Rabu, 05 Desember 2012

Mantra Sahadat Panatagama

Mantra sahadat panatagama.

Sahadat panatagama, minta salamun, Allah kang basuki, Allah kang suci, Allah Bok rara Supiyah, lakinira menyang ngendi, késah perang, sanguné niyat keris bener, tumbak bener, adegé sajatining urip, tungganganku jaran napas, lungguhé ana ngesir, sanggawediné pamancadé iman, kendaliné santosaning iman, cumethiné kedèping iman, lapaké kang nyangga raga, suksma wesi pura sani, dalamnu metu ngendi, metu tepsiring Allah, alarah cahyaning Allah, sing nunggang titiyang agung kitab Kur’an payung kula, tawapmur Nabi Waliolah buminé Nabi panutup.

Lakuné ngebleng 3 dina 3 bengi, wiwité dina Slasa Kliwon. Mantra diwaca yèn arep mangkat perang, sarta yèn methukaké mungsuh lan yèn wus campuh perang.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar