Kamis, 14 November 2013

Janturan Jangkep Wayang Purwo

ATUR PANGIRING

     Assalamu’alaikum Wr. Wb.
     Kawula nuwun, anggen kula ngrumpaka serat pedhalangan mligi ngewrat Janturan dalah Kocapan punika, estining manah tumut anyengkuyung ngrembakaning kagunan Jawi sambetipun ing babagan janturan tuwin kocapan ingkang kamot wonten Jagading seni pedhalangan.
     Pandhapuking serat punika mugi sageta asung pambiyantu dhumateng para siswa ing pawiyatan pedhalangan, para calon dhalang menapa dene para dhalang piyambak, ing pangajab kenginga kangge nambah bobot tuwin prabot pakeliran, sumarambah kagunen kawruh pedhalangan anggenipun sami nindakaken kewajiban handhalang.
     Karthi linambaran budi luhur murih tetep sentosa saka guruning kagunan Jawi, sarta punika dadosa pandam gegebenganing para dhalang anggenipun mbabar cariyos ing kelir, satemah niat hamarsudi saha nglestantunaken budaya Jawi wonten ing jagading globalisasi manoke sayektos mboten gampil kagiwang utawi kengguh budaya manca inkang racak cengkah kaliyan kapribaden bangsa kita.
     Kula pitados bilih serat pedhalangan Janturan lan kocapan punika mboten sempurna, pramila kasumanggakaken paradhalang anggenipun nambah, kajumbuhaken kaliyan kawontenan. Semanten ugi panyaruwe murih janturan lan kocapan punika saget maremaken, tansah kula tengga. amargi uruning pemanggih amrih sampurnaning serat punika badhe kula tampi tangan kalih.
     Pinutuping atur, mugi-mugi serat janturan lan kocapan punika migunani dhumateng para calon dhalang, kanthi jurung pamuji anggenipun sami lelumban wonten jagading seni pedhalangan saget tambah wiyar tebanipun. Nuwun.
       Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Sukoharjo, Januari 2003
Pangripta

BONDHAN HARGANA SW



DAFTAR ISI
13. Gapuran
52. Satriya Teteki

3 komentar:

  1. Matur nuwun mas Bondhan.. Mugi saya ngrembaka budaya adiluhung ringgit purwa.. Salam budaya

    BalasHapus
  2. Mugia saged nyengkuyung murih ngrembaka tuwin lestantunipun ringgit purwa.

    BalasHapus