V Sepi ing pangangkah kebak ing panembah
Ing bawarasa kang kaping IV iki, Sri
Kresna nedya mbabaraké wejangan bab panembah manut piwulang kuna, kang satemené
uga tinemu ing wulang agama-agama kang pada kita rungkepi ing saiki, mung
carané enggoné medaraké baé kang béda, mawa tetembungan lan pepindan kang ora
gampang tinampa lamba.