Minggu, 09 Desember 2012

Mantra Golek Butuh

Mantra golèk butuh.

Alahuma muntiktoha, ya hu alahu.

Lakuné mutih 3 dina 3 bengi 1an patigeni sadina sawengi. Yen wis rampung tirakaté, banjur njawab marang kang arep diutangi, nanging anggoné mara njawab utang, kudu milih dina : Akad Pon, Senén Kliwon, Slasa Paing, Rebo Wagé, Kemis Paing, Jumuah Wagé, utawa Setu Legi. Pilihen salah siji saka dina iku. Saupama anggoné arep jawab utang ing dina Akad Pon, tirakaté wiwitana ing dina Kemis Kliwon. Dadi tirakaté jangkep 3 dina, dina panjawab (nembung) utang wus rampung tirakaté. Déné mantrané diwaca wiwit mangkat saka ngomah nganti tekan omahé wong kang arep diutangi.
Insa’alah olèh pitulungan lan gampang anggoné nyaur utangé.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar