Singabarong lan Tikus
Anuju sawijining dina ana singabarong
lagi turu. Anuli ana tikus siji, wani-wani colat-colot ing sakiwa
têngêne. Singabarong tangi, tikus didêmak, sumêdya dipatèni amarga
saking kumawanine, ananging banjur kèlingan sarèhning
dadi ratuning bêburon, yèn anibakna pamalês marang buron kang sapele
mangkono, amasthi bakal ora misuwur bêcik, tikus anuli diuculake.
Êlêt
sapasar ing nalika singabarong golèk mangsan, kêna ing pasangan
jaringing jaringing grêma. Sanajan linuwih ing karosan sarta budi
sarosa, ora bisa mêtu saka ing jaring. Banjur anggêro mêmêdèni, swarane
ngèbêki alas lan ara-ara. Ing saiki sapa kang bakal têtulung marang
ratuning alas, tikus enggal lumayu sumêdya atêtulung, banjur anacah
jaring, ora antara suwe singabarong bisa mêtu.
Êliding dongèng mangkene: wong urip iku
têrkadhangan butuh marang pitulunging wong kang luwih asor, mulane iku
prayoga ditêpungi bêcik.
Kapethik tanpa owah-owahan saka sastra.org
[Dongèng Sato Kewan, Wintêr, 1923]
Source:
http://www.kawuryan.com/?p=1243
Tidak ada komentar:
Posting Komentar