Kamis, 24 Mei 2012

Kidung Sukmo XI - Ringkasan Bhagawadgita

XI Reringkesan wejangané Sri Kresna


Piwulang luhur kang wis diwejangaké déning Sri Kresna marang Arjuna kamot ing “Bhagawad Gita” kaya kang wis kaaturaké ing ngarep mau kabéh, yén diprinci sarta diandaraké nganggo tetembungan prasaja lan tanpa pralambang, reringkesané kurang luwih kaya mengkéné:

Senin, 21 Mei 2012

Kidung Sukmo X - Manunggaling kawulo lan Gusti

X Panunggal sarana kamardikan saka seleh.

Bawarasa kang kaping XV, isiné isih nedya mikukuhi katerangan bab kapribadéné Ingsun, nanging nganggo sarana istilah anyar, yaiku Purusa. Réhné uga wigati tumrap undaking kamantepan lan keyakinan, mula kita pacak, kidung kaping 16 nganti 20 iki :

Jumat, 18 Mei 2012

Kidung Sukmo IX - arti kuda pada kereta krisna

IX Prasemoné jaran telu kang nggéréd kréta.

 Ing bawarasa kang kaping XIII, Sri Kresna mindakaké badan wadag kadidéné pategalan, déné Sukma Sejati kadidéné kang ndarbéni lan meruhi. Kidung kang kamot ing pérangan iki sejatiné ora banget-banget bédané karo wejangan-wejangan kang wis kepungkur. Mung nedya ngantepaké wigatiné Roh kang dumunung ana ing angganing manungsa, déné pategalan mung saderma dadi panggonan nenandur, kang kudu diupakara kanthi becik.

Senin, 14 Mei 2012

Kidung Sukmo VIII - sembah bhakti

VIII Panembah kang muhung karanan panembah.


Saka wigatiné nerangaké nganti tapis bab kahanané Ingsun kang merlokaké pepindan rupa-rupa, - ing bawarasa kang kaping X, Sri Kresna isih nutugaké paring pangandika bab kang wigati mau. Réhné katerangané mau sejatiné akéh kang pada baé karo apa kang wis diwedaraké ing pérangan kaping IX, mula ing kéné iya mung kita aturaké pokoké baé :


Jumat, 11 Mei 2012

Asal Usul Wayang di Indonesia

Kidung Sukmo VII - siapa yang disebut Tuhan


VII Sapa kang diarani ingsun iku?


Ngudi kasampurnan iku pancén ora gampang, akéh banget bégalané. Tataran kang wiwitan : merangi kekarepan lan indriya kang asor baé, wis dipralambangi déning rangu-ranguné Arjuna enggoné nedya nyirnakaké Kurawa. Abot banget linakonan, marga wis kadung mbalung sungsum, wis kadung kérem ing pekareman. Mula akéh banget pangudi marang kasampurnan kang gagal, kang kandeg setengah ndalan.

Sabtu, 05 Mei 2012

Kidung Sukmo V - Sepi ing pamrih - rame ing gawe

V Sepi ing pangangkah kebak ing panembah

Ing bawarasa kang kaping IV iki, Sri Kresna nedya mbabaraké wejangan bab panembah manut piwulang kuna, kang satemené uga tinemu ing wulang agama-agama kang pada kita rungkepi ing saiki, mung carané enggoné medaraké baé kang béda, mawa tetembungan lan pepindan kang ora gampang tinampa lamba.

Kamis, 03 Mei 2012

Kidung Sukmo IV - 2 jalan mencapai kebahagiaan

IV Dalan loro kanggo anggayuh karahayon

Wis kita aturaké wedarané bawarasa kang kapindo ing pérangan kang wekasan, yén kanggo anggayuh katentreman, luwih disik kudu bisa merangi ubaling pancéndriya. Apa kang sinebut ubaling pancéndriya, uga wis kaaturaké, yaiku dumadi saka kekarepan lan pepénginan kuwadagan kang ora langgeng, sabangsané ma lima utawa ma saptabaya, main, minum, mangani, madon, maling, maoni lan madat. Nanging uga mengku wewatakan-wewatakan asor kang memalangi tindak utama, yaiku : méri, drengki, sréi, jail, pitenah, nepsu, murka, seneng muring-muring, lan sapituruté.