Selasa, 10 Juni 2014

Kucing kang Dhêmên Gawe Prakara

Kucing kang Dhêmên Gawe Prakara

Ana kucing loro nyolong kèju satugêl, ora bisa rujuk mungguhing pangêdume. Amurih sirnaning sulaya, sakarone padha rukun akon ambênêri marang kêthèk. Kathèk[9] dhangan ambênêri, tumuli anjupuk traju, kèju diparo, didokokake ing traju, calathune: mêngko dak purih padhaa bobote. 

Lah, sing satugêl iki anjomplangake sasisihe. Sawuse calathu mangkono, kèju kang abot mau dikrokoti akèh, kapurih padhaa bobote. Barêng didokokake ing traju, anjomplang, kang abot anuli dikrokroti. Kucing loro andêlêng pratingkahing kêthèk mangkono, ora enak atine, calathune: uwis, uwis, wèhna pandumanaku, aku sakarone wus padha narima. Kêthèk amangsuli: iya kowe wus padha narima, ananging pangadilan durung narima. 

Prakara bruwêt kang kaya iki ora bisa rampung tumuli. Kêthèk ambanjurake ênggone ngrokoti kèju gênti-gênti, barêng kucing loro sumurup yèn kèjune saya suwe saya akèh kalonge, aduwe panjaluk marang kêthèk, dipurih nguwisana ing panrajune, sakarining kèju dijaluk. 

Kêthèk sumaur: ambok aja kasusu mangkono kisanak, êtraping adil iku kudu bênêr, kang sapisan ing atase kang ngadili, kapindho tumrape marang kang diadili. Sakarining kèju kabênêr dadi bubuhanaku, sumurupa tuwase kangelan aku. Sawuse calathu mangkono, sakarining kèju diêmplok, banjur lunga saka ing ênggon bêbênêran.

Êliding dongèng mangkene: aja dhêmên prakaran, awit rampunging prakara, adat kang pinadu lupute kari sathithik, iya êntèk kabèh.

Kapethik tanpa owah-owahan saka sastra.org
[Dongèng Sato Kewan, Wintêr, 1923]


Source: http://www.kawuryan.com/?p=1257

Tidak ada komentar:

Posting Komentar