem

Sanajan manungsa dereng saged ngowahi mangsa kajawi ing salebetipun wates ingkang katamtokaken (upami adamel jawah damelan), nanging sampun saged nata tata tanem ingkang cocog kaliyan mangsa ingkang wonten. Pancen radi ewet manawi badhe ngawontenaken garis ingkang tegas ing babagan ulah tetanen. Pramila wonten saenipun manawi kita nambah seserepan bab mangsa lan kawontenan siti. Kangge nyekapi katerangan ing nginggil, kula cobi ngaturaken taneman punapa ta ingkang cocog kaliyan mangsa ingkang sampun nate kaserat, nanging namung winates ing babagan pantun, kacang-kacangan, pala kependhem, sarta sayur-sayuran.

Pantun: umuripun winates 130 dinten, saged tuwuh sae wonten ing kawontenan kathah toya lan mbetahaken suhu 20 derajat, sarta kawontenan jawah 1.500-2.000 mm/th, dados mangsa ingkang sae kangge miwiti nanem pantun ing mangsa kalima.

Jagung lan timun: thukul sae wonten tlatah ingkang panas. Kawontenan jawah cekap 450-600 mm/th, suhu ingkang paling cocog antawis 21-30 derajat, pramila punika jagung lan timun sae katanem ing mangsa kasa.

Sorghum: mujudaken taneman ingkang luwes, wosipun saged gesang sae ing wekdal kathah jawah lan ugi ing wekdal panas sarta aking, suhu ingkang sae 30 derajat, dados wekdal ingkang cocog kangge nanem Sorghum inggih punika mangsa: kasa, kapitu, lan kasada.

Kedhele: gesang sae ing wekdal ingkang panas. Kangge jagi supados wekdal panen tetep ing wanci panas (supados wiji kedhele tetep sae) mangsa ingkang sae kangge nanem kedhele inggih punika mangsa: kasada.

Kacang ijo: sampun sepuh ing umur 2,5 wulan, gesang sae ing wekdal panas nanging boten keganggu wontenipun jawah sekedhik, pramila punika kacang ijo sae katanem ing mangsa kasepuluh.

Kacang tunggak: gesang sae ing wekdal ingkang panas sanget, dados kacang tunggak prayogi katanem ing mangsa kasada.

Wijen: mbetahaken hawa panas, suhu ingkang paling sae 27 derajat, kabetahan toya cekap ingkang wonten ing salebetipun siti. Pramila wijen sae katanem ing mangsa karo lan kasada.

Gudhe: taneman ingkang tahan panas lan aking, babar pindhah boten betahaken toya, pramila gudhe sae katanem ing mangsa karo lan kasada.

Tela rambat: taneman ingkang boten tahan aking lan toya sae katanem wonten ing guludan, suhu ingkang cocog antawis 27 derajat. Dados tela rambat sae katanem ing mangsa katelu.

Tela kaspe lan kapas: kalebet taneman ingkang luwes, wosipun saged gesang ing wekdal jawah lan panas. Dados wekdal ingkang sae kangge nanem tela kaspe lan kapas inggih punika ing mangsa kasa ngantos kasada.

Tomat lan kacang brol: taneman ingkang tahan panas meh sami kaliyan jagung, pramila wekdal ingkang sae kangge nanem tomat sarta kacang brol inggih punika ing wekdal mangsa kasa lan kasada.

Semangka: ugi taneman ingkang betahaken hawa panas, pramila wekdal ingkang sae kangge nanem semangka inggih punika mangsa kasa.

Brambang: gesang sae ing siti aking lan hawa asrep nanging betahaken hawa panas ing wekdal sampun sepuh, pramila wekdal ingkang sae kangge nanem brambang inggih punika mangsa kasada.

Bawang: sami kaliyan brambang supados sae prayogi katanem ing mangsa kasada.

Kenthang: taneman punika betahaken hawa asrep lan kathah jawah dados supados saged sae gesangipun sarta kathah uwohipun kedah katanem ing mangsa kapitu.

Lombok: gesang sae ing wekdal siti aking, tahan panas ingkang sumelet dados lombok sae katanem ing mangsa kasa.

Dene kangge nyumerepi watakipun bayi ingkang lair miturut mangsa saged kaaturaken kados ing ngandhap:
Lair ing mangsa Kasa, watakipun cekapan ing sopan santun.  
Karo, watakipun medhit lan sembrana.  
Katelu, watakipun medhit lan sembrana.  
Kapat, watakipun resikan.  
Kalima, watakipun trampil. Kanem, watakipun trampil.  
Kapitu, watakipun cengkiling.  
Kawolu, watakipun cekapan ing sopan santun. 
Kasanga, watakipun pinter ing samubarang kalir.  
Kasepuluh, watakipun cugetan. 
Desta, watakipun remen mendhet barangipun tiyang. 
Kasada, watakipun sanget welas asih dhateng sesami.

Makaten andharan ingkang saged kula aturaken bab-bab ingkang wonten sesambetanipun antawisipun Pranatamangsa kaliyan taneman sarta watakipun bayi ingkang lair. Wusana nyumanggakaken lan matur nuwun.

Aturipun: Soetojo Riyadi