Sabtu, 15 Desember 2012

Mantra ngirup bandha (2)

Mantra ngirup bandha (2)

Salalahu ngalaihi wasalam. Malaékat Aruman, kumpulna sadulurmu kabèh, arep ingsun kongkon.

Mantra mangkono iku di waca saben jam 12 bengi ngadeg ana ing latar sangareping lawang karo tumenga mandhuwur, sawisé rampung pamacané banjur tumungkul mangisor.


Sawisé banjur madhep mengétan karo matek mantra : sadulurku ing mbang wétan, nu putih rupané, bukaken godhongku, jupuken inten barléan jumeruté lan liya-liyané, caosna maringsun.
Nuli madhep mangidul karo matek mantra : Sadulurku ing mbang kidul, nu abang rupané, bukaken godongku jupuken busanaku kang bangsa wastra, caosna maringsun.

Nuli madhep mangulon karo matek mantra : sadulurku ing mbang kulon, nu kuning rupané, bukaken gedhongku, jupuken salaka mas kencana mulya, caosna maringsun.

Nuli madhep mangulon karo matek mantra : sadulurku ing mbang lor, nu ireng rupané, bukaken gedhongku, jupuken sawarnané kang bangsa tanem tuwuh kang dadi daharanku, caosna maringsun. Banjur tumenga manduwur, muni : bapa akasa, nyuwun sinembadan. Banjur tumungkul mangisor, muni : ibu pertiwi, nyuwun enggal kalakoné.

Lakuné pasa 40 dina, kenané mangan mung sapisan saben jam 12 bengi, wiwité pasa dina Slasa Kliwon. Mangané sawisé mantra ana ing latar mau. Kajaba iku sawisé tutug puwasané 40 dina, banjur katerusaké nglowong 3 dina 3 bengi (ora kena mangan lan ngombé 3 dina 3 bengi ana sajroning kamar ora kena metu). Sajroné nglowong 3 dina 3 bengi, mung meneng baé, aja nganti nggagas apa-apa, lan ora maca mantra maneh, tetep meneng.

Panyuwunan mau yèn wus kasembadan tinarima, ing saben dina wetoné kudu slametan, meruhi saduluré papat kalima pancer lan saduluré kabèh kang katon lan ora katon, kang karawatan lan ora karawatan, liya-liyané. Rupané slametan : sego golong, jenang abang putih, baro-baro, jajan pasar. Ing wayah bengi malem dina wetoné, manjer dhiyan lenga Jawa, disajèni gantal, kembang setaman, suruh ayu, gedang ayu, slawaté duwit sakarepé. Lan aja lali kudu petel sregep ing gawé sarana ati jujur lan suci.

Tagesé gantal, lintingan suruh kang kanggo balangan pangantèn yèn katemokaké. Kembang setaman, sawarnaning kembang; mawar, melati, kenanga, kantil lan liya-liyané, warna 5 wis cukup. Suruh ayu, suruh kang kuning. Gedang ayu, gedhang raja kang tuwa.

1 komentar:

  1. salam kenal mas arya,
    perkenalkan saya alfianto dari semarang
    mohon maaf .. mau tanya .. mas memperoleh amalan malaikat aruman dari guru siapa mas ?
    kebetulan literatur saya sama mas arya juga malaikat aruman .. mohon infonya .. sebagai penambah tali silaturahmi .. terima kasih sebelumnya ..

    BalasHapus