Mangsa Tanem
Sanajan manungsa dereng
saged ngowahi mangsa kajawi ing salebetipun wates ingkang katamtokaken
(upami adamel jawah damelan), nanging sampun saged nata tata tanem
ingkang cocog kaliyan mangsa ingkang wonten. Pancen radi ewet manawi
badhe ngawontenaken garis ingkang tegas ing babagan ulah tetanen.
Pramila wonten saenipun manawi kita nambah seserepan bab mangsa lan
kawontenan siti. Kangge nyekapi katerangan ing nginggil, kula cobi
ngaturaken taneman punapa ta ingkang cocog kaliyan mangsa ingkang sampun
nate kaserat, nanging namung winates ing babagan pantun,
kacang-kacangan, pala kependhem, sarta sayur-sayuran.
Pantun: umuripun
winates 130 dinten, saged tuwuh sae wonten ing kawontenan kathah toya
lan mbetahaken suhu 20 derajat, sarta kawontenan jawah 1.500-2.000
mm/th, dados mangsa ingkang sae kangge miwiti nanem pantun ing mangsa
kalima.
Jagung lan timun:
thukul sae wonten tlatah ingkang panas. Kawontenan jawah cekap 450-600
mm/th, suhu ingkang paling cocog antawis 21-30 derajat, pramila punika
jagung lan timun sae katanem ing mangsa kasa.
Sorghum: mujudaken
taneman ingkang luwes, wosipun saged gesang sae ing wekdal kathah jawah
lan ugi ing wekdal panas sarta aking, suhu ingkang sae 30 derajat, dados
wekdal ingkang cocog kangge nanem Sorghum inggih punika mangsa: kasa,
kapitu, lan kasada.
Kedhele: gesang sae ing
wekdal ingkang panas. Kangge jagi supados wekdal panen tetep ing wanci
panas (supados wiji kedhele tetep sae) mangsa ingkang sae kangge nanem
kedhele inggih punika mangsa: kasada.
Kacang ijo: sampun
sepuh ing umur 2,5 wulan, gesang sae ing wekdal panas nanging boten
keganggu wontenipun jawah sekedhik, pramila punika kacang ijo sae
katanem ing mangsa kasepuluh.
Kacang tunggak: gesang sae ing wekdal ingkang panas sanget, dados kacang tunggak prayogi katanem ing mangsa kasada.
Wijen: mbetahaken hawa
panas, suhu ingkang paling sae 27 derajat, kabetahan toya cekap ingkang
wonten ing salebetipun siti. Pramila wijen sae katanem ing mangsa karo
lan kasada.
Gudhe: taneman ingkang
tahan panas lan aking, babar pindhah boten betahaken toya, pramila gudhe
sae katanem ing mangsa karo lan kasada.
Tela rambat: taneman
ingkang boten tahan aking lan toya sae katanem wonten ing guludan, suhu
ingkang cocog antawis 27 derajat. Dados tela rambat sae katanem ing
mangsa katelu.
Tela kaspe lan kapas:
kalebet taneman ingkang luwes, wosipun saged gesang ing wekdal jawah lan
panas. Dados wekdal ingkang sae kangge nanem tela kaspe lan kapas
inggih punika ing mangsa kasa ngantos kasada.
Tomat lan kacang brol:
taneman ingkang tahan panas meh sami kaliyan jagung, pramila wekdal
ingkang sae kangge nanem tomat sarta kacang brol inggih punika ing
wekdal mangsa kasa lan kasada.
Semangka: ugi taneman ingkang betahaken hawa panas, pramila wekdal ingkang sae kangge nanem semangka inggih punika mangsa kasa.
Brambang: gesang sae
ing siti aking lan hawa asrep nanging betahaken hawa panas ing wekdal
sampun sepuh, pramila wekdal ingkang sae kangge nanem brambang inggih
punika mangsa kasada.
Bawang: sami kaliyan brambang supados sae prayogi katanem ing mangsa kasada.
Kenthang: taneman
punika betahaken hawa asrep lan kathah jawah dados supados saged sae
gesangipun sarta kathah uwohipun kedah katanem ing mangsa kapitu.
Lombok: gesang sae ing wekdal siti aking, tahan panas ingkang sumelet dados lombok sae katanem ing mangsa kasa.
Dene kangge nyumerepi watakipun bayi ingkang lair miturut mangsa saged kaaturaken kados ing ngandhap:
Lair ing mangsa Kasa, watakipun cekapan ing sopan santun.
Karo, watakipun medhit lan sembrana.
Katelu, watakipun medhit lan sembrana.
Kapat, watakipun resikan.
Kalima, watakipun trampil. Kanem, watakipun trampil.
Kapitu, watakipun cengkiling.
Kawolu, watakipun cekapan ing sopan santun.
Kasanga, watakipun pinter ing samubarang kalir.
Kasepuluh, watakipun cugetan.
Desta, watakipun remen mendhet barangipun tiyang.
Kasada, watakipun sanget welas asih dhateng sesami.
Makaten andharan ingkang saged
kula aturaken bab-bab ingkang wonten sesambetanipun antawisipun
Pranatamangsa kaliyan taneman sarta watakipun bayi ingkang lair. Wusana
nyumanggakaken lan matur nuwun.
Aturipun: Soetojo Riyadi
Tidak ada komentar:
Posting Komentar