Supataning Macan Tutul
Macan Tutul Jawa Panthera pardus melas |
Macan tutul kang prasasat satêngah mati bangêt gêtêre, banjur calathu: sapisan punika kula mugi sampeyan apuntên, sampun masthi kula badhe botên mêndhêt menda malih-malih. Kula supaos ingkang kalayan têmên-têmên, yèn kula badhe botên nêdha daging malih-malih, saèstu botên. Kula namung badhe nêdha gêgodhongan kemawon utawi ulam toya, manawi panuju wontên. Bocah angon ngandêl ing supatane, macan tutul banjur diuculake, bangêt ing bungahe tumuli anggêndring. Ananging durung antara sajam, andêlêng ana gênjik gêgupak, calathune macan tutul: i la dalah, gênjik iku wênang dak môngsa, awit yèn dak pikir ing satêmêne, samubarang kang ana ing banyu, iya iku iwak. Sarèhning gênjik iku ana ing banyu, dadi ora kalêbu ing supataku. Sawuse calathu mangkono, gênjik banjur dimôngsa.
Êliding dongèng mangkene: sing sapa ngandêl ing supatane wong ala, iku prasasat ngadêgake omah ana ing pawêdhèn.
Kapethik tanpa owah-owahan saka sastra.org
[Dongèng Sato Kewan, Wintêr, 1923]
Sumber : http://www.kawuryan.com/?p=1247
Tidak ada komentar:
Posting Komentar