Kancil lan Bulus
Ana bulus acalathu marang kancil,
têmbunge: aku ora maido, yèn kowe pinunjul ing playu, ananging ayo padha
nyoba balapan, sapa kang andhisiki têkan wêkasaning ara-ara iki.
Têmbung mangkono iku ing atase si kancil
pêpadhane angêcêmong, ewadene pangajake mau dirasa anèh, mulane
dituruti. Anuli bulus enggal miwiti lumayu, kancil ngenak-enak dhewe,
ciptane: si gumrêmêt karêbèn mêmpis-mêmpis, aku wus masthi ora rêkasa
bisa anjujul, aku mancolot ping têlu utawa ping pat bae, wus tamtu bisa
nglancangi kewan anglêmêr kuwe. Saya adoh olèhku angacèkti saya
andadèkake kocapku. Ing nalika samana bulus mèh têkan ing watês, kancil
isih sarèh ing sawatara, barêng tumandang arêp anjujul, wêruh yèn mèh
kasèp awit dening talompène, ewadene isih anduwèni pangarêp-arêp mênang
sarana cukating lumpate. Enggal lumayu, rikate prasasat angin, ananging
tanpa gawe, awit bulus wus andhisiki têkan wêkasaning ara-ara, dadi
kancil kalah.
Êliding dongèng mangkene: wong iku
sanajan têrang budine, elingan, tuwin patitis ing cipta, yèn ora
têngginas ing samubarang gawe, amasthi kadhisikan ing liyan, iku kang
amèk kauntungane.
Kapethik tanpa owah-owahan saka sastra.org
[Dongèng Sato Kewan, Wintêr, 1923]
Source:
http://www.kawuryan.com/?p=1234
Tidak ada komentar:
Posting Komentar