Jago lan Bêndarane
Ana jago gêdhe atine, acalathu
mangkene: ngêndi ana manuk kang nimbangi aku. Ngêndi ana kang sarwa
bêcik ngumpul dadi siji. Lair mula aku dipuji dadi ratuning manuk,
têngènku wus misuwur ing jaman kuna. Sanajan aku
disawanga saka ing ngarêp utawa saka ing buri, apa ana kabagusan kang
ora ana ing awakku.
Apa buntutku ora malêngkung apatut, apa aku ora kapanduman wulu linuwih. Yèn aku lumaku agawe tênaga utawa sarèh, prasasat sakèhing mata parane mung marang aku. Yèn aku lagi rinubung ing babon, môngka ana kang kumowani amunasika, e, lah sida katiban jaluku têmênan, môngsa andadak anjaluka banyu. Têkan samono kandhêg calathune, amarga dening ngrungu wong gumuyu latah-latah sêmu nyêyampahi.
Jago Jago
bangêt nêpsune, banjur anolih, wêruh bêndarane ngadêg. Bêndarane takon:
sabab dening apa kowe ngerang-erang aku. Jago amangsuli: punapa botên
lêrês wicantên kula. Wangsulaning bêndara: sumêngguhmu tuwin calathumu
kang akèh-akèh mau mung agawe guyuku, awit sing sapa anggunggung awakke
dhewe, iya kêna bungah dening têmbung panggunggung iku, ananging mêksa
dadi campahan.
Kapethik tanpa owah-owahan saka sastra.org
[Dongèng Sato Kewan, Wintêr, 1923]
[Dongèng Sato Kewan, Wintêr, 1923]
Source: http://www.kawuryan.com/?p=1249
Tidak ada komentar:
Posting Komentar