Senin, 30 April 2012

Kidung Sukmo III - Jalan Kebahagiaan

III Dalan tumuju marang katentreman

Wiwit ing pérangan kang bakal kaandaraké iki, Sri Kresna murwani mejang bab sepira bebayané ubaling pancéndriya tumrap panembah marang Kang Maha Agung. Pepénginan sarta kekarepan kan katrem marang babagan kang ora langgeng, yén iki wis bisa disirnakaké, - aran kang wis tetep pikiré, wis santosa sarta wicaksana.

Kamis, 26 April 2012

Kidung Sukmo II - Keabadian Roh / Jiwa

II Sukma Utama Roh Iku Anane Langgeng

Kang disik, Sri Kresna nerangaké marang Arjuna, yén kang aran wong mati iku sejatiné mung ragané baé kang mati, nanging Jiwané ora bakal mati. Mula saka iku bab bakal patiné para kadang Kurawa ana ing sajroné paprangan, ora perlu disedihaké, ora perlu diprihatinaké. Ing kéné Sri Kresna banjur medar falsafat Hindu kang ngyakinaké anané tumimbal lahir utawa panitisan, kang ing bab iki kena diengga lelimbangan tumrap para pangudi kawruh kasampurnan.
Mangkéné wiwitané wangsulané Sri Kresna :


Selasa, 24 April 2012

Kidung Sukmo 1 - Bhagawad Gita



I.
PEPINDAN ABOTE WONG AREP NINGGALAKÉ PAKAREMANÉ

Kaya kang pada dikawuningani, dumadiné wejangan Bhagawad Gita utawa Kidung Sukma iku rikala Arjuna arep umangsah perang Bharatayudha. Bareng tekan tengah-tengahing barisan antarané barisan Pandawa lan Kurawa, pirsa yén ing barisané mungsuh tinemu para kadangé déwé, para sanak lan guruné, - Arjuna banjur ngalumpruk, ilang dayané. Sri Kresna kang ngusiri kréta perang, banjur paring wejangan kang supaya Arjuna éling kuwajibané satriya, pulih daya kekuwatan lan semangaté. Iya wejangan iki kang diarani Kidung Sukma.

google-site-verification: google2c7a2fbb1f9e73e4.html

Senin, 23 April 2012

KIDUNG SUKMO


Ing jamané alam nedya bali marang kapribadén nasional, aapa ora prayoga yén kita déwé njarwakaké lan mbabar manéh “Bhagawadgita” kang laras karo jiwa kapribadén kita déwé ?

Marga isiné Bhagawadgita pancén béda karo buku-buku liyané, bédané saka duwuring ngélmuné, saka wingiting kekerané, saka adiluhungé kawruhé. 


Minggu, 08 April 2012

KRATON JAWA - Pendahuluan


KRATON JAWA - Pendahuluan
S
elama ini kraton memiliki fungsi yang strategis dan penting dalam pembangunan karakter bangsa dan juga menjaga jati diri budaya luhur bangsa kita. Kota Yogyakarta dan Solo yang bersejarah di Jawa Tengah, merupakan dua kota yang sangat penting peranannya dalam perkembangan kebudayaan Indonesia. Dua Kraton utama, Surakarta Hadiningrat dan Ngayogyakarta Hadiningrat ditambah dua keraton lainnya, Puro Mangkunegaran dan Puro Pakualaman, merupakan contoh terbaik dari peninggalan sejarah bangsa, yang kita banggakan untuk dapat menjaga kelestarian budaya bangsa yang adiluhur tersebut.