Selasa, 10 Juni 2014

Ratuning Kodhok

Ratuning Kodhok

Ana têlaga akèh kodhoke, padha têntrêm sarta ora ana kang ngarubiru, ananging durung marêm. Banjur anênêdha ing dewa, muga-muga diparingana ratu, supaya anaa kang mapas alaning budine, sarta angukum ing kaluputane. 

Dewa kang disuwuni ing nalika samana panuju lêjar, anggêguyu ing panjaluk iku. Banjur anguncali tugêlan galondhong, calathune: ênya iki ratumu. Mancurating banyu ing nalika tibaning tugêlan galondhong mau, wiwitane bangêt andadèkake wêdine sakèhing kodhok, sarta ora ana kang wani nyêdaki. Ananging ora antara suwe barêng didêlêng ora obah-obah, sairib kaya mati, banjur wiwit padha nyêdaki alon-alon. Wasana barêng didêlêng ora nguwatiri, anuli nyoloti nganciki, agawe pratingkah sawênang-wênang, sarta padha angewani. Sarèhning durung marêm olèh ratu kaya mangkono, tumuli anglakokake kongkonan kodhok priyayi têtêlu marang dewa, anjaluk ratu kang anduwèni pangawasa, awit ora dhêmên pisan-pisan marang ratu kang wus diwènèhake mau. Dewa banjur anurunake manuk bango siji, minôngka ukume. Bango ora sarônta enggal mangani kodhok, nutug ing sakarêpe. Kodhok tumuli padha anênêdha marang dewa, muga linunturana ing sih, winêtokna saka ing panganiayaning bango, utawa ambalèkna ratu kang ora duwe polah mau. Wangsulaning dewa: aku ora marêngi, sarèhning kowe padha gêmblung, ora dhêngêr yèn wus anêmu kapenak, mulane saiki padha rasakna.

Êliding dongèng mangkene: manusa iku yèn wus kapenak, anduwènana cipta bêgja, sarta dimarêm.

Kapethik tanpa owah-owahan saka sastra.org
[Dongèng Sato Kewan, Wintêr, 1923]


Source:

Tidak ada komentar:

Posting Komentar